Pangentasan 18:1-12; Jabur 119:97-104; Kolose 1:27-2:7
SATUNGGAL PATUNGGILAN
“Sabab sanadyan aku dhewe ora ana ing tengahmu, nanging ana ing
sajroning roh aku lan kowe padha tetunggalan, lan aku rumangsa bungah nyumurupi tumataning uripmu lan kasantosaning pracayamu
marang Gusti Yesus.” (Kolose 2:5)
Pasamuwanipun Sang Kristus ingkang kadhapuk saking para tiyang pitados, punika lair nalika dinten Pentakosta, inggih punika nalika Sang Roh Suci kathedakaken dhateng pasamuwan. Wiwit nalika semanten Sang Kristus nimbali para tiyang pitados, kaklempakaken dados pasamuwan satunggal. Ing sarehning Gusti yesus, ingkang jumeneng “Aku”- nipun pasamuwan, namung satunggal, mila sampun samesthinipun bilih pasamuwan ingkang dados sariranipun Gusti yesus, inggih namun satunggal. Ewadene pasamuwan ingkang satunggal wau ambabaraken dhirinipun wetah wonten ing pasamuwan-pasamuwan ing saben panggenan.
Mekaten ugi ingkang dipun serat dening Paulus. Wonten ing ayat 1, Paulus ugi nyerat bilih piyamabkipun mboten sacara badaniah sesarengan kaliyan tiyang-tiyang Kristen wonten ing Kolose, ananing taksih saged anggadahi sesambetan ingkang sae kaliyan pasamuwan Kolose. Sesambetan punika pranyata nelakaken ngeningi sesambetan bab karohanen ingkang pranyata langkung wigatos inggih punika sesambetan minangka satunggal patunggilan wonten ing Sang Kristus. Saking katebihan, Paulus remen sanget sumerep iman kapitadosanipun pasamuwan ing Kolose ingkang kiyat. Para tiyang pitados punika sami menggalih punapa ingkang leres, teteg wonten ing imanipun, satunggaling piwucal saking Paulus. Satunggaling perkawis ingkang nengsemaken sanget inggih punika kawontenan pasamuwan Kolose sangsaya ngrembaka ing iman lan pangertosan, tanpa karawuhanipun Paulus sacara langsung.
Pasamuwan Kristen satunggal punika dados salah satunggaling sipatipun pasamuwanipun Gusti Yesus. Wonten papan pundia kula lan panjenengan gesang, pranyata tetep nyawiji ing patunggilanipun Sang Yesus. Pramila, sumangga sami nyengkuyung pandonga tumrap pasamuwan-pasamuwan wonten ing papan pundi kemawon supados sangsaya kiyat santosa wonten ingGusti Yesus. Gusti mberkahi, Amin.|*AK
