Yeremia 51:47-5; Jabur 66:1-9; II Korinta 8:1-7
ASMANIPUN GUSTI ALLAH: “MAHAKAWASA”
“… amargi saking agunging panguwaos Paduka, mengsah Paduka
temah sami teluk, … dhumateng Paduka.”
(Jabur 66: 3)
Gusti Allah punika ugi kasebat Mahakawasa. Jangkepipun, Kawula pitados dhateng Allah Sang Rama, ingkang Mahakawasa. Wonten ing Kitab Suci, cetha sanget bilih Mahakawasanipun Gusti Allah sanes satunggaling piwulang ingkang namun awujud tetembungan, sanes pangawasa ingkang sawenang-wenang, abab Mahakawasanipun Gusti Allah kabuktekaken wonten ing gesangipun para kagunganipun.
Juru Masmur nelakaken ukara ingkang ngiyataken kula lan panjenengan sedaya. Dipun serat, “… amargi saking agunging panguwaos Paduka, mengsah Paduka temah sami teluk, ….” Punika temtu nelakaken kadospundi kuwaosipun Gusti Allah punika ageng sanget, ananing mboten namun ageng, panguwaosipun Gusti Allah ugi agung satemah para mengsahipun sami teluk mboten anggadahi daya. Panguwaosipun Gusti Allah punik agung awit pancen namung awit saking panguwaosipun Gusti Allah sedaya mengsah-mengsahipun sami ajrih, sami teluk. Tiyang ingkang wedi-asih dhumateng Gusti Allah punika temtu prayoginipun lajeng ngrubah panggesanganipun. Sikep punika pancen nedahaken ajrih, ajrih supados Gusti Allah sampun ngantos duka. Ananing wedi-asih dhumateng Gusti Allah punika kedah dipun wujudaken kanthi sikep kurmat dhumateng Gusti Allah ingkang Mahakuwaos. Temtu benten sikep ajrih kaliyan wedi-asih dhumateng Gusti Allah. Bilih namung ajrih mesti sesambetanipun mboten sae, ananing bilih wedi-asih mirungganipun dhumateng Gusti Allah mesthi sesambetanipun lajeng langkung caket lan langkung pitados bilih Gusti Allah punika ingkang Mahakawasa ingkang saged nindakaken samudayanipun, ugi saged maringi kawilujengan lan kasaenan wonten ing panggesangan kula lan panjenengan.
Lajeng wonten ing panggesangan padintenan punapa taksih dipun kuwaosi raos ajrih? Sumangga, kanthi raos manteb sangsaya pitados dhumateng Gusti Allah ingkang saged maringi samudayanipun wonten ing gesang kula lan panjenengan. Gusti mberkahi. Amin. |*AK