Ester 4:1-17; Jabur 138; Lukas 8:22-25
SINTEN TA YESUS PUNIKA?
“Panjenengane nuli ngandika: “Pangandelmu iku ana ing ngendi?” Kabeh
padha wedi lan kaeraman, sarta padha sapocapan mangkene: “Sapa baya Panjenengane iku, dene nganti angin lan banyu padha ngestokake dhawuhe?”” (Lukas 8:25)
Sinten ta Yesus punika? Pitakenan ngengingi bab punika sampun wonten wiwit 2000 tahun kepengker. Gusti Yesus ugi nate paring pitaken dhateng para sekabatipun, “Naning tumraping kowe, Aku iki sapa? (Mat. 16:15). Gusti Yesus ndangu para sakabatipun ingkang tansah ndherekaken Panjenenganipun lan nekseni pakaryanipun saha nampi piwucalipun Gusti.
Lukas 8:22-25 nyerat kadospundi sikep tiyang-tiyang dhateng punapa ingkang sampun dipun tindakaken dening Yesus. Wonten ing ngriki, saben tiyang ingkang sumerep punapa ingkang dipun tindakaken dening Yesus kedah sami ngakeni sinten ta Yesus ingkang dados juru wilujeng saking prahara punika. Nalika Yesus ngleremaken segara punika, Panjenenganipun sampun milujengaken para sakabatipun dan nedahaken kadospundi Panjenenganipun punika kagungan kuwaos ingkang agung. Punapa ingkang sampun dipun tindakaken dening Yesus nalika nyarasaken tiyang sakit pranyata benten raosipun nalika Yesus ngleremaken segara. Tumrap para murid, nalika Yesus ngleremaken segara punika raosipun Panjenenganipun langkung agung, langkung kagungan kuwaos, lan langkung ndamel para murid bingung. Segara punika nggambaraken kawontenan ingkang boten sae lan sedaya ingkang awon punika mapan wonten segara. Namung Gusti Allah ingkang saged “menertibkan” toya punika. Ingkang ndamel para murid sangsaya gumun inggih punika Yesus malah ugi mboten ngunjukaken pandonga dhumateng Gusti Allah. Punapa ingkang kedadosan punika ndamel para murid kedah menggalih malih sinten ta Yesus punika. Saking prastawa ingkang sampun dipun tindakaken dening Yesus cetha sanget sinten ta Yesus, inggih punika Gusti Allah piyambak ingkang Mahakawasa.
Yokanan 10:30 nyerat, “Aku lan Sang Rama iku siji.”’. Ayat punika cetha sinten ta Yesus punika, inggih punika Gusti Allah piyambak. Mila sumangga sami sangsaya pitados wonten ing Gusti Yesus ingkang Mahakawasa ngleremaken prahara wonten ing segara mesthi ugi saged ngleremaken prahara wonten ing panggesangan kula lan panjenengan. Gusti mberkahi. Amin.|*AK
