+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jemuwah, 25 Juli 2025 Minggu Limrah

Ester 3:7-15; Jabur 138; Lelakone Para Rasul 2:22-36

WUNGUNIPUN NYAGEDAKEN DADOS SEKSINIPUN

“Inggih Gusti Yesus punika ingkang kawungokaken dening Gusti Allah, saha bab punika kula sadaya ingkang sami dados seksinipun.” (Lelakone Para Rasul 2:32)

Pawartos bab wungunipun Gusti Yesus punika pancen angel dipun tampi dening nalar. Sabab pancen dereng nate wonten tiyang pejah saged tangi malih. Para muridipun Gusti Yesus piyambak angel sanget anggenipun pitados. Ananing wungunipun Gusti Yesus saking seda dados pakaryanipun Gusti Allah ngresmekaken bilih Sang Kristus sampun unggul saking dosa lan pejah. Senadyan para murid mboten gampil pitados bab wungunipun Gusti Yesus, ananing nalika sampun pinanggih piyambak kaliyan Gusti Yesus, para murid sangsaya teteg nalika badhe martosaken bab kabar kabingahan minangka seksinipun.

Para seksi ingkang dipun sebat dening Petrus inggih punika 120 tiyang ingkang tetep manggen wonten ing Yerusalem lan nampi Roh Suci. Sak derengipun Gusti Yesus sumengka dhateng swarga, Gusti Yesus ngandika dhateng para murid, “Nanging kowe bakal padha tampa kasekten, samangsa Sang Roh Suci wus nedhaki marang kowe kabeh sarta kowe bakal padha dadi seksiKu ana ing Yerusalem lan ing satanah Yudea kabeh, sarta ing tanah Samaria tuwin tumeka ing pungkasaning bumi.” Sak sakmpunipun sami nampi Roh Suci, samangke para murid punika sami nindakaken punapa ingkang dipun kersakaken dening Gusti Yesus minangka seksinipun. 120 murid punika sami mangertos bilih sami kedah maringi paseksen ngengingi Gusti Yesus lan sedaya pakaryanipun, Panjenenganipun punika Sang Mesih, seda lan wungunipun kangge ngluwari saking dosa tumrap tiyang ingkang pitados. Ananing pranyata tembung ingkang dipun terjemahaken “seksi” punika ugi saged ateges “martir”, inggih punika tiyang ingkang dipun ukum awit mboten purun nyelaki imanipun. Pranyata awrat dados seksinipun Gusti Yesus punika.

Minangka tiyang Kristen, ingkang dipun sebat iman punika pranyata tetep prelu proses. Para murid ugi prelu proses saking mboten pitados bilih Gusti Yesus wungu dados kanthi teteg dados seksinipun. Prelu proses kangge paham, mangertos, nampi wungunipun Sang Kristus. Iman punika ingkang lajeng nyagedaken para murid dados seksinipun. Sumangga, sami sumadya sinau lan dados seksinipun Gusti Yesus lumantar tumindak lan wicantenan. Gusti mberkahi. Amin.|*AK

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *