Ester 6:1-7:6, Jabur 55:16-23, Rum 9:30-10:4
SANES KARANA TUMINDAKIPUN MANUNGSA
“Yagene kok ora? Sabab bangsa Israel anggone ngupaya ora marga saka pracaya, nanging marga saka panggawe, marga padha kasandhung ing
watu sesandhungan” (Rum 9:32)
Kitab Suci kanthi cetha nelakaken bilih tumindak-tumindak ingkang sae ingkang dipun tindakaken dening kula lan panjenengan punika mboten saged dados jaminan kita namp kawilujengan. Kula lan panjenengan punika nampi kawilujengan “ora marga saka panggawe becik kang wis kita lakoni”, “dudu wohing panggawemu”. Punika ateges bilih pisungsung, nindakaken angger-anggering Gusti Allah, rawuh ngabekti wonten ing greja, lan tumindak sae sanesipun punika mboten saged milujengaken manungsa.
Serat Rum 9: 30-33 nyerat punapa ingkang dipun ngendikakaken dening rasul Paulus bilih senadyan tiyang-tiyang sanes Yahudi punika mboten madosi kayektenipun Gusti Allah, ananing kayekten punika dipun paringaken dening Gusti Allah awit saking iman kapitadosanipun. Ing sisih sanes, Israel malah ngupaya kayektenipun Gusti namung lumantar tumindak-tumindak ingkang namung miturut pranatan manungsa lan mboten ngupaya kanthi iman, punika lanjeng damel tiyang-tiyang Yahudi sami kesandhung. Samangke Paulus maringi wangsulan sakeng pitakenan “yagene kok ora?” kanthi wangsulan ingkang sederhana. Piyambakipun nyerat bilih tiyang-tiyang Yahudi mboten ngupadosi supados nampi kayekten karana iman. Tiyang-tiyang punika pengin supados Gusti Allah maringi kayekten adhedasar tumindakipun, mliginipun nalika saged nindakaken pranatan manungsa. Kados dene ingkang dipun serat Paulus, mboten wonten tiyang ingkang saged nindakaken Toret kanthi sampurna, dados mboten wonten tiyang ingkang saged nindakaken tumindak ingkang leres wonten ing ngarsanipun Gusti Allah kanthi cara kados mekaten.
Injil Yokanan 6:29-29 nyerat, Wong-wong mau banjur padha munjuk: “Kawula kedah sami nglampahi punapa supados nindakaken padamelan ingkang kakarsakaken dening Allah?” Dhawuh wangsulane Gusti Yesus marang wong-wong mau: “Iki pagawean kang dikarsakake dening Gusti Allah, yaiku supaya kowe padha pracaya marang kang kautus dening Allah.” Sumangga sami sangsaya pitados dhumateng Gusti Allah, pitados mboten namung ing lathi ananing ugi wonten ing manah lan pamikiran. Gusti mberkahi. Amin.|*AK
