Kohelet 2:1-17; Jabur 127; Kolose 3:18-4:1
SUMUYUD MARANG BENDARA KITA
“Para bendara, padha tumindaka sing bener lan sing adil marang para baturmu. Élinga yèn kowé dhéwé uga duwé bendara ana ing swarga”
(Kolose 4:1)
Dina iki kita nampani pitutur marang para wong wadon, supaya sumuyud marang somahe. Bocah-bocah wajib mbangun turut marang wong tuwane. Lan batur padha manuta marang bendarane. Sumuyud iku tegese ngajeni lan urmat. Wong sing sumuyud bakal mbangun turut, manut, gawe renane sing disumuyudi. Ing brayat Kristen, dhasar anggone sumuyud ora liya amarga iku kersane Gusti.
Nalika disumuyudi, wong lanang kudu nresnani lan aja pisan-pisan ngasari marang sing wadon. Mangkono uga wong tuwa wajib njaga atine anak-anake supaya aja nganti semplah. Lan marang para bendara, dielingake menawa uga nduweni Bendara ing swarga. Anggone sumuyud iku kanthi katresnan, lan ditindakne amarga iku kersane Gusti. Sing sumuyud ora diasorake, nanging dijaga kanthi katresnan lan kawelasan.
Sesambetan antarane wong lanang lan wadon, wong tuwa lan anak, bendara lan batur manut miturut kersane Gusti iku ora ngesorake salah sijine. Tumindak kasar marang somahe, gawe semplah ati anake, lan nindhes marang bature iku ateges ora mbangunturut marang Gusti Allah kang jumeneng minangka Sang Bendara Agung kita. Adoh saka nggunakne kwasa sing ngereh lan nindhes, Gusti Allah mbabarke katresnane marang kita.
Urip sing sumuyud ngestokake kersane Gusti iku dhasare dudu rasa wedi, utawa kepeksa. Nanging ngerti menawa iku pancen bener lan kudu ditindakne. Lan linuwih tinimbang gambaran guru galak utawa polisi sing medeni. Anggone kita mbangunturut marang Gusti iku amarga kita precaya iku sing becik lan ndadekne urip kita rahayu. Kayadene Gusti Allah Bendara Agung kita wis tumindak sing bener, adil, lan becik marang para abdine, kita uga kadhawuhan supaya tumindak sing kaya mangkono uga. Amin. |*YTP
