Ester 7:7-8:17; Jabur 55:16-23; Mateus 5:43-48
GUSTI ALLAH INGKANG NYAMPURNAKAKEN
“Mulane kowe padha sampurnaa, kaya Ramamu ing swarga iya sampurna.”” (Matius 5:48)
Kitab Suci nelakaken bilih manungsa punika kedah ngupadi kasampurnaning gesang. Ananing kasampurnan ingkang kados punapa ingkang prelu dipun upadi?
Waosan Mateus 5:43-48 nglajengaken piwucalipun Gusti Yesus bab katresnan lan kawelasan, sak perangan alit saking piwucalipun Gasti wonten ing redi. Sak sampunipun mucal tiyang pitados bab kawelasan, Gusti Yesus nglajengaken mucal supados ugi nresnani mengsah-mengsahipun. Punika dados standar ingkang dipun kersakaken dening Gusti Allah. Punika kasunyatan ingkang wonten bilih pancen kula lan panjenengan kedah mujudaken katresnan dan kawelasan wonten ing laku gesang. Punapa ingkang dipun kersakaken dening Gusti Allah langkung inggil, mboten namung nresnani tiyang-tiyang ingkang remen utawi nresnani kula lan penjengan, langkung wiyar malih, nresnani tiyang-tiyang ingkang mboten remen kaliyan kula lan panjenengan. Gusti Yesus kanthi cetha mucal bilih standar kayektenipun Gusti Allah punika “mutlak”, kedah “… sampurnaa, kaya Ramamu ing swarga iya sampurna”. Perkawis punika mboten lajeng ateges bilih kawilujengan ingkang dipun paringaken namung winates tumrap tiyang-tiyang ingkang “sae”, kamangka mboten wonten satunggal tiyang ingkang “sae”. Punika sababipun Gusti Allah maringi kawilujengan namung saking sih rahmat lumantar iman. Perkawis ingkang dipun tandhesaken inggih punika, tumrap manungsa dosa mokal kangge gesang miturut standaripun Gusti Allah bilih namung nengenaken kakiyatanipun piyambak.
Kasampurnan ingkang kados punapa ingkang prelu dipun upadi? Temtu kasampurnan miturut standaripun Gusti Allah. Salah satunggalipun inggih punika gesang kanthi kebak ing katresnan lan kawelasan malah tumrap tiyang-tiyang ingkang mboten remen kaliyan kula lan panjenengan. Sumangga, nalika nglampahi gesang sampun ngantos namung menggalih “kula langkung sae tinimbang tiyang sanes”. Ananing sami menggalih bilih Gusti Allah kemawong ingkang nyampurnakaken lan ndamel kula lan panjenengan “sae” wonten ing ngarsanipun Gusti. Gusti mberkahi. Amin.|*AK
