+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 31 Juli 2025 Minggu Limrah

Wulang Bebasan 23:1-11; Jabur 49:1-12; Rum 11:33-36

SAKING PANJENENGANIPUN, DENING PANJENENGANIPUN, KAGEM PANJENENGANIPUN

“Awitdene anane samubarang kabeh iku saka ing Panjenengane,

lan marga dening Panjenengane, sarta lumadi marang Panjenengane:

Kamulyan kagema ing Panjenengane salawas-lawase!(Rum 11:36)

Rum 11: 33-36 punika dados pangalembananipun Paulus ngengingi Gusti Allah ingkang Mahaagung. Bab sakderengipun nelakaken kados pundi karsanipun Gusti Allah tumrap Israel ingkang taksih dados “misteri”. Minangka manungsa ingkang winates lan namung dados titahipun, kula lan panjenengan temtu mboten saged mangertos kanthi jangkep punapa ingkang dipun kersakaken dening Gusti Allah. Tumindak ingkang sae nalika kula lan panjenengan sami nglenggana bilih kula lan panjenengan punika winates inggih punika ngunjukaken pangalembana lan panembah dhumateng Gusti Allah.

Paulus mungkasi Rum 1 ngengingi kuwaosipun Gusti Allah kanthi ayat punika. Paulus nelaksakan kanthi cetha bilih donya lan sak isinipun punika namung kagunganipun Gusti Allah, lan kula lan panjenengan gesang wonten ing satengahing kangunganipun Gusti Allah punika. Paulus lajeng mundhut pirsa ingkang wonten ing ayat sak derengipun: sapa ta kang wis tau misungsung apa-apa marang Panjenengane, temahan banjur kaparingan leliru? Wangsulanipun inggih punika mboten wonten satunggal tiyang saged. Wonten ing ayatpunika Paulis nandhesaken bilih sedayanipun namung saking Panjenenganipun. Panjenenganipun ingkang sampun nitahaken lan dados tuking sedayanipun ingkang sae. Sak lajengipun inggih punika  Gusti Allah mboten namung dados Sang Khalik, ananing Panjenenganipun ugi rawuh lan “aktif” ngrimati donya lan sak isinipun punika. Sedayanipun tetap lumampah awit saking Panjenenganipun ingkang ngreksa. Ingkang pungkasan, sedaya punika namung kagem Panjenenganipun. Punika ateges sedayanipun ingkang sampun dipun titahaken punika namung kagem kamulyanipun Gusti Allah. Paulus mungkasi kanthi ukara ingkang sae sanget kagem kamulyanipun: Kamulyan kagema ing Panjenengane salawas-lawase! Punika kasunyatan.

Punapa sampun sami nglenggana bilih sedayanipun punika saking Panjenenganipun, dening Panjenenganipun, lan kagem Panjenenganipun? Sumangga dipun raos-raosaken. Gusti mberkahi. Amin.|*AK

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *