Ayub 24:1-8; Jabur 25:11-20; Yakobus 2:1-7 GUSTI YESUS PUNIKA GUSTI ALLAH “… wong kang pracaya marang Gusti Yesus Kristus, Gusti kita kang Mahamulya, …” (Yakobus 2:1) Gusti Yesus pancen mboten kanthi cetha nelakaken wonten ing Kitab Suci bilih “Panjenenganipun punika Gusti Allah”. Ananing punika mboten lajeng ateges bilih Gusti Yesus boten nelakaken bilih Panjenenganipun punika Gusti Allah. Contonipun wonten Yokanan 10:30, “Aku lan Sang Rama iku siji”. Kados-kados Gusti Yesus mboten ngakeni bilih Panjenenganipun punika Gusti Allah. Satunggaling muridipun Gusti inggih punika Tomas matur, “Dhuh Gusti kawula, Allah kawula!” lan Gusti Yesus mboten nampik perkawis punika. Mila cetha bilih saestunipun Gusti Yesus punika Gusti Allah piyambak ingkang pantes dipun sembah. Wonten ing bab sakderengipun, Yakobus nyerat supados para tiyang pitados ingkang maos seratipun sami saestu pitados dhumateng Gusti Allah. Nas dinten punika nandhesaken ngengingi tiyang pitados ingkang sajati punika tiyang ingkang pitados dhumateng Gusti Yesus Kristus, awit Panjenenganpun Gusti kita ingkang Mahamulya. Perkawis punika nelakaken bilih Gusti ingkang Mahamulya punika saged nyawisaken sedaya ingkang kula lan panjenengan betahaken saben dinten salami-laminipun. Bilih kula lan panjenengang pitados Gusti Yesus punika Gusti Allah ingkang Mahamulya, lajeng kenging punapa kedah mangu-mangu lan mentingaken dhiri pribadi?. Mesti wonten pangajeng-ajeng. Nas dinten punika badhe maringi pepenget bilih sampun ngantos tumindak minangka tiyang Kristen mboten cundhuk kaliyan kapitadosan dhumateng Gusti Yesus. Wonten ing tutuk nelakaken pitados dhumateng Gusti Yesus ingkang Mahamulya Ingkang saged maringi sedayanipun ananing panggesanganipun taksih mangu-mangu lan mentingakne dhiri pribadi, punika sikep ingkang saestunipun mboten pantes dipun gadhahi dening tiyang pitados. Lajeng kadospundi kula lan panjenengan samangke, punapa taksih mentingaken dhiri pribadi, kamangka pitados dhumateng Gusti Yesus ingkang Mahamulya? Sumangga nuladha tindak gesangipun Sang Kristus. Gusti mberkahi. Amin.|*AK
Ahad, 13 Juli 2025 Minggu Limrah
Pangandharing Toret 30:9-14; Jabur 25:1-10; Kolose 1:1-14; Lukas 10:25-37 GUSTI YESUS SANG GURU “… Guru, punapa ingkang kedah kula lampahi, amrih kula angsal gesang langgeng?” (Lukas 10:25) Wonten ing Kitab Suci, Gusti Yesus asring dipun sebat Guru (Rabbi). Wonten ing Yokanan 13: 13 malah dipun tandhesaken bilih Panjenenganipun punika Guru lan Gusti. “Kowe padha nyebut Aku Guru lan Gusti, lan panyebutmu iku wus bener, awit Aku iki pancen Guru lan Gusti.” Amargi Panjenenganipun punika Guru lan Gusti, mila minangka para muridipun ugi kedah nuladha Panjenenganipun. Tegesipun inggih punika, sedaya pamikiran, sikep dan gesang padintenan namung nuladha saking Gusti Yesus kemawon. Satunggaling kasunyatan ingkang kedadosan miturut nas dinten punika inggih punika pranyata ahli Toret matur “Guru” kanthi kebak pakurmatan, senadyan dipun serat “… ana ahli Toret ngadeg sumedya nyoba marang Gusti Yesus…”. Lan Gusti Yesus ugi paring wangsulan kanthi pitakenan ugi. Malah Gusti Yesus ugi sarujuk kaliyan wangsulanipun ahli toret punika. Punapa ingkang dipun serat “… ana ahli Toret ngadeg sumedya nyoba marang Gusti Yesus…” ketingalipun mboten dipun anggep dados pacoben saking ahli Toret dening Gusti Yesus. Gusti Yesus minangka guru ingkang dipun sebat ahli toret dados satunggaling bukti bilih Gusti Yesus benten kaliyan guru-guru Yahudi sanesipun. Benten karana piwucalipun punika sinartan kaliyan kuwaosipun. Lan benten ugi karana Gusti Yesus punika dipun utus saking Sang Rama. Gusti Yesus punika punapa guruning kawilujengan? Bok bilih kula lan panjenengan nate mireng tembung punika. Ananing pranyata benten tegesipun. Kula lan panjenengan pancen asring ngangsu kawruh saking Gusti Yesus lumantar sedaya piwucalipun wonten ing Kitab Suci lan Injil, contonipun kados angger-anggering katresnan, bab ndedonga lsp. Kula lan panjenengan rumaos remen sanget lan nampi panglipuran nalika sinau bab punika. Gusti Yesus punika sanes guruning kawilujengan ingkang namung mucal bab kawilujengan, lan namung nedahaken margi supados saged wilujeng. Gusti Yesus punika Sang Juruwilujeng piyambak. Panjenenganipun ingkang maringi kawilujengan. Sumangga, nalika ngakeni Gusti Yesus punika Sang Juruwiljeng, kanthi iman lan kapitadosan bilih Panjenenganipun saged maringi sih-rahmat kawilujengan ingkang langgeng lumantar pangorbananipun. Gusti mberkahi. Amin.|*AK
Setu, 12 Juli 2025 Minggu Limrah
Kaimaman 19:1-4, 32-37; Jabur 25:1-10; Yokanan 3:16-21 GUSTI YESUS SANG JURU WILUJENG “Sabab Gusti anggone ngutus Kang Putra ngrawuhi jagad iku … supaya mitulungi rahayu marang jagad.” (Yokanan 3:17) Kula lan panjenengan minangka titahipun Gusti Allah temtu sampun mangertos bilih manungsa katitahaken miturut gambar lan citranipun Gusti Allah, ingkang tegesipun: manungsa katimbalan neksekaken utawi ambabaraken wonten ing panggesanganipun ing saben dinten “caranipun Gusti Allah gesang”. Nanging manungsa mboten saged netepi timbalan wau, malah mbalila, madeg allah piyambak. Amargi saking punika bumi dalah saisinipun kenging ing ipat-ipatipun Gusti Allah. Panggesanganipun manungsa sangsaya dangu sangasaya tebih saking Gusti Allah. Mila manungsa mboten saged milujengaken badanipun piyambak. Nas dinten punika nelakakan punapa tujuanipun Gusti Yesus Kristus rawuh ing donya punika. Inggih punika maringi kawilujengan dhateng manungsa. Punika wujud katresnanipun Gusti Allah dhateng manungsa. Bok bilih kathah tiyang ingkang sami nganggep bilih Gusti Allah punika minangka Gusti ingkang siyap maringi paukuman awit manungsa punika titah ingkang mbalila dhumateng Gusti Allah. Nalika nas punika dipun raos-raosaken temtu dados pawartos ingkang nengsemaken manah. Mugi-mugi sangsaya kathah tiyang pitados ingkang nampi sabdanipun Gusti Allah kanthi saestu lan pitados kaliyan punapa ingkang dipun ngendikakaken Gusti Yesus lan mesthi sampun kathah tiyang ingkang saged nglampahi panggesanganipun kanthi kebak ing kabingahan. “Sabab Gusti anggone ngutus Kang Putra ngrawuhi jagad iku ora supaya ngadili marang jagad, nanging supaya mitulungi rahayu marang jagad.” Nas dinten punika nerasaken salah satunggaling ayat ingkang kondhang wonten ing Kitab Suci. “Awitdene Gusti Allah anggone ngasihi marang jagad iku nganti masrahake Kang Putra ontang-anting, supaya saben wong kang pracaya marang Panjenengane aja nganti nemu karusakan, nanging nduwenana urip langgeng.” Sahadat klih welas perangan kaping 2-7 punika ngemot pengaken bab Gusti Yesus lan pakaryanipun. Inggih punika pakaryanipun ingkang kangge milujengaken para tiyang ingkang pitados. Sumangga, minangka tiyang ingkang sampun nampi kawilujengan kula lan panjenengan sami nglampahi gesang kanthi kebak kabingahan lan raos sokur. Gusti mberkahi. Amin.|*AK
Jemuwah, 11 Juli 2025 Minggu Limrah
Purwaning Dumadi 41:37-49; Jabur 25:1-10; Lelakone Para Rasul 7:9-16 SIH RAHMAT PANGANTHINIPUN GUSTI ALLAH “… Apa iya kita bisa nemu wong kang kadunungan Rohing Allah kaya iki?” (Purwaning Dumadi 41:38) Perangan kaping 8 ngantos dumugi 12 ing Sahadat Kalih Welas nelakaken pengaken ingkang ngengingi Sang Roh Suci lan pakaryanipun. Dene Pakaryanipun Sang Roh Suci inggih punika matrapaken wohing pakaryanipun Sang Kristus dhateng para tiyang ingkang pitados, ngantos para tiyang wau saestu saged sami ngraosaken kawilujengan. Mirungganipun perangan kaping 8 saking sahadat wau mungel: Kawula pitados dhateng Sang Roh Suci. Wonten ing Prajanjian Lami tembung ingkang kangge nyebut roh punika ruah. Kados punapa ingkang dipun serat ing nas dinten punika, “Rohing Allah” ugi ginakaken tembung ruah. Wantahipun tembung ruah ateges: ebahing hawa, mila ruah inggih ugi ateges: angin, prahara. Ing sarehning manawi tiyang ambegan mahanani hawa ingkang wonten ing ngajengipun kedher, ebah-ebah, mila tembung ruah ugi ateges: napas. Mboten saged dipun selaki bilih ambegan murugaken tiyang gesang. Amargi saking punika tembung ruah, ingkang ateges napas wau, lajeng dipun tegesi: ingkang anggesangi, dhasaring gesang, nyawa, malah ugi manah. Kados mekaten riwayatipun tembung ruah, ingkang gadhah teges rupi-rupi: hawa, angin, nyawa, manah, lan taksih wonten sanesipun malih. Mila nalika Yusuf dipun sebat “… kadunungan Rohing Allah …” nelakaken bilih ingkang nyagedaken Yusuf punika namun Gusti Allah kemawon, sanes karana pangertosanipun Yusuf pribadi. Punapa ingkang kedadosan punika satemah ndamel Sang Prabu Pringon gumun, lan malah mbuktekaken bilih Gusti Allah mesthi nganthi panggesangan umatipun lumantar cara ingkang mboten miturut pangertosan manungsa. Punika wujud katresnanipun Gusti Allah. Kawula pitados dhateng Sang Roh Suci. Punika pangaken pitados kula lan panjenengan. Sang Roh Suci punika temtu Allah piyambak ingkang nganthi panggesangan kula lan panjenengan senadyan wonten ing lelampahan gesang punika kathah perkawis ingkang nggegirisi. Ananing linandhesan pengaken pitados punika kula lan panjenengan kedah tetep pitados bilih Gusti Allah punika mesthi kagungan rancangan ingkang paling sae. Sumangga, nalika ngikraraken Pengaken Pitados Rasuli punika kanthi saestu yakin bilih Gusti Allah mesthi nganthi kanthi kasaenanipun. Gusti mberkahi. Amin.|*AK
Kemis, 10 Juli 2025 Minggu Limrah
Purwaning Dumadi 41:14-36; Jabur 25:1-10; Yakobus 2:14-26 ALLAH SANG RAMA, MAHAKAWASA LAN SETYA “Paduka mugi enget dhateng ing sih-palimirma sarta kadarman Paduka, awit punika sadaya sampun wonten wiwit ing jaman purwa mila.” (Jabur 25: 5-6) “Kawula pitados dhateng Allah Sang Rama, ingkang Mahakawasa, Ingkang nitahaken langit lan bumi”. Mekaten isinipun pengaken pitados rasuli. Adhedhasar punapa ingkang sampun dipun raos-raosaken sak derengipun, tiyang Kristen punika ngakeni bilih Gusti Allah ingkang jumeneng Ramanipun, Ingkang Mahakawasa, Ingkang nitahaken langit lan bumi, mesthi ngrimati gesangipun, sacara jasmani lan ugi sacara rohani. Nas dinten punika nandhesaken tigang perkawis: Pengaken ingkang kados mekaten punika tumraping para pitados dados satunggaling panglipur. Awit punika nelakaken kadospundi Gusti Allah sampun mbelani umatipun. Mila kula lan panjenengan sampun ngantos sami was-was, mangu-mangu tumraping kasetyanipun Gusti Allah. Nalika ngucapaken pengaken pitados rasuli punika katindakaken kanthi raos sokur lan pitados bilih Gusti Allah punika ingkang nresnani kula lan panjenengan. Gusti mberkahi. Amin. |*AK
Rebo, 9 Juli 2025 Minggu Limrah
Yusak 23:1-16; Jabur 119:73-80; Lukas 10:13-16 PANGRUKTINIPUN GUSTI ALLAH “Sang Yehuwah Gusti Allahmu piyambak kang bakal nundhungi para bangsa mau ana ing ngarepmu lan nglungakake saka ing ngarepmu, temah kowe padha bisa ngejegi nagarane kaya kang wus diprasetyakake dening Sang Yehuwah Allahmu marang kowe.” (Yusak 23:5) Wonten ing Kitab Suci dipun pratelakaken kanthi cetha, bilih Gusti Allah mboten namung nitahaken alam donya, nanging Panjenenganipun ugi ngrimati, ngantos alam donya saisinipun, sanadyan kathah ingkang pejah lan sirna, ewadene lestantun wonten ngantos sapriki. Sampun mataun-taun kelampahan wiwit bangsa Israel lumebet dhateng Kanaan nalika dipun pimpin Yusak, lan bangsa Israel sampun nelukaken mengsah-mengsahipun satemah samangke saged ngaso saking sedaya mengsahipun (23:1). Awit saking yuswanipun Yusak ingkang sampun sepuh lan sampun kathah yuswanipun, “Umat Israel banjur diklumpukake, bebarengan karo para penggedhe, para pemimpin, para hakim, lan para perwira, dikandhani mangkene, Aku saiki wis tuwa banget” (23:2). Lajeng piyambakipun ngendikakaken ngengini kasetyanipun Gusti Allah lan ngengetaken supados umat Israel kedah tansah setya dhumateng Gusti Allah lan mbangun turut dhumateng sabdanipun, bilih mboten mesthi badhe aben-ajeng kaliyan perkawis ingkang nggegirisi. Intinipun Bab 23 inggih punika badhe ngengetaken kasetyanipun Gusti Allah dhateng Israel wonten ing lelampahanipun bangsa Israel. Mila nas dinten punika nandhesaken kadospundi Gusti Allah tetep setya ngrukti lan ngamping-ngampingi lelampahanipun bangsa Israel temtunipun gesang kula lan panjenengan ugi Saking pengalamanipun bangsa Israel cetha bilih Gusti Allah mboten namung ngrimati lan nglestantunaken wontenipun alam donya, nanging Panjenenganipun ugi ngrimati lan nglestantunaken gesangipun manungsa. Peksi-peksi ing awang-awang ingkang mboten nyebar lan mboten derep, serta mboten tetandho wonten ing lumbung, sami kaparingan tedhanipun dening Sang Rama. Lajeng samangke kadospundi kula lan panjenengan nglenggana lan ngraos-raosaken pangruktinipun Gusti Allah ingkang tansah kebabar wonten ing gesang padintenan? Sumangga dipun raos-raosaken. Gusti mberkahi. Amin.|*AK
Slasa, 8 Juli 2025 Minggu Limrah
Yeremia 8:4-13; Jabur 119:73-80; Lelakone Para Rasul 19:28-41 PAMBALILANIPUN MANUNGSA “Yagene bangsa iki mungkur, mungkur terus? Padha nekad laku cidra, lumuh mratobat.” (Yeremia 8:5) Manungsa minangka titahipun Gusti Allah punika kawontenanipun winates. Kekiranganipun manungsa inggih punika namung nurut kaliyan pikajengipun piyambak. Wonten ing Purw. Dum. 2: 17 Gusti Allah Paring Dawuh dhateng manungsa, sampun ngantos nedha wohing panitikaning sae lan awon,awit sawanci-wanci manungsa nedha woh wau mesthi pejah. Ananging Purw. Dum. 3: 1-7 nyariosaken bilih manungsa mboten mbangunturut dhateng dhawuhipun Gusti Allah. Punika salah satunggaling wujud pamabalilanipun manungsa. Waosan dinten punika nelakaken bilih Gusti Allah sampun paring dhawuh dhateng Yeremia supados nglantaraken pangandikanipun Gusti, “Yagene bangsa iki mungkur, mungkur terus? Padha nekad laku cidra, lumuh mratobat.” Tiyang-tiyang wonten ing jaman Yeremia sampun mungkur saking Gusti Allah, lan sami nampik kangge mratobat, senadyan wonten wekdal kangge mratobat. Para umatipun Gusti Allah saestunipun sami mangertos pundi ingkang sae lan awon. Yeremia ngemutaken bilih nalika tiyang punika dhumawah, mesthinipun kedah enggal menyat malih. Bilih mangertos lumampah wonten ing margi ingkang klenthu, piyambakipun kedah enggal-enggal wangsul malih wonten ing margi ingkang leres. Ananing malah dados kaprihatosan ingkang lebet sanget nalika Yeremia sampun martosaken bab kawilujengan saking Gusti Allah malah para umatnipun mboten purun mratobat malah dipun sebat mungkur lan laku cidra. Punika pambalilanipun manungsa ingkang ugi kasebat manungsa ingkang dhumawah ing dosa ingkang boten saged ambabaraken utawi anggambaraken “caranipun Gusti Allah gesang”. Kula lan panjenengan punika minangka titahipun Gusti Allah pancen winates lan ringkih. Mila prelu nyawisaken wekdal sawetawis kangge ngraos-raosaken karingikihan kula lan panjenengan punika ingkang asring mungkur saking Gusti Allah lan malah laku cidra. Sumangga sami mratobat. Sikep pamratobat ingkang sejati inggih punika nalika panggesanganipun saged ambabaraken utawi anggambaraken “caranipun Gusti Allah gesang” karana kula lan panjenengan punika gambar lan pasemonipun Gusti Allah. Gusti mberkahi. Amin. |*AK
Senen, 7 Juli 2025 Minggu Limrah
Yeremia 6:10-19; Jabur 119:73-80; Lelakone Para Rasul 19:21-27 MANUNGSA: TITAHIPUN GUSTI ALLAH “Asta Paduka ingkang nitahaken saha mangun kawula, ….” (Jabur 119: 73) Kula lan panjenengan minangka titahipun Gusti Allah punapa sampun nglenggana bilih caranipun Gusti Allah nitahaken manungsa benten kaliyan caranipun Gusti Allah nitahaken titah-titah sanesipun? Nalika Gusti Allah nitahaken titah-titah sanesipun, Panjenenganipun namung ngandika, lajeng karana saking pangandika wau samukawis wonten: pepadhang, penthengan, dharatan, surya, rembulan, lintang-lintang, kewan-kewan lan tetuwuhan. Ananging naluka nitahaken manungsa, Gusti Allah migunakaken bahan inggih punika lebuning bumi lajeng dipun sebuli ambeganing gesang, ngantos dados titah ingkang gesang. Punika kawontenan manungsa minangka titahipun Gusti Allah. Ayat nas dinten punika nelakaken kadospundi manungsa minangka titahipun Gusti Allah saged pasrah dhumateng Sang Khalik. “Asta Paduka ingkang nitahaken …”, ukara punika dening juru Mazmur temtu ugi badhe nandhesaken bilih Gusti Allah punika Sang Khalik, lan ugi lajeng ngemutaken manungsa bilih temtu wonten kawajiban dhumateng Gusti Allah awit manungsa punika kabangun dening Astanipun Gusti Allah. Ukara punika kalajengaken “… saha mangun kawula, …”, Punika ngemutaken bilih Gusti Allah ingkang sampun mbangun manungsa ingkang kadhasaran saking Purwaning Dumadi bab 2, ingkang nyariosaken bilih “Sang Yehuwah Allah tumuli akarya manungsa, kang kinarya lebuning bumi (Puw. 2: 7). Ananing kasunyatan ingkang wonten manungsa minangka titah malah nampik Gusti Allah. Kados-kados kawajiban dhumateng Gusti Allah punika kalah kaliyan kawajiban sanesipun. Senadyan manungsa nampik Gusti Allah kanthi mboten nindakaken kawajibanipun minangka titahipun Gusti Allah, manungsan sampun ngantos kesupen bilih tetep anggadahi kawajiban dhumateng Gusti Allah minangka Sang Khalik. Nalika kita sami ngakeni bilih Gusti Allah punika Sang Khalik, kita ugi kedah sumadya manembah lan ngabekti dhumateng Panjenenganipun. Lan ugi pitados bilih Gusti Allah punika kagungan rancangan ingkang sae tumrap kita. Kadospundi kula lan panjenengan minangka titahipun Gusti Allah? Punapa sampun nindakaken kawajiban minangka titahipun Gusti Allah? Sumangga dipun raos-raosaken? Gusti mberkahi. Amin. |*AK
Ahad, 6 Juli 2025 Minggu Limrah
Yesaya 66:10-14; Jabur 66:1-9; Galati 6:(1-6), 7-16; Lukas 10:1-11, 16-20 ASMANIPUN GUSTI ALLAH: “SANG KHALIK” “… He salumahing bumi, surak-suraka kagem Gusti Allah!” (Jabur 66: 1) Wonten ing pungkasaning perangan sepisan saking pengaken pitados rasuli dipun serat, “… ingkang nitahaken langit kaliyan bumi.” Supados langkung cetha, bilih ingkang nitahaken langit kaliyan bumi punika ugi satunggaling Asmanipun Gusti Allah, mila tetembungan wau saged kagantos “Khaliking langit lan bumi.” Miturut Kitab Suci ingkang kawasatanan “langit lan bumi” punika jagad lan saisinipun sedaya. Kolose 1: 16 dipun serat bilih ingkang katitahaken dening Gusti Allah ing jaman kawitan inggih punika samukawis sedaya, ingkang wonten ing bumi, ingkang kasat mripat, lan ingkang mboten kasat mripat, dadosa awujud dhampar, dadosa kaprabon, punapa dene pamarentah lan para pangawasa. Nas dinten punika nelakaken kadospundi Juru Mazmur ngajak sedaya titahipun Gusti Allah memuji dhumateng Gusti Allah awit saking panguwaosipun. Wonten ing sisih sanes ugi nelaksaken Gusti Allah punika pancen pantes nampi pangalembana. Sedaya ingkang wonten ing jagad punika namung dados titahipun Gusti Allah. Mila sampun dados perkawis ingkang limrah bilih sedaya titahipun punika memuji ingkang nitahaken inggih punika Gusti Allah. Punika dados perkawis ingkang wajib, mirungganipun kula lan panjenengan minangka titahipun Gusti Allah ugi kedah tetep memuji Gusti Allah ingkang dados “Sang Khalik” punika. Surak-surak kagem Gusti Allah utawi memuji Gusti Allah dados wujud pakurmatan ingkang inggil ingkang saged dipun pisungsungaken dening para titahipun dhumateng Sang Khalik. Lajeng punapa wujud pepujen kula lan panjenengan mulyakaken Gusti Allah Sang Khalik punika? Punapa namung lamantar kidung pamuji? Temtu mboten. Kula lan panjenengan ngakeni bilih Gusti Allah punika Sang Khalik nalika tansah pasrah lan mboten ajrih senadyan aben-ajeng kaliyan perkawis ingkang awrat. Gusti Allah Sang Khalik mesthi mboten negakaken sedaya titahipun kalebet manungsa. Sumangga, minangka titahipun sangsaya nglenggana karingkihan kula lan panjenengan minangka titahipun lan sangsaya pitados panguwaosipun Gusti Allah Sang Khalik ingkang langgeng ingkang saged maringi pitulungan wonten ing kawontenan punapa kemawon. Gusti mberkahi. Amin. |*AK
Setu, 5 Juli 2025 Minggu Limrah
Zakharia 14:10-21; Jabur 66:1-9; Lukas 9:1-6 GUSTI ALLAH INGKANG PRAKOSA “Iki wewelak kang bakal kadhawahake dening Sang Yehuwah marang sakehe bangsa kang merangi Yerusalem: …” (Zakharia 14: 12) Nalika kita ngakeni bilih Gusti Allah punika Mahakawasa, temtu kita ugi ngakeni lan nglenggana bilih Gusti Allah punika ingkang prakosa lan ingkang kagungan kakiyatan ingkang ageng sanget. Benten kaliyan manungsa ingkang ringkih, winates, kathah kakiranganipun lan mbetahaken pitulunganipun Gusti Allah. Kakiyatan, kasantosan asring dipun gandhengaken kaliyan perkawis ingkang wonten sesambetanipun kaliyan perang, mirungganipun nalika ing jaman Prajanjian Lami. Punapa ingkang dipun serat wonten ing nas dinten punika dados satunggaling bukti bilih Gusti Allah punika nresnani sedaya pasamuwan kagunanipun. Awit Panjenenganipun tansah mbela umatipun nalika kathah mengsah-mengsah ingkang badhe numpes tiyang-tiyang Israel. Gusti Allah kagungan karosan lan nggegirisi tumrap sedaya mengsah-mengsahipun Bangsa Israel. Malah punapa ingkang dipun tidakaken dening Gusti Allah punika mboten saged katampi dening pamikiranipun manungsa. Dipun serat, “… daginge wong-wong bakal dadi bosok ing nalikane isih ngadeg lan mripate bakal mlosoh ana ing growongane, mangkono uga ilate bakal dadi bosok ana ing cangkeme.” Punapa ingkang kedadosan punika mboten nelakaken nalika tiyang-tiyang sami sampun pejah, nanging punika sedaya kedadosan nalika tiyang-tiyang ingkang kasebat mengsah-mengsahipun Bangsa Israel tasih sami gesang malah nalika taksih sami badhe merangi Yerusalem. Nalika dipun angen-angen, perkawis punika dado perkawis ingkang nggegirisi sanget, naning punika bukti bilih Gusti Allah punika prakosa lan mboten saged kasandhingaken kaliyan sanesipun. Nalika kula lan panjenengan sami nucap “Kawula pitados dhateng Allah Sang Rama, ingkang Mahakawasa, …” wonten ing pengaken pitados rasuli, punapa sampun dipun sarengi kaliyan kapitadosan bilih Gusti Allah langkung ageng, langkung kiyat tinimbang sedaya masalah ingkang wonten ing gesang kula lan panjenengan? Sumangga dipun raos-raosaken. Gusti mberkahi. Amin. |*AK
