Purwaning Dumadi 18:20-32; Jabur 138; Kolose 2:6-15, (16-19); Lukas 11:1-13
GUSTI, KAWULA MUGI SAMI PADUKA WULANG NDEDONGA
“Ing sawijining dina Gusti Yesus ndedonga ana ing salah sawijining panggonan; bareng wis kendel, ana sakabate siji kang munjuk: “Gusti, kawula mugi sami Paduka wulang ndedonga, …” (Lukas 11:1)
Bok manawi pandonga kita raosaken boten ngluwari kita saking satunggaling masalah. Ananing pandonga punika saged ngiyataken kita nalika ngadepi masalah. Gusti Yesus ing tata kamanungsanipun nglampahi kasangsaran, ananing karana pandonganipun, Panjenenganipun saged nglampahi kanthi manah ingkang kiyat kanthi masrahaken dhiri dhumateng Sang Rama.
Lukas asring nandhesaken Injilipun ngengingi Gusti Yesus ingkang saweg ndedonga (Lukas 3:21; 5:16 ; 6:12 ; 9:18, 28 ). Gusti Yesus inggih punika Putraning Allah. Tamtu Penjenenganipun kagungan sesambetan ingkang celak sanget kaliyan Sang Rama. Salaminipun makarya wonten ing donya sesambetan ingkang celak punika kawujudaken nalika Gusti Yesus ndedonga. Panjenenganipun paring tuladha kadospundi manungsa prelu mbangun sesambetan kaliyan Gusti Allah. Lukas 11:1-4 punika dados cariyos pungkasan wonten ing cariyos-cariyos ngengingi berkah ingkang dipun tampi tiyang-tiyang ingkang ndhereka Panjenenganipun. Wonten ing tigang bab, Gusti Yesus mucalaken dhateng para sakabatipun ngengingi pandonga (Luk. 11:1-13). Sepisan, Panjenenganipun maringi “Donga Rama Kawula” ingkang nedahaken saiba kula lan panjenengan punika saestunipun sami gumantung dhumateng Gusti Allah (Luk. 11: 1-4). Salajengipun, Gusti Yesus ngersakaken para sakabatipun supados pitados bilih Gusti Allah punika tetep makarya kangge kasaenanipun tiyang-tiyang punika. Donga Rama Kawula ugi dipun serat wonten ing Mat. 6: 9-13, senadyan wekdalipun benten.
Pandonga kedah dados ingkang sepisanan dipun tindakaken lan ingkang utami. Dados malah klenthu bilih kula lan panjenengan nembe kemutan ndedonga namung nalika mbetahaken Gusti Allah. Ugi klenthu bilih nembe ndedonga sak sampunipun usaha sanes-saneipun mboten wonten asilipun. Sumangga sedaya pandonga kula lan panjenengan dipun papanaken dados perkawis ingkang utami lan punika ingkang nyagedaken kula lan panjenengan langkung anggadahi sesambetan ingkang caket kaliyan Gusti Allah ingkang dados tuking kasaenan-kasaenan wonten ing panggesangan. Gusti mberkahi. Amin.|*AK
