Kohelet 1:2,12-14, 2:18-23; Jabur 49:1-12; Kolose 3:1-11; Lukas 12:13-21 DADI SUGIH ING NGARSANE GUSTI “Mengkono kuwi kaanané wong sing tansah nglumpukaké bandha kadonyan kanggo awaké dhéwé, nganti sugih banget; nanging ana ing paningalé Gusti Allah wong mau babar-pisan ora sugih.” (Lukas 12:21) Medsos (Media Sosial), iya liwat facebook, tiktok, youtube, utawa status ing WA, instagram utawa twitter kuwi kerep kanggo pamer kasugihan, utawa flexing. Sing gampang dipamerke iya sing kethok mata. Pamer iku bisa bener bisa uga mung ethok-ethok. Wong sing sugih tenan lumrahe malah ora nate pamer, amarga iku wis biasa. Nanging wong sing goleh wah malah kerep pamer, amarga kahanane padinan adoh saka sing dipamerke. Nalika ana sing sowan marang Gusti Yesus lan matur supaya mituturi sedulure bab andum warisan, Gusti ngelingake, “Padha diawas lan diati-ati marang watak karem bandha. Uripe wong ora gumantung marang bandha” (ay.15). Karem bandha iku ora nate rumangsa cukup, adoh saka panarimah, atur panuwun, apa maneh sokur. Pepenginan marang bandha iku ora ana watese, ndadekne tansah golek lan ngoyak, uripe ngaya numpuk bandha, nanging ora bisa ngrasakne senenge. Apa maneh menawa bandha sing diduweni mung bandha donya. Wong sugih sing gudhange kebak asil panen diarani keblinger dening Gusti Yesus. Kabeh sing diklumpukne iku bakale kanggo sapa menawa sing duwe mati bengi iki?! Bareng karo pamer kasugihan, ana uga sing pamer nalika tetulung marang wong mlarat lan rekasa. Malah ana uga acara TV sing kanggo pamer. Wong sing pamer nalika tetulung iku sejatine wis nampa pituwase, yaiku oleh pengalem dening wong liya. Nanging ing ngarsane Gusti Allah kang nitipriksa ati lan batin kita, wong sing tumindak mangkono iku sejatine babar pisan ora sugih. Sugih ing paningale Gusti Allah iku wong sing ngesorake dhiri, ngakoni menawa kabeh bandhane iku mung titipane Gusti, minangka srana kanggo makarya leladi. Amin. |*YTP
Setu, 2 Agustus 2025 Minggu Limrah
Kohelet 1:1-11; Jabur 49:1-12; Markus 10:17-22 NDHEREK GUSTI YESUS “Isih saprakara sing durung koklakoni, yakuwi: Bandhamu kabèh edolen. Banjur dhuwit pepayoné edum-edumna marang para wong miskin, temah kowé bakal olèh bandha ana ing swarga. Yèn wis, kowé banjur balia mréné menèh, mèlua Aku.” (Markus 10:21) Wong urip iku butuh bandha donya, nanging ora kabeh bisa dituku srana dhuwit, utawa diijoli dening bandha donya. Ing wacan Kitab Suci dina iki, urip sejati iku klebu sing ora isa dituku nganggo bandha kasugihan lan dhuwit sepira wae akehe. Malah Gusti Yesus paring pangandika marang wong sugih sing mlayu ngoyak Gusti Yesus lan matur, “Kula kedah nglampahi menapa supados angsal gesang ingkang sejatos?” Wangsulane Gusti Yesus, “Bandhamu kabeh edolen, banjur dhuwit pepayone edum-edumna marang para wong miskin, temah kowe bakal oleh bandha ana ing swarga”. Emane, wong sugih iku mundur saka ngarsane Gusti Yesus klawan ati sedhih, sebab bandhane akeh banget. Koruptor, maling, begal iku lumrahe sugih bandha. Nanging amarga kasugihane iku saka tumindak sing ora bener, lumrahe padha ndhelikne kasugihane. Saiki ana PPATK (Pusat Pelaporan dan Analisis Transaksi Keuangan), lan uga ana Undang-undang Nomor 8 Tahun 2010 tentang Pencegahan dan Pemberantasan Tindak Pidana Pencucian Uang, lan pemerintahan saiki diarep-arep bisa ngesahke RUU Perampasan Aset sing saka tahun 2019 bolak-balik dirembug DPR nanging ora kasil disahke dadi Undang-Undang. Nepsu melik bandha sakakeh-akehe iku ora ana enteke. Lelawanan karo ngeman marang bandha sing akeh, Gusti Yesus paring dhawuh marang wong sugih iku, supaya nguculi bebandan sing wujude bandha kasugihane sing akeh. Urip iku ora gumantung akehe bandhane. Apamaneh menawa anggone oleh kanthi cara sing ora bener. Nanging urip sejati ing Kratoning Allah iku migunakake bandha kanggo mbabarake katresnan, sih piwelas, lan tetulung marang kang kesrakat lan mlarat. Iku tegese nggunakne bandha supaya oleh urip sejati lan langgeng. Amin. |*YTP
Jemuwah, 1 Agustus 2025 Minggu Limrah
Wulang Bebasan 24:1-12; Jabur 49:1-12; Efesus 4:17-24 KAMARDHIKAN ING KAMANUNGSAN ANYAR “Padha ngrasuka kamanungsan anyar, sing katitahaké manut citrané Gusti Allah; yakuwi manut kabeneran lan kasucèné.” (Efesus 4:24) Dina iki kita wis mlebu wulan Agustus, wulan pengetan lan pahargyan kamardhikan bangsa. Urip mardhika iku ateges madeg mranata lan tanggungjawab marang urip bangsane dhewe, wis ora ngawula lan jinajah dening bangsa liya. Kamardhikan iku dadi sarana mujudake bangsa kang adil makmur, mbelani marang kabeh rakyat kanthi adil tanpa mbedak-mbedakne suku agama lan golongane. Kabeh melu bebarengan mujudake cita-cita kamardhikan, lan ora ana sing gelem balik maneh dadi bangsa sing dijajah bangsa liya. Kamardhikan ing kamanungsan anyar iku ora ana sesambungane karo bangsa liya sing njajah. Nanging bisa menang ngalahake awake dhewe, yaiku kamanungsan lawas sing gawe rusak, srana dayaning hawa nepsu sing nasarake. Gantine urip lawas iku, ngrasuk kamanungsan anyara, ngamini piwulange Gusti Yesus, lan urip dadi muride, tansah dianyarake batin lan pikirane, sangsaya memper manut citrane Gusti Allah, yaiku manut kabeneran lan kasucene. Timbalan ngrasuk ing kamanungsan anyar iki kang tansah kudu kita udi salawase. Sing dadi ukuran iku manut kabeneran lan kasucene Gusti Allah. Iya ing urip kita pribadhi, mangkono uga ing urip bebarengan sabangsa, kita tansah katimbalan ngudi tata urip sing trep marang adege kita minangka titah anyar, lan uga bangsa sing mardhika. Hawa nepsu sing ngawohake karusakan lan pati ing satengahing bangsa kita isih durung dikalahake. Tumindak korupsi, kolusi, lan nepotisme (KKN) isih durung bisa ditangani rampung. Dumeh duwe kalungguhan, kwasa, lan bala ndadekne adigang adigung lan adiguna. Ngaku ngabekti marang Gusti nanging ora ngudi sing bener lan suci iku cetha ngapusi. Mugi kita kaparingan dalane pamratobat, supaya slamet lan rahayu. Amin. |*YTP
Kemis, 31 Juli 2025 Minggu Limrah
Wulang Bebasan 23:1-11; Jabur 49:1-12; Rum 11:33-36 SAKING PANJENENGANIPUN, DENING PANJENENGANIPUN, KAGEM PANJENENGANIPUN “Awitdene anane samubarang kabeh iku saka ing Panjenengane, lan marga dening Panjenengane, sarta lumadi marang Panjenengane: Kamulyan kagema ing Panjenengane salawas-lawase!” (Rum 11:36) Rum 11: 33-36 punika dados pangalembananipun Paulus ngengingi Gusti Allah ingkang Mahaagung. Bab sakderengipun nelakaken kados pundi karsanipun Gusti Allah tumrap Israel ingkang taksih dados “misteri”. Minangka manungsa ingkang winates lan namung dados titahipun, kula lan panjenengan temtu mboten saged mangertos kanthi jangkep punapa ingkang dipun kersakaken dening Gusti Allah. Tumindak ingkang sae nalika kula lan panjenengan sami nglenggana bilih kula lan panjenengan punika winates inggih punika ngunjukaken pangalembana lan panembah dhumateng Gusti Allah. Paulus mungkasi Rum 1 ngengingi kuwaosipun Gusti Allah kanthi ayat punika. Paulus nelaksakan kanthi cetha bilih donya lan sak isinipun punika namung kagunganipun Gusti Allah, lan kula lan panjenengan gesang wonten ing satengahing kangunganipun Gusti Allah punika. Paulus lajeng mundhut pirsa ingkang wonten ing ayat sak derengipun: sapa ta kang wis tau misungsung apa-apa marang Panjenengane, temahan banjur kaparingan leliru? Wangsulanipun inggih punika mboten wonten satunggal tiyang saged. Wonten ing ayatpunika Paulis nandhesaken bilih sedayanipun namung saking Panjenenganipun. Panjenenganipun ingkang sampun nitahaken lan dados tuking sedayanipun ingkang sae. Sak lajengipun inggih punika Gusti Allah mboten namung dados Sang Khalik, ananing Panjenenganipun ugi rawuh lan “aktif” ngrimati donya lan sak isinipun punika. Sedayanipun tetap lumampah awit saking Panjenenganipun ingkang ngreksa. Ingkang pungkasan, sedaya punika namung kagem Panjenenganipun. Punika ateges sedayanipun ingkang sampun dipun titahaken punika namung kagem kamulyanipun Gusti Allah. Paulus mungkasi kanthi ukara ingkang sae sanget kagem kamulyanipun: Kamulyan kagema ing Panjenengane salawas-lawase! Punika kasunyatan. Punapa sampun sami nglenggana bilih sedayanipun punika saking Panjenenganipun, dening Panjenenganipun, lan kagem Panjenenganipun? Sumangga dipun raos-raosaken. Gusti mberkahi. Amin.|*AK
Rebo, 30 Juli 2025 Minggu Limrah
Ester 7:7-8:17; Jabur 55:16-23; Mateus 5:43-48 GUSTI ALLAH INGKANG NYAMPURNAKAKEN “Mulane kowe padha sampurnaa, kaya Ramamu ing swarga iya sampurna.”” (Matius 5:48) Kitab Suci nelakaken bilih manungsa punika kedah ngupadi kasampurnaning gesang. Ananing kasampurnan ingkang kados punapa ingkang prelu dipun upadi? Waosan Mateus 5:43-48 nglajengaken piwucalipun Gusti Yesus bab katresnan lan kawelasan, sak perangan alit saking piwucalipun Gasti wonten ing redi. Sak sampunipun mucal tiyang pitados bab kawelasan, Gusti Yesus nglajengaken mucal supados ugi nresnani mengsah-mengsahipun. Punika dados standar ingkang dipun kersakaken dening Gusti Allah. Punika kasunyatan ingkang wonten bilih pancen kula lan panjenengan kedah mujudaken katresnan dan kawelasan wonten ing laku gesang. Punapa ingkang dipun kersakaken dening Gusti Allah langkung inggil, mboten namung nresnani tiyang-tiyang ingkang remen utawi nresnani kula lan penjengan, langkung wiyar malih, nresnani tiyang-tiyang ingkang mboten remen kaliyan kula lan panjenengan. Gusti Yesus kanthi cetha mucal bilih standar kayektenipun Gusti Allah punika “mutlak”, kedah “… sampurnaa, kaya Ramamu ing swarga iya sampurna”. Perkawis punika mboten lajeng ateges bilih kawilujengan ingkang dipun paringaken namung winates tumrap tiyang-tiyang ingkang “sae”, kamangka mboten wonten satunggal tiyang ingkang “sae”. Punika sababipun Gusti Allah maringi kawilujengan namung saking sih rahmat lumantar iman. Perkawis ingkang dipun tandhesaken inggih punika, tumrap manungsa dosa mokal kangge gesang miturut standaripun Gusti Allah bilih namung nengenaken kakiyatanipun piyambak. Kasampurnan ingkang kados punapa ingkang prelu dipun upadi? Temtu kasampurnan miturut standaripun Gusti Allah. Salah satunggalipun inggih punika gesang kanthi kebak ing katresnan lan kawelasan malah tumrap tiyang-tiyang ingkang mboten remen kaliyan kula lan panjenengan. Sumangga, nalika nglampahi gesang sampun ngantos namung menggalih “kula langkung sae tinimbang tiyang sanes”. Ananing sami menggalih bilih Gusti Allah kemawong ingkang nyampurnakaken lan ndamel kula lan panjenengan “sae” wonten ing ngarsanipun Gusti. Gusti mberkahi. Amin.|*AK
Slasa, 29 Juli 2025 Minggu Limrah
Ester 6:1-7:6, Jabur 55:16-23, Rum 9:30-10:4 SANES KARANA TUMINDAKIPUN MANUNGSA “Yagene kok ora? Sabab bangsa Israel anggone ngupaya ora marga saka pracaya, nanging marga saka panggawe, marga padha kasandhung ing watu sesandhungan” (Rum 9:32) Kitab Suci kanthi cetha nelakaken bilih tumindak-tumindak ingkang sae ingkang dipun tindakaken dening kula lan panjenengan punika mboten saged dados jaminan kita namp kawilujengan. Kula lan panjenengan punika nampi kawilujengan “ora marga saka panggawe becik kang wis kita lakoni”, “dudu wohing panggawemu”. Punika ateges bilih pisungsung, nindakaken angger-anggering Gusti Allah, rawuh ngabekti wonten ing greja, lan tumindak sae sanesipun punika mboten saged milujengaken manungsa. Serat Rum 9: 30-33 nyerat punapa ingkang dipun ngendikakaken dening rasul Paulus bilih senadyan tiyang-tiyang sanes Yahudi punika mboten madosi kayektenipun Gusti Allah, ananing kayekten punika dipun paringaken dening Gusti Allah awit saking iman kapitadosanipun. Ing sisih sanes, Israel malah ngupaya kayektenipun Gusti namung lumantar tumindak-tumindak ingkang namung miturut pranatan manungsa lan mboten ngupaya kanthi iman, punika lanjeng damel tiyang-tiyang Yahudi sami kesandhung. Samangke Paulus maringi wangsulan sakeng pitakenan “yagene kok ora?” kanthi wangsulan ingkang sederhana. Piyambakipun nyerat bilih tiyang-tiyang Yahudi mboten ngupadosi supados nampi kayekten karana iman. Tiyang-tiyang punika pengin supados Gusti Allah maringi kayekten adhedasar tumindakipun, mliginipun nalika saged nindakaken pranatan manungsa. Kados dene ingkang dipun serat Paulus, mboten wonten tiyang ingkang saged nindakaken Toret kanthi sampurna, dados mboten wonten tiyang ingkang saged nindakaken tumindak ingkang leres wonten ing ngarsanipun Gusti Allah kanthi cara kados mekaten. Injil Yokanan 6:29-29 nyerat, Wong-wong mau banjur padha munjuk: “Kawula kedah sami nglampahi punapa supados nindakaken padamelan ingkang kakarsakaken dening Allah?” Dhawuh wangsulane Gusti Yesus marang wong-wong mau: “Iki pagawean kang dikarsakake dening Gusti Allah, yaiku supaya kowe padha pracaya marang kang kautus dening Allah.” Sumangga sami sangsaya pitados dhumateng Gusti Allah, pitados mboten namung ing lathi ananing ugi wonten ing manah lan pamikiran. Gusti mberkahi. Amin.|*AK
Senen, 28 Juli 2025 Minggu Limrah
Ester 5:1-14; Jabur 55:16-23; Kolose 2:16-3:1 KATON ASLI NANING PALSU “Aja nganti kaunggulanmu iku diwurungake dening wong kang rewa-rewa andhap-asor lan memuja marang malaekat, lan maneh ngaku-aku ndeleng marang kaanan kang ora katon, apadene tanpa waton anggone gumunggung dening pamikire kang cara kadonyan” (Kolose 2:18) Tiyang ingkang remen ngapusi punika nedahaken ngengingi bab ingkang mboten asli, mboten saestu. Mila tiyang ingkang ngapusi punika temtu sampun cetha dados tiyang ingkang mboten saestu nalika nelakakaken satunggaling perkawis, saged awujud laku gesang, tumindak, lan wicancenan. Gegayutan kaliyan iman, tiyang ingkang kados mekaten sampun ngantos malah damel para tiyang pitados dados bingung. Awit namung lamis tutukipun. Paulus mucal supados para tiyang pitados wonten ing Kolose mboten keblinger kaliyang piwucal-piwucal ingkang klenthu saking para rasul palsu ingkang nyelaki kayektenipun Gusti Allah. Sikep apus-apus punika dipun serat: Supados mboten gampil keblinger kaliyan piwucal ingkang klenthu sumangga sami ampun nilar pangibadah lan kempalan ingkang sangsaya damel kula lan panjenengan paham Kitab Suci. Gusti mberkahi. Amin.|*AK
Ahad, 27 Juli 2025 Minggu Limrah
Purwaning Dumadi 18:20-32; Jabur 138; Kolose 2:6-15, (16-19); Lukas 11:1-13 GUSTI, KAWULA MUGI SAMI PADUKA WULANG NDEDONGA “Ing sawijining dina Gusti Yesus ndedonga ana ing salah sawijining panggonan; bareng wis kendel, ana sakabate siji kang munjuk: “Gusti, kawula mugi sami Paduka wulang ndedonga, …” (Lukas 11:1) Bok manawi pandonga kita raosaken boten ngluwari kita saking satunggaling masalah. Ananing pandonga punika saged ngiyataken kita nalika ngadepi masalah. Gusti Yesus ing tata kamanungsanipun nglampahi kasangsaran, ananing karana pandonganipun, Panjenenganipun saged nglampahi kanthi manah ingkang kiyat kanthi masrahaken dhiri dhumateng Sang Rama. Lukas asring nandhesaken Injilipun ngengingi Gusti Yesus ingkang saweg ndedonga (Lukas 3:21; 5:16 ; 6:12 ; 9:18, 28 ). Gusti Yesus inggih punika Putraning Allah. Tamtu Penjenenganipun kagungan sesambetan ingkang celak sanget kaliyan Sang Rama. Salaminipun makarya wonten ing donya sesambetan ingkang celak punika kawujudaken nalika Gusti Yesus ndedonga. Panjenenganipun paring tuladha kadospundi manungsa prelu mbangun sesambetan kaliyan Gusti Allah. Lukas 11:1-4 punika dados cariyos pungkasan wonten ing cariyos-cariyos ngengingi berkah ingkang dipun tampi tiyang-tiyang ingkang ndhereka Panjenenganipun. Wonten ing tigang bab, Gusti Yesus mucalaken dhateng para sakabatipun ngengingi pandonga (Luk. 11:1-13). Sepisan, Panjenenganipun maringi “Donga Rama Kawula” ingkang nedahaken saiba kula lan panjenengan punika saestunipun sami gumantung dhumateng Gusti Allah (Luk. 11: 1-4). Salajengipun, Gusti Yesus ngersakaken para sakabatipun supados pitados bilih Gusti Allah punika tetep makarya kangge kasaenanipun tiyang-tiyang punika. Donga Rama Kawula ugi dipun serat wonten ing Mat. 6: 9-13, senadyan wekdalipun benten. Pandonga kedah dados ingkang sepisanan dipun tindakaken lan ingkang utami. Dados malah klenthu bilih kula lan panjenengan nembe kemutan ndedonga namung nalika mbetahaken Gusti Allah. Ugi klenthu bilih nembe ndedonga sak sampunipun usaha sanes-saneipun mboten wonten asilipun. Sumangga sedaya pandonga kula lan panjenengan dipun papanaken dados perkawis ingkang utami lan punika ingkang nyagedaken kula lan panjenengan langkung anggadahi sesambetan ingkang caket kaliyan Gusti Allah ingkang dados tuking kasaenan-kasaenan wonten ing panggesangan. Gusti mberkahi. Amin.|*AK
Setu, 26 Juli 2025 Minggu Limrah
Ester 4:1-17; Jabur 138; Lukas 8:22-25 SINTEN TA YESUS PUNIKA? “Panjenengane nuli ngandika: “Pangandelmu iku ana ing ngendi?” Kabeh padha wedi lan kaeraman, sarta padha sapocapan mangkene: “Sapa baya Panjenengane iku, dene nganti angin lan banyu padha ngestokake dhawuhe?”” (Lukas 8:25) Sinten ta Yesus punika? Pitakenan ngengingi bab punika sampun wonten wiwit 2000 tahun kepengker. Gusti Yesus ugi nate paring pitaken dhateng para sekabatipun, “Naning tumraping kowe, Aku iki sapa? (Mat. 16:15). Gusti Yesus ndangu para sakabatipun ingkang tansah ndherekaken Panjenenganipun lan nekseni pakaryanipun saha nampi piwucalipun Gusti. Lukas 8:22-25 nyerat kadospundi sikep tiyang-tiyang dhateng punapa ingkang sampun dipun tindakaken dening Yesus. Wonten ing ngriki, saben tiyang ingkang sumerep punapa ingkang dipun tindakaken dening Yesus kedah sami ngakeni sinten ta Yesus ingkang dados juru wilujeng saking prahara punika. Nalika Yesus ngleremaken segara punika, Panjenenganipun sampun milujengaken para sakabatipun dan nedahaken kadospundi Panjenenganipun punika kagungan kuwaos ingkang agung. Punapa ingkang sampun dipun tindakaken dening Yesus nalika nyarasaken tiyang sakit pranyata benten raosipun nalika Yesus ngleremaken segara. Tumrap para murid, nalika Yesus ngleremaken segara punika raosipun Panjenenganipun langkung agung, langkung kagungan kuwaos, lan langkung ndamel para murid bingung. Segara punika nggambaraken kawontenan ingkang boten sae lan sedaya ingkang awon punika mapan wonten segara. Namung Gusti Allah ingkang saged “menertibkan” toya punika. Ingkang ndamel para murid sangsaya gumun inggih punika Yesus malah ugi mboten ngunjukaken pandonga dhumateng Gusti Allah. Punapa ingkang kedadosan punika ndamel para murid kedah menggalih malih sinten ta Yesus punika. Saking prastawa ingkang sampun dipun tindakaken dening Yesus cetha sanget sinten ta Yesus, inggih punika Gusti Allah piyambak ingkang Mahakawasa. Yokanan 10:30 nyerat, “Aku lan Sang Rama iku siji.”’. Ayat punika cetha sinten ta Yesus punika, inggih punika Gusti Allah piyambak. Mila sumangga sami sangsaya pitados wonten ing Gusti Yesus ingkang Mahakawasa ngleremaken prahara wonten ing segara mesthi ugi saged ngleremaken prahara wonten ing panggesangan kula lan panjenengan. Gusti mberkahi. Amin.|*AK
Jemuwah, 25 Juli 2025 Minggu Limrah
Ester 3:7-15; Jabur 138; Lelakone Para Rasul 2:22-36 WUNGUNIPUN NYAGEDAKEN DADOS SEKSINIPUN “Inggih Gusti Yesus punika ingkang kawungokaken dening Gusti Allah, saha bab punika kula sadaya ingkang sami dados seksinipun.” (Lelakone Para Rasul 2:32) Pawartos bab wungunipun Gusti Yesus punika pancen angel dipun tampi dening nalar. Sabab pancen dereng nate wonten tiyang pejah saged tangi malih. Para muridipun Gusti Yesus piyambak angel sanget anggenipun pitados. Ananing wungunipun Gusti Yesus saking seda dados pakaryanipun Gusti Allah ngresmekaken bilih Sang Kristus sampun unggul saking dosa lan pejah. Senadyan para murid mboten gampil pitados bab wungunipun Gusti Yesus, ananing nalika sampun pinanggih piyambak kaliyan Gusti Yesus, para murid sangsaya teteg nalika badhe martosaken bab kabar kabingahan minangka seksinipun. Para seksi ingkang dipun sebat dening Petrus inggih punika 120 tiyang ingkang tetep manggen wonten ing Yerusalem lan nampi Roh Suci. Sak derengipun Gusti Yesus sumengka dhateng swarga, Gusti Yesus ngandika dhateng para murid, “Nanging kowe bakal padha tampa kasekten, samangsa Sang Roh Suci wus nedhaki marang kowe kabeh sarta kowe bakal padha dadi seksiKu ana ing Yerusalem lan ing satanah Yudea kabeh, sarta ing tanah Samaria tuwin tumeka ing pungkasaning bumi.” Sak sakmpunipun sami nampi Roh Suci, samangke para murid punika sami nindakaken punapa ingkang dipun kersakaken dening Gusti Yesus minangka seksinipun. 120 murid punika sami mangertos bilih sami kedah maringi paseksen ngengingi Gusti Yesus lan sedaya pakaryanipun, Panjenenganipun punika Sang Mesih, seda lan wungunipun kangge ngluwari saking dosa tumrap tiyang ingkang pitados. Ananing pranyata tembung ingkang dipun terjemahaken “seksi” punika ugi saged ateges “martir”, inggih punika tiyang ingkang dipun ukum awit mboten purun nyelaki imanipun. Pranyata awrat dados seksinipun Gusti Yesus punika. Minangka tiyang Kristen, ingkang dipun sebat iman punika pranyata tetep prelu proses. Para murid ugi prelu proses saking mboten pitados bilih Gusti Yesus wungu dados kanthi teteg dados seksinipun. Prelu proses kangge paham, mangertos, nampi wungunipun Sang Kristus. Iman punika ingkang lajeng nyagedaken para murid dados seksinipun. Sumangga, sami sumadya sinau lan dados seksinipun Gusti Yesus lumantar tumindak lan wicantenan. Gusti mberkahi. Amin.|*AK
