+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 6 Juli 2025 Minggu Limrah

Yesaya 66:10-14; Jabur 66:1-9; Galati 6:(1-6), 7-16; Lukas 10:1-11, 16-20

ASMANIPUN GUSTI ALLAH: “SANG KHALIK”

“… He salumahing bumi, surak-suraka kagem Gusti Allah!

(Jabur 66: 1)

Wonten ing pungkasaning perangan sepisan saking pengaken pitados rasuli dipun serat, “… ingkang nitahaken langit kaliyan bumi.” Supados langkung cetha, bilih ingkang nitahaken langit kaliyan bumi punika ugi satunggaling Asmanipun Gusti Allah, mila tetembungan wau saged kagantos “Khaliking langit lan bumi.”

Miturut Kitab Suci ingkang kawasatanan “langit lan bumi” punika jagad lan saisinipun sedaya. Kolose 1: 16 dipun serat bilih ingkang katitahaken dening Gusti Allah ing jaman kawitan inggih punika samukawis sedaya, ingkang wonten ing bumi, ingkang kasat mripat, lan ingkang mboten kasat mripat, dadosa awujud dhampar, dadosa kaprabon, punapa dene pamarentah lan para pangawasa. Nas dinten punika nelakaken kadospundi Juru Mazmur ngajak sedaya titahipun Gusti Allah memuji dhumateng Gusti Allah awit saking panguwaosipun. Wonten ing sisih sanes ugi nelaksaken Gusti Allah punika pancen pantes nampi pangalembana. Sedaya ingkang wonten ing jagad punika namung dados titahipun Gusti Allah. Mila sampun dados perkawis ingkang limrah bilih sedaya titahipun punika memuji ingkang nitahaken inggih punika Gusti Allah. Punika dados perkawis ingkang wajib, mirungganipun kula lan panjenengan minangka titahipun Gusti Allah ugi kedah tetep memuji Gusti Allah ingkang dados “Sang Khalik” punika. Surak-surak kagem Gusti Allah utawi memuji Gusti Allah dados wujud pakurmatan ingkang inggil ingkang saged dipun pisungsungaken dening para titahipun dhumateng Sang Khalik.

Lajeng punapa wujud pepujen kula lan panjenengan mulyakaken Gusti Allah Sang Khalik punika? Punapa namung lamantar kidung pamuji? Temtu mboten. Kula lan panjenengan ngakeni bilih Gusti Allah punika Sang Khalik nalika tansah pasrah lan mboten ajrih senadyan aben-ajeng kaliyan perkawis ingkang awrat. Gusti Allah Sang Khalik mesthi mboten negakaken sedaya titahipun kalebet manungsa. Sumangga, minangka titahipun sangsaya nglenggana karingkihan kula lan panjenengan minangka titahipun lan sangsaya pitados panguwaosipun Gusti Allah Sang Khalik ingkang langgeng ingkang saged maringi pitulungan wonten ing kawontenan punapa kemawon. Gusti mberkahi. Amin. |*AK

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *