Ester 2:19-3:6; Jabur 138; Lelakone Para Rasul 1:15-20 ROH SUCI INGKANG NYAGEDAKEN “He, para sadulur, pangandika ing Kitab Suci, kang kalairake dening Sang Roh Suci lumantar Sang Prabu Dawud, iku kudu kayektenan, yaiku bab Yudas, kang dadi pangiride wong-wong kang nyekel Gusti Yesus.” (Lelakone Para Rasul 1:16) Sang Roh Suci punika Gusti Allah piyambak. Tembung Roh punika kaetrapaken dhateng Gusti Allah pribadi, tembung punika kaanggep daya kakiyatanipun Gusti Allah. Roh Suci punika kaparingaken dhateng tiyang ingkang pitados dhumateng Gusti. Roh punika ugi ingkang nyagedaken Petrus jumeneng lajeng ngandika bab sinten ingkang badhe nggantos “… Yudas, kang dadi pangiride wong-wong kang nyekel Gusti Yesus.” Kening punapa Yudas Iskariot prelu dipun gantos? Sepisan, supados jumlahipun para rasul tetep wetah kalih welas kadosdene nalika sepisanan Gusti Yesus nimbali para sakabatipun. Ing sisih sanes angka kalih welas punika wigatos tumrap tiyang Yahudi karana wonten kalih welas suku Israel. Kaping kalih, Yudas Iskariot kedah dipun gantos kangge prelu nyucekaken kalih welah rasul ingkang sampun dipun wirangaken dening tumindakipun. Tiyang ingkang nggantos Yudas Iskariot punika wonten syaratipun, inggih punika “wiwit saka pambaptise Nabi Yokanan nganti tekan ing dina sumengkane Gusti Yesus menyang ing swarga, nilar aku kabeh, anaa siji kang diwuwuhake marang kita, supaya melu dadi seksi bab wungune.” Mila saking punika, awit saking panganthinipun Sang Roh Suci ingkang nyagedaken Petrus lan kirang langkung 120 murid ingkang ngempal supados saged nemtokaken sinten ingkang badhe nggantos Yudas Iskariot. Yusuf Barsabas lan Matius dipun usulaken. Sak sampunipun ndedonga lan dipun undhi, Matias ingkang kadhapuk dados golonganipun para rasul kalih welas. Matias kapilih dados rasul temtu sanes awit saking kakiyatan dan kasagedan Petrus utawi para murid sanesipun, ananing awit saking tuntunanipun Sang Roh Suci. Nalika badhe mutusaken satunggaling perkawis kanthi sae temtu dipun wiwiti kanthi nengenaken karsanipun Gusti. Sikep kula lan panjenengan prayoginipun miturut punapa ingkang Gusti Yesus ngendikakaken, “Nanging sampun pikajeng Kawula, namung karsa Paduka ingkang kalampahana” (Lukas 22:42). Sumangga tansah nyuwun panuntunipun Sang Roh Suci. Gusti mberkahi. Amin.|*AK
Rebo, 23 Juli 2025 Minggu Limrah
Pangandharing Toret 12:1-12; Jabur 119:97-104; Yokanan 6:41-51 PRACAYA “Satemen-temene pituturKu marang kowe: Sing sapa pracaya, iku nduweni urip langgeng.” (Yokanan 6:47) “Pitados mawon dhumateng Gusti Allah”. Bok bilih kula lan panjenengan sampun asring mireng pitembungan punika, mirungganipun nalika aben-ajeng kaliyan raos mangu-mangu utawi nalika ngadepi kawontenan-kawontenan ingkang awrat wonten ing gesang padintenan. Ananing, senadyan gampil dipun ucapaken, pracaya ingkang wetah dhumateng Gusti Allah punika asring karaos awrat dipun tindakaken. Ananing nas dinten punika nandhesaken kadospundi Gusti Yesus ngyakinaken tiyang-tiyang supados pitados. Tembung “Satemen-temene” punika nandhesaken satunggaling perkawis ingkang wigatos lan mesthi kedadosan. Wonten ing nas punika Gusti Yesus ngandika ngangge tembung “amen”. Tembungpunika saking Basa Aram ingkang saged ateges “setya” utawi “pracaya” lan ingkang paling gampil saged ateges “satemene”. Punika sababipun kenging punapa tembung punika asring dipun ginakaken wonten ing pungkasan pandonga utawi ukara sanesipun. Mapanaken tembung punika wonten ing pungkasan kanthi pangajeng-ajeng bilih punapa ingkang dipun aturaken punika leres. Gusti Yesus sampun nandhesaken bilih punapa ingkang dipun ngendikakaken punika pancen leres, inggih punika ngengingi gesang langgeng. Gusti Yesus nedahaken bilih sumber gesang langgeng ingkang sajati inggih punika pitados dhumateng Panjenenganipun. Mirungganipun Gusti Yesus minangka “roti panguripan”. Wonten ing ayat sak derengipun, Gusti Yesus nedahaken bilih namung Panjenenganipun ingkang rawuh saking swarga, satemah gesang langgeng mesthi dipun cawisaken tumrap tiyang-tiyang ingkang pitados ingkang dipun tandhesaken kanthi tembung “Satemen-temene”. Kapitadosan kula lan panjenengan dhumateng Gusti Allah sami tuwuh nalika kula lan panjenengan sami nglenggana bilih pranyata karsanipun Gusti Allah langkung sae tinimbang pikajeng kula lan panjenengan. Wekdal punika sumangga langkung malih anggen kita pitados dhumateng Gusti Allah dipun wiwiti kanthi nglenggana bilih kula lan panjenengan punika boten saged mangsuli sadaya pitakenan ingkang kita prangguli ing gesang saben dintenipun. Pramila, sumangga sami mitadosaken gesang dhumateng Gusti ingkang Mahakuwaos, ingkang mengku samukawis ing gesang kita. Gusti mberkahi. Amin. |*AK
Slasa, 22 Juli 2025 Minggu Limrah
Wulang Bebasan 9:1-18; Jabur 119:97-104; I Yokanan 2:1-6 PATUNGGILAN KALIYAN SANG KRISTUS “Sing sapa duwe ujar: “Aku wanuh karo Panjenengane,” mangka ora netepi ing pepakone, iku wong goroh lan ora kadunungan kayekten.” (1 Yokanan 2:4) Kula lan panjenengan boten saged nresnani perkawis ingkang boten dipun mangertosi. Puji sokur dhumateng Gusti awit Gusti Allah sampun karsa rawuh lumantar Sang Sabda ingkang gesang inggih punika Gusti Yesus. Lumantar sabdanipun Gusti, kula lan panjenengan sami dipun paringi pangertosan bab sinten Gusti Yesus punika: Putranipun Allah (Mat. 8:29), Cempening Allah (Yok. 1:29), Emanuel (Mat. 1:23), Juru Panebus (Rum 3:24), Pangen ingkang utami (Yok. 10:11), lan Sang Imam Agung (Ibr. 4:13-16). Sedaya punika temtu sangsaya nyagedaken kula lan panjenengan saged wanuh kaliyan Gusti Yesus. Pangretosan bab Gusti Yesus punika ugi dadosaken kita sangsaya nglenggana ngakeni dosa lan ngudi gesang prayogi minangka patunggilanipun Sang Kristus. 1 Yokanan 2:1-6 punika ngengetaken tiyang-tiyang Kristen bab dosa. Yokanan nandhesaken bilih sikep mbangun turut dhumateng Gusti punika dados satunggaling bukti pasamuwan punika lumebet ing patunggilanipun Sang Kristus. Awit bilih tiyang pitados mboten sami netepi pepakenipun Gusti Allah ananing ngakeni wanuh dhumateng Gusti Allah, piyambakinpun kasebut tiyang ingkang goroh. Namung tiyang ingkang goroh ingkang matur bilih piyambakipun mboten dosa. Namung tiyang ingkang goroh ingkang nyelaki bilih Gusti Yesus punika Sang Kristus, utawi matur nresnani Gusti Allah ananing sengit kaliyan sesami. Tiyang-tiyang ingkang sami lumebet ing patungilanipun Sang Kristus temtu kedah nglampahi gesang kanthi leres. Awit bilih panggesanganipun tiyang-tiyang Kristen punika nami nyelaki pepankenipun Sang Kristus nelakaken bilih tiyang-tiyang punika mboten sami “wanuh” dhumateng Gusti Allah babar pisan. Patunggilan ingkang sajati antawisipun para tiyang pitados ingkang kabangun linandhesan patunggilan kaliyan Sang Kristus ingkang kawujud kadospundi sesambetan kaliyan sesami. Nalika kekalihipun saged lumampah kanthi sae, patunggilan minangka tiyang Kristen mesthi dados satunggaling kawontenan ingkang ngangeni lan kebak ing kabingahan lan raos sokur. Sumangga minangka tiyang Kristen ingkang lumebet ing patunggilan kaliyan Sang Kristus sami sangsaya mujudaken katresnan dhateng sesami. Gusti mberkahi. Amin.|*AK
Senen, 21 Juli 2025 Minggu Limrah
Pangentasan 18:1-12; Jabur 119:97-104; Kolose 1:27-2:7 SATUNGGAL PATUNGGILAN “Sabab sanadyan aku dhewe ora ana ing tengahmu, nanging ana ing sajroning roh aku lan kowe padha tetunggalan, lan aku rumangsa bungah nyumurupi tumataning uripmu lan kasantosaning pracayamu marang Gusti Yesus.” (Kolose 2:5) Pasamuwanipun Sang Kristus ingkang kadhapuk saking para tiyang pitados, punika lair nalika dinten Pentakosta, inggih punika nalika Sang Roh Suci kathedakaken dhateng pasamuwan. Wiwit nalika semanten Sang Kristus nimbali para tiyang pitados, kaklempakaken dados pasamuwan satunggal. Ing sarehning Gusti yesus, ingkang jumeneng “Aku”- nipun pasamuwan, namung satunggal, mila sampun samesthinipun bilih pasamuwan ingkang dados sariranipun Gusti yesus, inggih namun satunggal. Ewadene pasamuwan ingkang satunggal wau ambabaraken dhirinipun wetah wonten ing pasamuwan-pasamuwan ing saben panggenan. Mekaten ugi ingkang dipun serat dening Paulus. Wonten ing ayat 1, Paulus ugi nyerat bilih piyamabkipun mboten sacara badaniah sesarengan kaliyan tiyang-tiyang Kristen wonten ing Kolose, ananing taksih saged anggadahi sesambetan ingkang sae kaliyan pasamuwan Kolose. Sesambetan punika pranyata nelakaken ngeningi sesambetan bab karohanen ingkang pranyata langkung wigatos inggih punika sesambetan minangka satunggal patunggilan wonten ing Sang Kristus. Saking katebihan, Paulus remen sanget sumerep iman kapitadosanipun pasamuwan ing Kolose ingkang kiyat. Para tiyang pitados punika sami menggalih punapa ingkang leres, teteg wonten ing imanipun, satunggaling piwucal saking Paulus. Satunggaling perkawis ingkang nengsemaken sanget inggih punika kawontenan pasamuwan Kolose sangsaya ngrembaka ing iman lan pangertosan, tanpa karawuhanipun Paulus sacara langsung. Pasamuwan Kristen satunggal punika dados salah satunggaling sipatipun pasamuwanipun Gusti Yesus. Wonten papan pundia kula lan panjenengan gesang, pranyata tetep nyawiji ing patunggilanipun Sang Yesus. Pramila, sumangga sami nyengkuyung pandonga tumrap pasamuwan-pasamuwan wonten ing papan pundi kemawon supados sangsaya kiyat santosa wonten ingGusti Yesus. Gusti mberkahi, Amin.|*AK
Ahad, 20 Juli 2025 Minggu Limrah
Purwaning Dumadi 18:1-10a; Jabur 15; Kolose 1:15-28; Lukas 10:38-42 SALIB KRISTUS LAMBANG KATENTREMAN “kang ngrukunake samubarang kabeh karo sarirane, kang ana ing bumi lan kang ana ing swarga; yaiku sawuse ngawontenake pirukun sarana rohe Gusti Kristus kang sinalib.” (Kolose 1:20) Sak derengipun kula lan panjenengan sami ngraos-raosaken katentreman ingkang sampun dipun paringaken dening Gusti Yesus, kula lan panjenengan kedhah nglenggana bilih manungsa punika kawontenanipun minangka titah ingkang mbalela dhumateng Gusti Allah. Perkawis punika kelampahan karana kula lan panjenengan anggadahi dosa warisan saking Adam lan Kawa. Kula lan panjenengan dipun lairaken kanthi sipat nenen kapentingan dhiri pribadi. Sipat mbalela punika ingkang lajeng mamapanaken kula lan panjenengan wonten ing kawontenan ingkang nglawan Gusti Allah ingkang nitahaken. Kula lan panjenengan mboten saged mulihaken sesambetan kaliyan Gusti Allah sarana kakiyatanipun dhiri pribadi. Ayat pungkasan saking perikop punika inggih punika dados pangalembananipun dhumateng Gusti Yesus lan nandhesaken sedayanipun punika kalampahan lumantar pangurbananipun Sang Kristus wonten ing kajeng salib. Pakaryanipun Gusti Yesus mulihaken sesambetanipun manungsa kaliyan Gusti Allah ugi mulihaken kaliyan titah sanesipun. Gusti Yesus nyawisaken katentreman lumantar salib. Saiba nengsemaken ayat nas dinten punika awit Gusti Yesus sampun dados Juru Bedhamen kangge manungsa lan Gusti Allah. Gusti Allah piyambak ingkang kagungan rancangan lan langkung rumiyin ngersakaken mulihaken sesambetan ingkang risak awit saking dosa manungsa. Gusti Allah piyambak ingkang langkung rumiyin maringi pangapuntening dosa lan milujengaken manungsa saking dosa. Wonten ing ngriki ingkang dados “ciri khas iman Kristen”, inggih punika Gusti Allah kersa rawuh sesarengan para titahipun, satemah para titahipun sami saged ngraosaken kadospundi katresnanipun Gusti Allah punika ageng sanget. Kula lan panjenengan punika dados tiyang ingkang sampun dipun rukunaken kaliyan Gusti Allah lumantar Gusti Yesus. Seda lan wungunipun dados bukti bilih ganjaran saking dosa punika maut sampun mboten anggadahi kuwasa malih. Mila sumangga sami mujudaken katentreman punika kanthi nelakakan katentreman dhateng sesami. Gusti mberkahi. Amin.|*AK
Setu, 19 Juli 2025 Minggu Limrah
Purwaning Dumadi 14:1-16; Jabur 15; Lukas 8:4-10 ASMANIPUN GUSTI YESUS “Nalika wong akeh padha gumrudug teka, yaiku wong-wong kang saka ing kutha ngendi-endi, Gusti Yesus banjur ngandika …” (Lukas 8:4) KPJ 87 kanthi irah-irahan “Neng Kasa Ngumandhang Asma” punika nelakaken: Neng kasa ngumandang asma sajuga, kang anepangaken jagad lan swarga. Datan wonten asma kados punika, kang kwasa nyirnakken pangrehing dosa. Napa sami dereng wanuh, Gusti Yesus Kristus yeku asmane? Pepujen punika nelakaken bilih Gusti Yesus punika Makakuwaos. Sinten ta ingkang dereng tepang kaliyan Panjenenganipun? Namung Gusti Yesus punika ingkang saged mbirat dosaning manungsa. Kitab Suci (LAI) Basa Jawi tahun 2006, nas dinten punika dipun serat, “Nalika wong akèh padha gumrudug teka, yaiku wong-wong kang ndhèrèkaké Yésus saka kutha siji menyang kutha liyané, Panjenengané banjur ngandika kanthi pasemon,” Raosipun terjemahan punika langkung cetha katimbang Kitab Suci (LAI) Basa Jawi terbitan tahun 1981. Awit punika cehta bilih wonten tiyang kathah ingkang sami ndherekaken Gusti Yesus. Perkawis punika wigatos awit pranyata Asmanipun Gusti Yesus punika sampun dipun sumurupi dening tiyang kathah lan sami gumun dhumateng Gusti Yesus ingkang kagungan kuwaos nyarasaken pawestri ingkang kasurupan dhemit (ay. 2). Ayat 1 nyariosaken bilih Gusti Yesus tindak “njajah kutha-kutha lan desa-desa martakaken Injil”. Tiyang-tiyang ingkang sami mireng Pangandikanipun Gusti Yesus Pranyata sami ndherekaken Panjenenganipun satemah kathah tiyang ingkang sami “gumrudug teka” wonten pundi kemawon Gusti Yesus tindak. Wonten ing panggesangan minangka tiyang Kristen, nalika kula lan penjengan sami ngakeni Asmanipun Gusti Yesus ingkang Mahakawasa punapa sampun kanthi gumun kaliyan sedaya pakaryanipun Gusti Yesus ingkang sae sanget wonten gesang padintenan? Punapa malah biasa kemawon satemah mboten prelu ngucap sokur dhumateng Gusti. Sumangga sangsaya nglenggana bilih gesang kula lan panjenengan namung awit saking katresnanipun Gusti. Gusti mberkahi. Amin.|*AK
Jemuwah, 18 Juli 2025 Minggu Limrah
Purwaning Dumadi 13:1-18; Jabur 15; Efesus 3:14-21 KATRESNANIPUN GUSTI YESUS INGKANG LEBET “Aku ndedonga, supaya kowe karo sakehing para suci bisa nyumurupi sapira ambane lan dawane sarta dhuwure lan jerone sihe Sang Kristus.” (Efesus 3:18) Punapa wujuding katresnanipun Gusti Yesus ingkang panjenengan raosaken wonten gesang padintenan? Pranyata bilih katresnanipun Gusti punika saged mawujud lumantar pakaryanipun, inggih pakaryan ing salebeting kaasoranipun lan pakaryan ing salebeting kaluhuranipun. Pakaryanipun ing salebeting kaasoranipun nalika Panjenenganipun kabobotaken dening Roh Sui, miyos saking prawan Maryam, nandhang sangsara, kasalib, seda, kasarekaken, lan tumedhak dhateng teleng palimengan. Pakaryanipun ing salebeting kaluhuranipun inggih nalika Panjenenganipun ing tigang dinenipun wungu malih saking antawisipun tiyang pejah, sumengka dhateng ing swarga, pinarak wonten ing tengenipun Allah Sang Rama Ingkah Mahakawasa, saking ngriku inggih badhe rawuhipun ngadili tiyang ingkang gesang kaliyan ingkang pejah. Perkawis-perkawis punika nedahaken bilih punapa ingkang dipun tindakaken dening Gusti Allah punika satunggaling perkawis ingkang mboten saged dipun mangertosi dening alam pikirianipun manungsa sacara kamanungsan ingkang winates. Nas dinten punika satunggaling perangan saking pandonganipun Paulus wonten ing ayat 14-21. Inti saking donga punika inggih punika “kadopundi saged sangsaya mangertos katresnanipun Sang Kristus”. Saking pandonga punika nelaksakan bilih kula lan panjenengan mboten mangertos “… sapira ambane lan dawane sarta dhuwure lan jerone sihe Sang Kristus.” Supados saged anggadahi pangertosan ingkang leres ngengingi katresnanipun Sang Kristus temtu dipun betahaken pandonga, punika ingkang dipun tindakaken dening Paulus. Ingkang dipun dongakaken inggih punika supados saben tiyang pitados saged mangertos utawi anggadahi kakiyatan, temtu sanes kakiyatan dhiri pribadi. Katresnanipun Gusti Yesus temtu kathah lan ageng sanget satemah kula lan panjenengan mboten saged kanthi sampurna mangertos, ananing satunggal perkawis ingkang wigatos inggih punika bilih katresnanipun Gusti Yesus punika kages kasaenan-kasaenan kula lan panjenengan. Mila sumangga kanthi datan pedhot ngunjukaken pandonga supados sangsaya mangertos katresnanipun Gusti Yesus. Gusti mberkahi. Amin.|*AK
Kemis, 17 Juli 2025 Minggu Limrah
Purwaning Dumadi 12:10-20; Jabur 15; Ibrani 5:1-6 GUSTI YESUS IMAM INGKANG SAJATI “Iya kaya pangandikane ing ayat liyane maneh mangkene: Sira iku dadi Imam salawas-lawase, manut tatane Melkisedhek.” (Ibrani 5:6) Imam punika satunggaling kalenggahan ingkang dipun pratelakaken wonten ing Kitab Suci. Punapa tugas imam punika? Miturut Kitab Suci kuwajibanipun imam inggih punika nyaosaken kurban, ndongakaken lan mberkahi umatipun Gusti Allah. Sang Kristus ingkang jinebatan ugi ngasta kalenggahan Imam. Ing salebeting nindakaken jumeneng imam Panjenenganipun ugi nindakaken ayahan tigang rupi wau, inggih punika nyaosaken kurban, ndongakaken lan mberkahi. Ananging caranipun nindakaken ayahan-ayahan wau mboten sami kaliyan para imam ing Prajanjian Lami. Miturut Serat Ibrani, kaimamanipun Sang Kristus punika kangge ing salaminipun, mila Panjenenganipun wonten ing Swarga gesang ing salaminipun perlu jumeneng Pantawis kula lan panjenengan, ingkang mbelani kula lan panjenengan sarana pandonganipun. Nas dinten punika nelakakan kadospundi Gusti Yesus punika Sang Imam Agung. Wonten ing ayat-ayat sakderengipun nedahaken bilih Sang Mesih ingkang dipun prasetyakaken wonten ing Prajanjian Lami inggih punika manungsa sajati satemah saged dados imamipun manungsa. Sedaya ingkang dipun tindakaken dening Gusti Yesus minangkan Manungsa Sajati medahaken bilih Panjenenganipun punika langkung Agung saking imam-imam sanesipun. Punapa ingkang dipun serat wonten ing nas dinten punika kapundhut saking Jabur 110:4 ingkang nedahaken bilih kalenggahan imam lan ratu punika mboten saged dipun ayahi setunggal tiyang. Namung Gusti Yesus kemawon ingkang saged nindakaken. Bilih Panjenenganipun jumeneng Imam Agung manut tatanipun Melkisedek ateges bilih kalenggahan Imam wau langgeng, kangge ing salami-laminipun. Sangsaya cetha bilih kawilujengan punika dipun paringaken dening Gusti Yesus minangka Imam Agung ingkang sejati. Mila nalika kita nembe aben-ajeng kaliyan perkawis ingkang awrat, punika bukti bilih kula lan panjenengan ringkih lan tetep mbetahaken Gusti Yesus Sang Imam Agung ingkang tetep preduli. Sumangga sangsaya pasrah dhumateng Gusti Allah awit Panjenenganipun Sang Juru Wilujeng ingkang preduli lan saged maringi kawilujengan tumrap sedaya tiyang pitados kanthi sampurna. Gusti mberkahi. Amin. |*AK
Rebo, 16 Juli 2025 Minggu Limrah
Kohelet 9:13-18; Jabur 25:11-20; Mateus 25:31-46 PUTRANING MANUNGSA INGKANG MULYA ““Besuk manawa Putraning Manungsa rawuh ngagem kamulyane lan sakabehing padha ndherekake, Panjenengane banjur lenggah ing dhampar kamulyan.” (Mateus 25:31) Temtu kula lan panjenengan nate mireng Gusti Yesus ugi dipun sebut “Putraning Manungsa”. Sebutan punika asalnipun saking wangsit wonten ing Dhaniel 7: 13-14, “… bengi iku aku terus … ndeleng; banjur … rawuh … saka ing langit, kaya Putraning Manungsa, …” ingkang dipun sebat “kaparingan pangwaos lan kaluhuran sarta pangwaosing karajan; wong-wong … padha ngabdi marang Panjenengane. Pangwaose iku pangwaos kang langgeng, …”. Gusti Yesus punika ingkang dipun sebat nampi panguwaos, kamulyan lan karajan. Waosan wonten ing perikop dinten punika minangka panutup saking piwucalipun Gusti Yesus ngeningi pungkasaning jaman (Bab 24 ayat 1 dumugi 51 dipun lajengaken bab 25 ayat 1 dumugi 46). Gusti Yesus saweg ngendikakaken ngengingi pangadilan ingkang pungkasan dening Putraning Manungsa. Tiyang Yahudi sampun sami sumerep ngeningi Sang Mesih lan mesthi langsung paham kaliyan punapa ingkang dipun serat wonten ing ayat 31 punika saking Dhaniel ngengingi Putraning Manungsa wonten ing kamulyanipun. Ketingalipun Gusti Yesus pancen saweg nandhesaken bab rawuhipun punika “ngagem kamulyane” (ay. 31a). Karawuhanipun Putraning Manungsa punika dipun tengeri bilih “sakabehing padha ndherekake” lan “lenggah ing dhampar kamulyan.” Gusti Yesus sampun ngginakaken Asma Putraning Manungsa wonten ing Injil Mateus (mboten sedaya). Panjenenganipun ngginakaken sebutan punika kangge nedahaken bilih Panjenenganipun badhe lumebet ing kamulyanipun sak sampunipun rawuh malih. Panjenenganipun dados Hakim lan Raja minangka pratandha bilih kratoning swarga sampun kawiwitan. Nalika kula lan panjenengan sami ngangen-angen ngengingi bab sang ratu temtu sami menggalih ngengingi tiyang ingkang kagungan kuwaos, dipun ladosi, adil, dipun kurmati, lsp.. Temtu benten kaliyan Sang Kristus ingkang dados Sang Ratu ingkang Mahakuwaos lan adil. Mila sumangga sampun ngantos semplah, mangu-mangu punapa malih sami kuwatos, awit Gusti Yesus ingkang adil punika mesthi adil ugi nalika maringi berkah-berkah lan pangrimatipun. Gusti mberkahi. Amin.|*AK
Slasa, 15 Juli 2025 Minggu Limrah
Wulang Bebasan 19:1-17; Jabur 25:11-20; I Yokanan 3:11-17 PAKARYANIPUN SANG KRISTUS “Mungguh katresnane Sang Kristus iku wus kita sumurupi, yaiku: manawa Panjenengane wus masrahake nyawane kanggo kita, ….” (1 Yokanan 3:16) Pakaryanipun Sang Kristus kangge milujengaken manungsa punika katindakaken ing salebeting kaasoranipun. Pakaryanipun Gusti Yesus Kristus ingkang milujengaken punika sambet rapet kaliyan dhumawahipun manungsa dhateng ing dosa. Gusti Yesus Rawuh dhateng donya kangge nebus dosaning manungsa. Dhawahipun manungsa dhateng dosa mboten lajeng ndamel Gusti Allah mendhel kemawon. Bab 3 saking serat Yokanan ingkang sepisanan punika nandhesaken bab katresnan. Awit saking katresnanipun Gusti Allah, Panjenenganipun mboten namung nyebat kula lan panjenengan minangka para putra-putrannipun, ananing malah ndadosaken kula lan panjenengan para putra-putranipun. Yokanan ugi nedahaken kadospundi dosa, kalebet bab sesengitan, punika sanes asil sesambetan ingkang sae kaliyan Gusti Allah. Tiyang pitados benten kaliyan sanesipun, awit prayoginipun nindakaken langkung saking “ngraosaken” katresnan, ananing kedah nindakaken ugi. 1 Yokanan 3:11-17 nedahaken bilih sesengitan kaliyan katresnan punika kalih perkawis ingkang benten, lan kadospundi katresnan punika kedah dipun wujudaken wonten ing panggesangan tiyang Kristen. Tiyang Kristen prayoginipun saged nindakaken katresnan ingkang langkung saking ngraosaken katresnan lan mboten pamrih. Gusti Yesus punika tuladha ingkang utami ngengingi kadospundi kula lan panjenengan sami nglampahi panggesangan punika. Gusti Yesus maringi patuladhan ingkang paling sae ngengingi katresnan punika kanthi masrahaken nyawanipun kangge nebus dosanipun manungsa. Para tiyang pitados prayoginipun sami ngucap sokur karana Gusti Allah sampun preduli lan maringi ingkang paling sae tumrap kawilujenganipun manungsang ingkang namung saged dipun tampi lumantar pangorbananiipun Gusti Yesus Kristus kangge mulihaken sesambetan antawisipun Gusti Allah lan manungsa. Sumangga sami ngakeni lan pitados bilih sedaya pakaryanipun Gusti Allah wonten ing Gusti Yesus punika mesthi paling sae tumrap kula lan panjenengan sedaya. Gusti mberkahi Amin.|*AK
