Pangandharing Toret 12:1-12; Jabur 119:97-104; Yokanan 6:41-51
PRACAYA
“Satemen-temene pituturKu marang kowe: Sing sapa pracaya,
iku nduweni urip langgeng.” (Yokanan 6:47)
“Pitados mawon dhumateng Gusti Allah”. Bok bilih kula lan panjenengan sampun asring mireng pitembungan punika, mirungganipun nalika aben-ajeng kaliyan raos mangu-mangu utawi nalika ngadepi kawontenan-kawontenan ingkang awrat wonten ing gesang padintenan. Ananing, senadyan gampil dipun ucapaken, pracaya ingkang wetah dhumateng Gusti Allah punika asring karaos awrat dipun tindakaken. Ananing nas dinten punika nandhesaken kadospundi Gusti Yesus ngyakinaken tiyang-tiyang supados pitados.
Tembung “Satemen-temene” punika nandhesaken satunggaling perkawis ingkang wigatos lan mesthi kedadosan. Wonten ing nas punika Gusti Yesus ngandika ngangge tembung “amen”. Tembungpunika saking Basa Aram ingkang saged ateges “setya” utawi “pracaya” lan ingkang paling gampil saged ateges “satemene”. Punika sababipun kenging punapa tembung punika asring dipun ginakaken wonten ing pungkasan pandonga utawi ukara sanesipun. Mapanaken tembung punika wonten ing pungkasan kanthi pangajeng-ajeng bilih punapa ingkang dipun aturaken punika leres. Gusti Yesus sampun nandhesaken bilih punapa ingkang dipun ngendikakaken punika pancen leres, inggih punika ngengingi gesang langgeng. Gusti Yesus nedahaken bilih sumber gesang langgeng ingkang sajati inggih punika pitados dhumateng Panjenenganipun. Mirungganipun Gusti Yesus minangka “roti panguripan”. Wonten ing ayat sak derengipun, Gusti Yesus nedahaken bilih namung Panjenenganipun ingkang rawuh saking swarga, satemah gesang langgeng mesthi dipun cawisaken tumrap tiyang-tiyang ingkang pitados ingkang dipun tandhesaken kanthi tembung “Satemen-temene”.
Kapitadosan kula lan panjenengan dhumateng Gusti Allah sami tuwuh nalika kula lan panjenengan sami nglenggana bilih pranyata karsanipun Gusti Allah langkung sae tinimbang pikajeng kula lan panjenengan. Wekdal punika sumangga langkung malih anggen kita pitados dhumateng Gusti Allah dipun wiwiti kanthi nglenggana bilih kula lan panjenengan punika boten saged mangsuli sadaya pitakenan ingkang kita prangguli ing gesang saben dintenipun. Pramila, sumangga sami mitadosaken gesang dhumateng Gusti ingkang Mahakuwaos, ingkang mengku samukawis ing gesang kita. Gusti mberkahi. Amin. |*AK
