+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 8 Juli 2025 Minggu Limrah

Yeremia 8:4-13; Jabur 119:73-80; Lelakone Para Rasul 19:28-41

PAMBALILANIPUN MANUNGSA

“Yagene bangsa iki mungkur, mungkur terus?

Padha nekad laku cidra, lumuh mratobat.” (Yeremia 8:5)

Manungsa minangka titahipun Gusti Allah punika kawontenanipun winates. Kekiranganipun manungsa inggih punika namung nurut kaliyan pikajengipun piyambak. Wonten ing Purw. Dum. 2: 17 Gusti Allah Paring Dawuh dhateng manungsa, sampun ngantos nedha wohing panitikaning sae lan awon,awit sawanci-wanci manungsa nedha woh wau mesthi pejah. Ananging Purw. Dum. 3: 1-7 nyariosaken bilih manungsa mboten mbangunturut dhateng dhawuhipun Gusti Allah. Punika salah satunggaling wujud pamabalilanipun manungsa.

Waosan dinten punika nelakaken bilih Gusti Allah sampun paring dhawuh dhateng Yeremia supados nglantaraken pangandikanipun Gusti, “Yagene bangsa iki mungkur, mungkur terus? Padha nekad laku cidra, lumuh mratobat.” Tiyang-tiyang wonten ing jaman Yeremia sampun mungkur saking Gusti Allah, lan sami nampik kangge mratobat, senadyan wonten wekdal kangge mratobat. Para umatipun Gusti Allah saestunipun sami mangertos pundi ingkang sae lan awon. Yeremia ngemutaken bilih nalika tiyang punika dhumawah, mesthinipun kedah enggal menyat malih. Bilih mangertos lumampah wonten ing margi ingkang klenthu, piyambakipun kedah enggal-enggal wangsul malih wonten ing margi ingkang leres. Ananing malah dados kaprihatosan ingkang lebet sanget nalika Yeremia sampun martosaken bab kawilujengan saking Gusti Allah malah para umatnipun mboten purun mratobat malah dipun sebat mungkur lan laku cidra. Punika pambalilanipun manungsa ingkang ugi kasebat manungsa ingkang dhumawah ing dosa ingkang boten saged ambabaraken utawi anggambaraken “caranipun Gusti Allah gesang”.

Kula lan panjenengan punika minangka titahipun Gusti Allah pancen winates lan ringkih. Mila prelu nyawisaken wekdal sawetawis kangge ngraos-raosaken karingikihan kula lan panjenengan punika ingkang asring mungkur saking Gusti Allah lan malah laku cidra. Sumangga sami mratobat. Sikep pamratobat ingkang sejati inggih punika nalika panggesanganipun saged ambabaraken utawi anggambaraken “caranipun Gusti Allah gesang” karana kula lan panjenengan punika gambar lan pasemonipun Gusti Allah. Gusti mberkahi. Amin. |*AK

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *