+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 22 Juli 2025 Minggu Limrah

Wulang Bebasan 9:1-18; Jabur 119:97-104; I Yokanan 2:1-6

PATUNGGILAN KALIYAN SANG KRISTUS

“Sing sapa duwe ujar: “Aku wanuh karo Panjenengane,”

mangka ora netepi ing pepakone, iku wong goroh

lan ora kadunungan kayekten.(1 Yokanan 2:4)

Kula lan panjenengan boten saged nresnani perkawis ingkang boten dipun mangertosi. Puji sokur dhumateng Gusti awit Gusti Allah sampun karsa rawuh lumantar Sang Sabda ingkang gesang inggih punika Gusti Yesus. Lumantar sabdanipun Gusti, kula lan panjenengan sami dipun paringi pangertosan bab sinten Gusti Yesus punika: Putranipun Allah (Mat. 8:29), Cempening Allah (Yok. 1:29), Emanuel (Mat. 1:23), Juru Panebus (Rum 3:24), Pangen ingkang utami (Yok. 10:11), lan Sang Imam Agung (Ibr. 4:13-16). Sedaya punika temtu sangsaya nyagedaken kula lan panjenengan saged wanuh kaliyan Gusti Yesus. Pangretosan bab Gusti Yesus punika ugi dadosaken kita sangsaya nglenggana ngakeni dosa lan ngudi gesang prayogi minangka patunggilanipun Sang Kristus.

1 Yokanan 2:1-6 punika ngengetaken tiyang-tiyang Kristen bab dosa. Yokanan nandhesaken bilih sikep mbangun turut dhumateng Gusti punika dados satunggaling bukti pasamuwan punika lumebet ing patunggilanipun Sang Kristus. Awit bilih tiyang pitados mboten sami netepi pepakenipun Gusti Allah ananing ngakeni wanuh dhumateng Gusti Allah, piyambakinpun kasebut tiyang ingkang goroh. Namung tiyang ingkang goroh ingkang matur bilih piyambakipun mboten dosa. Namung tiyang ingkang goroh ingkang nyelaki bilih Gusti Yesus punika Sang Kristus, utawi matur nresnani Gusti Allah ananing sengit kaliyan sesami. Tiyang-tiyang ingkang sami lumebet ing patungilanipun Sang Kristus temtu kedah nglampahi gesang kanthi leres. Awit bilih panggesanganipun tiyang-tiyang Kristen punika nami nyelaki pepankenipun Sang Kristus nelakaken bilih tiyang-tiyang punika mboten sami “wanuh” dhumateng Gusti Allah babar pisan.

Patunggilan ingkang sajati antawisipun para tiyang pitados ingkang kabangun linandhesan patunggilan kaliyan Sang Kristus ingkang kawujud kadospundi sesambetan kaliyan sesami. Nalika kekalihipun saged lumampah kanthi sae, patunggilan minangka tiyang Kristen mesthi dados satunggaling kawontenan ingkang ngangeni lan kebak ing kabingahan lan raos sokur. Sumangga minangka tiyang Kristen ingkang lumebet ing patunggilan kaliyan Sang Kristus sami sangsaya mujudaken katresnan dhateng sesami. Gusti mberkahi. Amin.|*AK

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *