Purwaning Dumadi 13:1-18; Jabur 15; Efesus 3:14-21
KATRESNANIPUN GUSTI YESUS INGKANG LEBET
“Aku ndedonga, supaya kowe karo sakehing para suci bisa nyumurupi
sapira ambane lan dawane sarta dhuwure lan jerone sihe Sang Kristus.”
(Efesus 3:18)
Punapa wujuding katresnanipun Gusti Yesus ingkang panjenengan raosaken wonten gesang padintenan? Pranyata bilih katresnanipun Gusti punika saged mawujud lumantar pakaryanipun, inggih pakaryan ing salebeting kaasoranipun lan pakaryan ing salebeting kaluhuranipun. Pakaryanipun ing salebeting kaasoranipun nalika Panjenenganipun kabobotaken dening Roh Sui, miyos saking prawan Maryam, nandhang sangsara, kasalib, seda, kasarekaken, lan tumedhak dhateng teleng palimengan. Pakaryanipun ing salebeting kaluhuranipun inggih nalika Panjenenganipun ing tigang dinenipun wungu malih saking antawisipun tiyang pejah, sumengka dhateng ing swarga, pinarak wonten ing tengenipun Allah Sang Rama Ingkah Mahakawasa, saking ngriku inggih badhe rawuhipun ngadili tiyang ingkang gesang kaliyan ingkang pejah. Perkawis-perkawis punika nedahaken bilih punapa ingkang dipun tindakaken dening Gusti Allah punika satunggaling perkawis ingkang mboten saged dipun mangertosi dening alam pikirianipun manungsa sacara kamanungsan ingkang winates.
Nas dinten punika satunggaling perangan saking pandonganipun Paulus wonten ing ayat 14-21. Inti saking donga punika inggih punika “kadopundi saged sangsaya mangertos katresnanipun Sang Kristus”. Saking pandonga punika nelaksakan bilih kula lan panjenengan mboten mangertos “… sapira ambane lan dawane sarta dhuwure lan jerone sihe Sang Kristus.” Supados saged anggadahi pangertosan ingkang leres ngengingi katresnanipun Sang Kristus temtu dipun betahaken pandonga, punika ingkang dipun tindakaken dening Paulus. Ingkang dipun dongakaken inggih punika supados saben tiyang pitados saged mangertos utawi anggadahi kakiyatan, temtu sanes kakiyatan dhiri pribadi.
Katresnanipun Gusti Yesus temtu kathah lan ageng sanget satemah kula lan panjenengan mboten saged kanthi sampurna mangertos, ananing satunggal perkawis ingkang wigatos inggih punika bilih katresnanipun Gusti Yesus punika kages kasaenan-kasaenan kula lan panjenengan. Mila sumangga kanthi datan pedhot ngunjukaken pandonga supados sangsaya mangertos katresnanipun Gusti Yesus. Gusti mberkahi. Amin.|*AK
