+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 9 Juli 2025 Minggu Limrah

Yusak 23:1-16; Jabur 119:73-80; Lukas 10:13-16

PANGRUKTINIPUN GUSTI ALLAH

“Sang Yehuwah Gusti Allahmu piyambak kang bakal nundhungi

para bangsa mau ana ing ngarepmu lan nglungakake saka ing ngarepmu,

temah kowe padha bisa ngejegi nagarane kaya kang wus diprasetyakake

dening Sang Yehuwah Allahmu marang kowe.

(Yusak 23:5)

Wonten ing Kitab Suci dipun pratelakaken kanthi cetha, bilih Gusti Allah mboten namung nitahaken alam donya, nanging Panjenenganipun ugi ngrimati, ngantos alam donya saisinipun, sanadyan kathah ingkang pejah lan sirna, ewadene lestantun wonten ngantos sapriki.

Sampun mataun-taun kelampahan wiwit bangsa Israel lumebet dhateng Kanaan nalika dipun pimpin Yusak, lan bangsa Israel sampun nelukaken mengsah-mengsahipun satemah samangke saged ngaso saking sedaya mengsahipun (23:1). Awit saking yuswanipun Yusak ingkang sampun sepuh lan sampun kathah yuswanipun, “Umat Israel banjur diklumpukake, bebarengan karo para penggedhe, para pemimpin, para hakim, lan para perwira, dikandhani mangkene, Aku saiki wis tuwa banget” (23:2). Lajeng piyambakipun ngendikakaken ngengini kasetyanipun Gusti Allah lan ngengetaken supados umat Israel kedah tansah setya dhumateng Gusti Allah lan mbangun turut dhumateng sabdanipun, bilih mboten mesthi badhe aben-ajeng kaliyan perkawis ingkang nggegirisi. Intinipun Bab 23 inggih punika badhe ngengetaken kasetyanipun Gusti Allah dhateng Israel wonten ing lelampahanipun bangsa Israel. Mila nas dinten punika nandhesaken kadospundi Gusti Allah tetep setya ngrukti lan ngamping-ngampingi lelampahanipun bangsa Israel temtunipun gesang kula lan panjenengan ugi

Saking pengalamanipun bangsa Israel cetha bilih Gusti Allah mboten namung ngrimati lan nglestantunaken wontenipun alam donya, nanging Panjenenganipun ugi ngrimati lan nglestantunaken gesangipun manungsa. Peksi-peksi ing awang-awang ingkang mboten nyebar lan mboten derep, serta mboten tetandho wonten ing lumbung, sami kaparingan tedhanipun dening Sang Rama. Lajeng samangke kadospundi kula lan panjenengan nglenggana lan ngraos-raosaken pangruktinipun Gusti Allah ingkang tansah kebabar wonten ing gesang padintenan? Sumangga dipun raos-raosaken. Gusti mberkahi. Amin.|*AK

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *