+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 5 Juli 2025 Minggu Limrah

Zakharia 14:10-21; Jabur 66:1-9; Lukas 9:1-6

GUSTI ALLAH INGKANG PRAKOSA

“Iki wewelak kang bakal kadhawahake dening Sang Yehuwah

marang sakehe bangsa kang merangi Yerusalem: …

(Zakharia 14: 12)

Nalika kita ngakeni bilih Gusti Allah punika Mahakawasa, temtu kita ugi ngakeni lan nglenggana bilih Gusti Allah punika ingkang prakosa lan ingkang kagungan kakiyatan ingkang ageng sanget. Benten kaliyan manungsa ingkang ringkih, winates, kathah kakiranganipun lan mbetahaken pitulunganipun Gusti Allah. Kakiyatan, kasantosan asring dipun gandhengaken kaliyan perkawis ingkang wonten sesambetanipun kaliyan perang, mirungganipun nalika ing jaman Prajanjian Lami.

Punapa ingkang dipun serat wonten ing nas dinten punika dados satunggaling bukti bilih Gusti Allah punika nresnani sedaya pasamuwan kagunanipun. Awit Panjenenganipun tansah mbela umatipun nalika kathah mengsah-mengsah ingkang badhe numpes tiyang-tiyang Israel. Gusti Allah kagungan karosan lan nggegirisi tumrap sedaya mengsah-mengsahipun Bangsa Israel. Malah punapa ingkang dipun tidakaken dening Gusti Allah punika mboten saged katampi dening pamikiranipun manungsa. Dipun serat, “… daginge wong-wong bakal dadi bosok ing nalikane isih ngadeg lan mripate bakal mlosoh ana ing growongane, mangkono uga ilate bakal dadi bosok ana ing cangkeme.” Punapa ingkang kedadosan punika mboten nelakaken nalika tiyang-tiyang sami sampun pejah, nanging punika sedaya kedadosan nalika tiyang-tiyang ingkang kasebat mengsah-mengsahipun Bangsa Israel tasih sami gesang malah nalika taksih sami badhe merangi Yerusalem. Nalika dipun angen-angen, perkawis punika dado perkawis ingkang nggegirisi sanget, naning punika bukti bilih Gusti Allah punika prakosa lan mboten saged kasandhingaken kaliyan sanesipun.

Nalika kula lan panjenengan sami nucap “Kawula pitados dhateng Allah Sang Rama, ingkang Mahakawasa, …” wonten ing pengaken pitados rasuli, punapa sampun dipun sarengi kaliyan kapitadosan bilih Gusti Allah langkung ageng, langkung kiyat tinimbang sedaya masalah ingkang wonten ing gesang kula lan panjenengan? Sumangga dipun raos-raosaken. Gusti mberkahi. Amin. |*AK

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *