Wulang Bebasan 24:1-12; Jabur 49:1-12; Efesus 4:17-24
KAMARDHIKAN ING KAMANUNGSAN ANYAR
“Padha ngrasuka kamanungsan anyar,
sing katitahaké manut citrané Gusti Allah;
yakuwi manut kabeneran lan kasucèné.”
(Efesus 4:24)
Dina iki kita wis mlebu wulan Agustus, wulan pengetan lan pahargyan kamardhikan bangsa. Urip mardhika iku ateges madeg mranata lan tanggungjawab marang urip bangsane dhewe, wis ora ngawula lan jinajah dening bangsa liya. Kamardhikan iku dadi sarana mujudake bangsa kang adil makmur, mbelani marang kabeh rakyat kanthi adil tanpa mbedak-mbedakne suku agama lan golongane. Kabeh melu bebarengan mujudake cita-cita kamardhikan, lan ora ana sing gelem balik maneh dadi bangsa sing dijajah bangsa liya.
Kamardhikan ing kamanungsan anyar iku ora ana sesambungane karo bangsa liya sing njajah. Nanging bisa menang ngalahake awake dhewe, yaiku kamanungsan lawas sing gawe rusak, srana dayaning hawa nepsu sing nasarake. Gantine urip lawas iku, ngrasuk kamanungsan anyara, ngamini piwulange Gusti Yesus, lan urip dadi muride, tansah dianyarake batin lan pikirane, sangsaya memper manut citrane Gusti Allah, yaiku manut kabeneran lan kasucene. Timbalan ngrasuk ing kamanungsan anyar iki kang tansah kudu kita udi salawase. Sing dadi ukuran iku manut kabeneran lan kasucene Gusti Allah.
Iya ing urip kita pribadhi, mangkono uga ing urip bebarengan sabangsa, kita tansah katimbalan ngudi tata urip sing trep marang adege kita minangka titah anyar, lan uga bangsa sing mardhika. Hawa nepsu sing ngawohake karusakan lan pati ing satengahing bangsa kita isih durung dikalahake. Tumindak korupsi, kolusi, lan nepotisme (KKN) isih durung bisa ditangani rampung. Dumeh duwe kalungguhan, kwasa, lan bala ndadekne adigang adigung lan adiguna. Ngaku ngabekti marang Gusti nanging ora ngudi sing bener lan suci iku cetha ngapusi. Mugi kita kaparingan dalane pamratobat, supaya slamet lan rahayu. Amin. |*YTP
