+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 24 Juli 2025 Minggu Limrah

Ester 2:19-3:6; Jabur 138; Lelakone Para Rasul 1:15-20

ROH SUCI INGKANG NYAGEDAKEN

“He, para sadulur, pangandika ing Kitab Suci, kang kalairake dening Sang Roh Suci lumantar Sang Prabu Dawud, iku kudu kayektenan, yaiku bab Yudas, kang dadi pangiride wong-wong kang nyekel Gusti Yesus.” (Lelakone Para Rasul 1:16)

Sang Roh Suci punika Gusti Allah piyambak. Tembung Roh punika kaetrapaken dhateng Gusti Allah pribadi, tembung punika kaanggep daya kakiyatanipun Gusti Allah. Roh Suci punika kaparingaken dhateng tiyang ingkang pitados dhumateng Gusti.

Roh punika ugi ingkang nyagedaken Petrus jumeneng lajeng ngandika bab sinten ingkang badhe nggantos “… Yudas, kang dadi pangiride wong-wong kang nyekel Gusti Yesus.  Kening punapa Yudas Iskariot prelu dipun gantos? Sepisan, supados jumlahipun para rasul tetep wetah kalih welas kadosdene nalika sepisanan Gusti Yesus nimbali para sakabatipun. Ing sisih sanes angka kalih welas punika wigatos tumrap tiyang Yahudi karana wonten kalih welas suku Israel. Kaping kalih, Yudas Iskariot kedah dipun gantos kangge prelu nyucekaken kalih welah rasul ingkang sampun dipun wirangaken dening tumindakipun. Tiyang ingkang nggantos Yudas Iskariot punika wonten syaratipun, inggih punika “wiwit saka pambaptise Nabi Yokanan nganti tekan ing dina sumengkane Gusti Yesus menyang ing swarga, nilar aku kabeh, anaa siji kang diwuwuhake marang kita, supaya melu dadi seksi bab wungune.” Mila saking punika, awit saking panganthinipun Sang Roh Suci ingkang nyagedaken Petrus lan kirang langkung 120 murid ingkang ngempal supados saged nemtokaken sinten ingkang badhe nggantos Yudas Iskariot. Yusuf Barsabas lan Matius dipun usulaken. Sak sampunipun ndedonga lan dipun undhi, Matias ingkang kadhapuk dados golonganipun para rasul kalih welas. Matias kapilih dados rasul temtu sanes awit saking kakiyatan dan kasagedan Petrus utawi para murid sanesipun, ananing awit saking tuntunanipun Sang Roh Suci.

Nalika badhe mutusaken satunggaling perkawis kanthi sae temtu dipun wiwiti kanthi nengenaken karsanipun Gusti. Sikep kula lan panjenengan prayoginipun miturut punapa ingkang Gusti Yesus ngendikakaken, “Nanging sampun pikajeng Kawula, namung karsa Paduka ingkang kalampahana” (Lukas 22:42). Sumangga tansah nyuwun panuntunipun Sang Roh Suci. Gusti mberkahi. Amin.|*AK

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *