+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 17 Juli 2025 Minggu Limrah

Purwaning Dumadi 12:10-20; Jabur 15; Ibrani 5:1-6

GUSTI YESUS IMAM INGKANG SAJATI

“Iya kaya pangandikane ing ayat liyane maneh mangkene:

Sira iku dadi Imam salawas-lawase, manut tatane Melkisedhek.(Ibrani 5:6)

Imam punika satunggaling kalenggahan ingkang dipun pratelakaken wonten ing Kitab Suci. Punapa tugas imam punika? Miturut Kitab Suci kuwajibanipun imam inggih punika nyaosaken kurban, ndongakaken lan mberkahi umatipun Gusti Allah. Sang Kristus ingkang jinebatan ugi ngasta kalenggahan Imam. Ing salebeting nindakaken jumeneng imam Panjenenganipun ugi nindakaken ayahan tigang rupi wau, inggih punika nyaosaken kurban, ndongakaken lan mberkahi. Ananging caranipun nindakaken ayahan-ayahan wau mboten sami kaliyan para imam ing Prajanjian Lami.

Miturut Serat Ibrani, kaimamanipun Sang Kristus punika kangge ing salaminipun, mila Panjenenganipun wonten ing Swarga gesang ing salaminipun perlu jumeneng Pantawis kula lan panjenengan, ingkang mbelani kula lan panjenengan sarana pandonganipun. Nas dinten punika nelakakan kadospundi Gusti Yesus punika Sang Imam Agung. Wonten ing ayat-ayat sakderengipun nedahaken bilih Sang Mesih ingkang dipun prasetyakaken wonten ing Prajanjian Lami inggih punika manungsa sajati satemah saged dados imamipun manungsa. Sedaya ingkang dipun tindakaken dening Gusti Yesus minangkan Manungsa Sajati medahaken bilih Panjenenganipun punika langkung Agung saking imam-imam sanesipun. Punapa ingkang dipun serat wonten ing nas dinten punika kapundhut saking Jabur 110:4 ingkang nedahaken bilih kalenggahan imam lan ratu punika mboten saged dipun ayahi setunggal tiyang. Namung Gusti Yesus kemawon ingkang saged nindakaken. Bilih Panjenenganipun jumeneng Imam Agung manut tatanipun Melkisedek ateges bilih kalenggahan Imam wau langgeng, kangge ing salami-laminipun.

Sangsaya cetha bilih kawilujengan punika dipun paringaken dening Gusti Yesus minangka Imam Agung ingkang sejati. Mila nalika kita nembe aben-ajeng kaliyan perkawis ingkang awrat, punika bukti bilih kula lan panjenengan ringkih lan tetep mbetahaken Gusti Yesus Sang Imam Agung ingkang tetep preduli. Sumangga sangsaya pasrah dhumateng Gusti Allah awit Panjenenganipun Sang Juru Wilujeng ingkang preduli lan saged maringi kawilujengan tumrap sedaya tiyang pitados kanthi sampurna. Gusti mberkahi. Amin. |*AK

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *