+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 2 Agustus 2025 Minggu Limrah

Kohelet 1:1-11; Jabur 49:1-12; Markus 10:17-22

NDHEREK GUSTI YESUS

“Isih saprakara sing durung koklakoni, yakuwi: Bandhamu kabèh edolen.

Banjur dhuwit pepayoné edum-edumna marang para wong miskin,

temah kowé bakal olèh bandha ana ing swarga. Yèn wis, kowé banjur balia

mréné menèh, mèlua Aku.”  (Markus 10:21)

Wong urip iku butuh bandha donya, nanging ora kabeh bisa dituku srana dhuwit, utawa diijoli dening bandha donya. Ing wacan Kitab Suci dina iki, urip sejati iku klebu sing ora isa dituku nganggo  bandha kasugihan lan dhuwit sepira wae akehe. Malah Gusti Yesus paring pangandika marang wong sugih sing mlayu ngoyak Gusti Yesus lan matur, “Kula kedah nglampahi menapa supados angsal gesang ingkang sejatos?” Wangsulane Gusti Yesus, “Bandhamu kabeh edolen, banjur dhuwit pepayone edum-edumna marang para wong miskin, temah kowe bakal oleh bandha ana ing swarga”. Emane, wong sugih iku mundur saka ngarsane Gusti Yesus klawan ati sedhih, sebab bandhane akeh banget.

Koruptor, maling, begal iku lumrahe sugih bandha. Nanging amarga kasugihane iku saka tumindak sing ora bener, lumrahe padha ndhelikne kasugihane. Saiki ana PPATK (Pusat Pelaporan dan Analisis Transaksi Keuangan), lan uga ana Undang-undang Nomor 8 Tahun 2010 tentang Pencegahan dan Pemberantasan Tindak Pidana Pencucian Uang, lan pemerintahan saiki diarep-arep bisa ngesahke RUU Perampasan Aset sing saka tahun 2019 bolak-balik dirembug DPR nanging ora kasil disahke dadi Undang-Undang.

Nepsu melik bandha sakakeh-akehe iku ora ana enteke. Lelawanan karo ngeman marang bandha sing akeh, Gusti Yesus paring dhawuh marang wong sugih iku, supaya nguculi bebandan sing wujude bandha kasugihane sing akeh. Urip iku ora gumantung akehe bandhane. Apamaneh menawa anggone oleh kanthi cara sing ora bener. Nanging urip sejati ing Kratoning Allah iku migunakake bandha kanggo mbabarake katresnan, sih piwelas, lan tetulung marang kang kesrakat lan mlarat. Iku tegese nggunakne bandha supaya oleh urip sejati lan langgeng. Amin. |*YTP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *