Yeremia 6:10-19; Jabur 119:73-80; Lelakone Para Rasul 19:21-27
MANUNGSA: TITAHIPUN GUSTI ALLAH
“Asta Paduka ingkang nitahaken saha mangun kawula, ….” (Jabur 119: 73)
Kula lan panjenengan minangka titahipun Gusti Allah punapa sampun nglenggana bilih caranipun Gusti Allah nitahaken manungsa benten kaliyan caranipun Gusti Allah nitahaken titah-titah sanesipun? Nalika Gusti Allah nitahaken titah-titah sanesipun, Panjenenganipun namung ngandika, lajeng karana saking pangandika wau samukawis wonten: pepadhang, penthengan, dharatan, surya, rembulan, lintang-lintang, kewan-kewan lan tetuwuhan. Ananging naluka nitahaken manungsa, Gusti Allah migunakaken bahan inggih punika lebuning bumi lajeng dipun sebuli ambeganing gesang, ngantos dados titah ingkang gesang. Punika kawontenan manungsa minangka titahipun Gusti Allah.
Ayat nas dinten punika nelakaken kadospundi manungsa minangka titahipun Gusti Allah saged pasrah dhumateng Sang Khalik. “Asta Paduka ingkang nitahaken …”, ukara punika dening juru Mazmur temtu ugi badhe nandhesaken bilih Gusti Allah punika Sang Khalik, lan ugi lajeng ngemutaken manungsa bilih temtu wonten kawajiban dhumateng Gusti Allah awit manungsa punika kabangun dening Astanipun Gusti Allah. Ukara punika kalajengaken “… saha mangun kawula, …”, Punika ngemutaken bilih Gusti Allah ingkang sampun mbangun manungsa ingkang kadhasaran saking Purwaning Dumadi bab 2, ingkang nyariosaken bilih “Sang Yehuwah Allah tumuli akarya manungsa, kang kinarya lebuning bumi (Puw. 2: 7). Ananing kasunyatan ingkang wonten manungsa minangka titah malah nampik Gusti Allah. Kados-kados kawajiban dhumateng Gusti Allah punika kalah kaliyan kawajiban sanesipun. Senadyan manungsa nampik Gusti Allah kanthi mboten nindakaken kawajibanipun minangka titahipun Gusti Allah, manungsan sampun ngantos kesupen bilih tetep anggadahi kawajiban dhumateng Gusti Allah minangka Sang Khalik.
Nalika kita sami ngakeni bilih Gusti Allah punika Sang Khalik, kita ugi kedah sumadya manembah lan ngabekti dhumateng Panjenenganipun. Lan ugi pitados bilih Gusti Allah punika kagungan rancangan ingkang sae tumrap kita. Kadospundi kula lan panjenengan minangka titahipun Gusti Allah? Punapa sampun nindakaken kawajiban minangka titahipun Gusti Allah? Sumangga dipun raos-raosaken? Gusti mberkahi. Amin. |*AK