Ester 5:1-14; Jabur 55:16-23; Kolose 2:16-3:1
KATON ASLI NANING PALSU
“Aja nganti kaunggulanmu iku diwurungake dening wong kang rewa-rewa andhap-asor lan memuja marang malaekat, lan maneh ngaku-aku ndeleng marang kaanan kang ora katon, apadene tanpa waton anggone
gumunggung dening pamikire kang cara kadonyan”
(Kolose 2:18)
Tiyang ingkang remen ngapusi punika nedahaken ngengingi bab ingkang mboten asli, mboten saestu. Mila tiyang ingkang ngapusi punika temtu sampun cetha dados tiyang ingkang mboten saestu nalika nelakakaken satunggaling perkawis, saged awujud laku gesang, tumindak, lan wicancenan. Gegayutan kaliyan iman, tiyang ingkang kados mekaten sampun ngantos malah damel para tiyang pitados dados bingung. Awit namung lamis tutukipun.
Paulus mucal supados para tiyang pitados wonten ing Kolose mboten keblinger kaliyang piwucal-piwucal ingkang klenthu saking para rasul palsu ingkang nyelaki kayektenipun Gusti Allah. Sikep apus-apus punika dipun serat:
- rewa-rewa andhap asor, tiyang-tiyang ingkang andhap asor temtu sae, ananing bilih sikep punika lajeng dipun tindakaken mboten kanthi saestu sami mawos naminipun apus-apus senadyan tiyang punika siyam, selibat, lan sanesipun.
- memuja malaekat, Gusti yesus cetha mucal bilih kula lan panjenengan kedhah nyembah dhumateng Gusti Allah kemawon (Mat. 4:10). Para guru palsu mucal bab ingkang klenthu ingkang ndamel pasamuwan nindakaken ingkang mboten dipun kersakaken dening Gusti Allah.
- ngaku-ngaku ndeleng kaanan kang ora katon, Paulus pancen sampun nate mirsani perkawis ingkang “ilahi”, ananing ingkang dipun tandhesaken inggih punika sampun ngantos tiyang-tiyang ingkang saged “ndeleng kaanan kang ora katon” punika lajeng namung damel mulyakaken dhirinipun piyambak.
- gumunggung dening pamikire dewe, sikep punika temtu nandhesaken sikep sombong, ingkang nedahaken bilih tiyang punika kepengin supados dipun akeni dados tiyang ingkang pinter.
Supados mboten gampil keblinger kaliyan piwucal ingkang klenthu sumangga sami ampun nilar pangibadah lan kempalan ingkang sangsaya damel kula lan panjenengan paham Kitab Suci. Gusti mberkahi. Amin.|*AK
