+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 19 Juli 2025 Minggu Limrah

Purwaning Dumadi 14:1-16; Jabur 15; Lukas 8:4-10

ASMANIPUN GUSTI YESUS

“Nalika wong akeh padha gumrudug teka, yaiku wong-wong kang saka

ing kutha ngendi-endi, Gusti Yesus banjur ngandika …(Lukas 8:4)

KPJ 87 kanthi irah-irahan “Neng Kasa Ngumandhang Asma” punika nelakaken:

Neng kasa ngumandang asma sajuga,

kang anepangaken jagad lan swarga.

Datan wonten asma kados punika,

kang kwasa nyirnakken pangrehing dosa.

Napa sami dereng wanuh, Gusti Yesus Kristus yeku asmane?

Pepujen punika nelakaken bilih Gusti Yesus punika Makakuwaos. Sinten ta ingkang dereng tepang kaliyan Panjenenganipun? Namung Gusti Yesus punika ingkang saged mbirat dosaning manungsa.

Kitab Suci (LAI) Basa Jawi tahun 2006, nas dinten punika dipun serat, “Nalika wong akèh padha gumrudug teka, yaiku wong-wong kang ndhèrèkaké Yésus saka kutha siji menyang kutha liyané, Panjenengané banjur ngandika kanthi pasemon,” Raosipun terjemahan punika langkung cetha katimbang Kitab Suci (LAI) Basa Jawi terbitan tahun 1981. Awit punika cehta bilih wonten tiyang kathah ingkang sami ndherekaken Gusti Yesus. Perkawis punika wigatos awit pranyata Asmanipun Gusti Yesus punika sampun dipun sumurupi dening tiyang kathah lan sami gumun dhumateng Gusti Yesus ingkang kagungan kuwaos nyarasaken pawestri ingkang kasurupan dhemit (ay. 2). Ayat 1 nyariosaken bilih Gusti Yesus tindak “njajah kutha-kutha lan desa-desa martakaken Injil”. Tiyang-tiyang ingkang sami mireng Pangandikanipun Gusti Yesus Pranyata sami ndherekaken Panjenenganipun satemah kathah tiyang ingkang sami “gumrudug teka” wonten pundi kemawon Gusti Yesus tindak.

Wonten ing panggesangan minangka tiyang Kristen, nalika kula lan penjengan sami ngakeni Asmanipun Gusti Yesus ingkang Mahakawasa punapa sampun kanthi gumun kaliyan sedaya pakaryanipun Gusti Yesus ingkang sae sanget wonten gesang padintenan? Punapa malah biasa kemawon satemah mboten prelu ngucap sokur dhumateng Gusti. Sumangga sangsaya nglenggana bilih gesang kula lan panjenengan namung awit saking katresnanipun Gusti. Gusti mberkahi. Amin.|*AK

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *