+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 3 Agustus 2025 Minggu Limrah

Kohelet 1:2,12-14, 2:18-23; Jabur 49:1-12; Kolose 3:1-11; Lukas 12:13-21

DADI SUGIH ING NGARSANE GUSTI

“Mengkono kuwi kaanané wong sing tansah nglumpukaké bandha kadonyan kanggo awaké dhéwé, nganti sugih banget; nanging ana ing paningalé Gusti Allah wong mau babar-pisan ora sugih.” (Lukas 12:21)

Medsos (Media Sosial), iya liwat facebook, tiktok, youtube, utawa status ing WA, instagram utawa twitter kuwi kerep kanggo pamer kasugihan, utawa flexing. Sing gampang dipamerke iya sing kethok mata. Pamer iku bisa bener bisa uga mung ethok-ethok.  Wong sing sugih tenan lumrahe malah ora nate pamer, amarga iku wis biasa. Nanging wong sing goleh wah malah kerep pamer, amarga kahanane padinan adoh saka sing dipamerke.

Nalika ana sing sowan marang Gusti Yesus lan matur supaya mituturi sedulure bab andum warisan, Gusti ngelingake, “Padha diawas lan diati-ati marang watak karem bandha. Uripe wong ora gumantung marang bandha” (ay.15). Karem bandha iku ora nate rumangsa cukup, adoh saka panarimah, atur panuwun, apa maneh sokur. Pepenginan marang bandha iku ora ana watese, ndadekne tansah golek lan ngoyak, uripe ngaya numpuk bandha, nanging ora bisa ngrasakne senenge. Apa maneh menawa bandha sing diduweni mung bandha donya. Wong sugih sing gudhange kebak asil panen diarani keblinger dening Gusti Yesus. Kabeh sing diklumpukne iku bakale kanggo sapa menawa sing duwe mati bengi iki?!

Bareng karo pamer kasugihan, ana uga sing pamer nalika tetulung marang wong mlarat lan rekasa. Malah ana uga acara TV sing kanggo pamer. Wong sing pamer nalika tetulung iku sejatine wis nampa pituwase, yaiku oleh pengalem dening wong liya. Nanging ing ngarsane Gusti Allah kang nitipriksa ati lan batin kita, wong sing tumindak mangkono iku sejatine babar pisan ora sugih. Sugih ing paningale Gusti Allah iku wong sing ngesorake dhiri, ngakoni menawa kabeh bandhane iku mung titipane Gusti, minangka srana kanggo makarya leladi. Amin. |*YTP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *