Purwaning Dumadi 18:1-10a; Jabur 15; Kolose 1:15-28; Lukas 10:38-42
SALIB KRISTUS LAMBANG KATENTREMAN
“kang ngrukunake samubarang kabeh karo sarirane, kang ana ing bumi
lan kang ana ing swarga; yaiku sawuse ngawontenake pirukun
sarana rohe Gusti Kristus kang sinalib.” (Kolose 1:20)
Sak derengipun kula lan panjenengan sami ngraos-raosaken katentreman ingkang sampun dipun paringaken dening Gusti Yesus, kula lan panjenengan kedhah nglenggana bilih manungsa punika kawontenanipun minangka titah ingkang mbalela dhumateng Gusti Allah. Perkawis punika kelampahan karana kula lan panjenengan anggadahi dosa warisan saking Adam lan Kawa. Kula lan panjenengan dipun lairaken kanthi sipat nenen kapentingan dhiri pribadi. Sipat mbalela punika ingkang lajeng mamapanaken kula lan panjenengan wonten ing kawontenan ingkang nglawan Gusti Allah ingkang nitahaken. Kula lan panjenengan mboten saged mulihaken sesambetan kaliyan Gusti Allah sarana kakiyatanipun dhiri pribadi.
Ayat pungkasan saking perikop punika inggih punika dados pangalembananipun dhumateng Gusti Yesus lan nandhesaken sedayanipun punika kalampahan lumantar pangurbananipun Sang Kristus wonten ing kajeng salib. Pakaryanipun Gusti Yesus mulihaken sesambetanipun manungsa kaliyan Gusti Allah ugi mulihaken kaliyan titah sanesipun. Gusti Yesus nyawisaken katentreman lumantar salib. Saiba nengsemaken ayat nas dinten punika awit Gusti Yesus sampun dados Juru Bedhamen kangge manungsa lan Gusti Allah. Gusti Allah piyambak ingkang kagungan rancangan lan langkung rumiyin ngersakaken mulihaken sesambetan ingkang risak awit saking dosa manungsa. Gusti Allah piyambak ingkang langkung rumiyin maringi pangapuntening dosa lan milujengaken manungsa saking dosa. Wonten ing ngriki ingkang dados “ciri khas iman Kristen”, inggih punika Gusti Allah kersa rawuh sesarengan para titahipun, satemah para titahipun sami saged ngraosaken kadospundi katresnanipun Gusti Allah punika ageng sanget.
Kula lan panjenengan punika dados tiyang ingkang sampun dipun rukunaken kaliyan Gusti Allah lumantar Gusti Yesus. Seda lan wungunipun dados bukti bilih ganjaran saking dosa punika maut sampun mboten anggadahi kuwasa malih. Mila sumangga sami mujudaken katentreman punika kanthi nelakakan katentreman dhateng sesami. Gusti mberkahi. Amin.|*AK
