Yeremia 33:14-26; Jabur 89:1-18; Lukas 12:41-48 KATIMBALAN DADI ABDI, DUDU DADI BENDARA “Nanging abdi sing ora ngerti kersané bendarané, mangka sajroné nindakaké kersané bendarané mau gawé keluputan, sing marakaké wong mau diukum, ukumané bakal ènthèng. Sebab sing sapa diparingi akèh, kuwi bakal dipundhuti akèh, lan sing sapa dipasrahi prekara akèh, uga bakal dipundhuti pétungan akèh” (Lukas 12:48) Ing ngarsane Gusti, kita kabeh iku katimbalan dadi abdi. Ing urip bebarengan, PNS (pegawai negeri sipil) utawa saiki disebut ASN (aparat sipil negara) iku uga disebut minangka “abdi negara”. Dene para pejabat sing ngasta kalenggahan diarani “abdi masyarakat”. Tegese timbalan dadi abdi iku ora mung manungsa minangka umat ing ngarsane Gusti, nanging ing urip bebarengan ana uga sing katimbalan dadi abdine negara lan abdine masyarakat. Abdi iku leladi marang bendara. Abdi negara tegese ngabdi kanggo kapentingane negara. Dene abdi masyarakat iku ngabdi kanggo kapentingane masyarakat. Sing dadi bendarane iku negara lan masyarakat. Kanyatan sing ana, nalika ngladeni masyarakat akeh abdi negara lan abdi masyarakat sing njaluk fasilitas linuwih, njaluk diajeni lan diurmati kayadene bendara. Menawa ora ana besel urusane digawe angel, yen pengin lancar kudu nggawa amplop. Praktek iki isih kelakon ing urusan padinan nalika kudu mbayar pajeg, ngurus surat-surat, malah uga nalika ngurus sekolah anak. Jane sapa sing dadi bendara lan sapa sing katimbalan dadi abdi? DPR sing jarene wakil rakyat, tegese dadi bature rakyat, uga kerep lali menawa anggone bisa lungguh iku amarga dipilih lan dipercaya dening rakyat sing dadi bendarane. Gusti Yesus memulang, sakabehe sing wis diparingake iku bakale diaturake kanthi tanggungjawab ing ngarsane Gusti. sing diparingi akeh uga bakal dipundhuti akeh. Dadi abdi negara lan abdi masyarakat iku diparingi akeh, linuwih tinimbang sing pegaweyane dadi tani, tukang, bakul dodolan, utawa buruh. Elinga menawa kabeh katimbalan supaya ngabdi lan makarya leladi, marang Bendara saka sakabehing bendara ing donya iki, iya iku ngabdi lan leladi marang Gusti. Amin. |*YTP
Slasa, 12 Agustus 2025 Minggu Limrah
II Babad 34:22-33; Jabur 89:1-18; Ibrani 11:17-28 NEPOTISME TANDHANE ORA PRACAYA “Merga saka precaya rama lan ibuné Nabi Musa ndhelikaké putrané nganti umur telung sasi. Rama lan ibuné pirsa yèn bayi mau rupané bagus, lan wong-wong mau padha ora wedi nglawan dhawuhé Sang Prabu” (Ibrani 11:23) Pracaya iku ngawohake kekendelan. Rama lan Ibune Musa precaya, menawa kudu nylametake bayine, ora wedi nglawan dhawuhe Sang Prabu Pringon, supaya saben bayi lanang sing lair ing antarane wong Israel dipateni. Saben wong tuwa mesthi ora lila menawa bayine dipateni. Nanging mung Rama lan Ibune Musa sing golek cara, gawe kranjang lan nyelehke bayine supaya keli menyang panggonane Sang Putri Pringon siram. Lan kanthi cara iku Musa diangkat anak dening Putri Pringon, nanging tetep bisa nyusu saka ibune dhewe. Padha karo lelakone wong tuwane Musa, Rama Abraham manut nalika didhawuhi ngurbanke Iskak. Rama Abraham pracaya menawa Gusti Allah kwasa nguripake Iskak saka pati. Pambangunturute Rama lan Ibune Musa, lan anggone Rama Abraham sumuyud ngestokake dhawuh supaya ngorbanake Iskak iki lelawanan karo tumindak nepotisme. Ing tata urip bangsa Indonesia, ana sing diarani politik dinasti. Wong tuwa sing ngasta kalungguhan melu cawe-cawe lan nyepakne anak-anake supaya uga bisa nduweni kalungguhan. Malah menawa perlu undang-undang sing dadi pengalang-alang pepenginane iku diowahi. Iki jenenge nepotisme. Iki tandhane ora precaya anake bisa nyambut gawe lan oleh kalungguhan menawa ora dibukakne dalan lan direwangi wong tuwane. Sanajan gedhe ing kratone Prabu Pringon, Musa nalika dewasa milih nunggil karo bangsane. Saiki pracayane wong tuwane Musa wis dadi kaprecayane Musa. Mangkono uga Iskak sinau saka kaprecayane Rama Abraham, anggone sumuyud marang Gusti wutuh sakabehe. Iki lelawanan karo politik dinasti utawa nepotisme, sing ngandelake aji mumpung, mumpung wong tuwane duwe kwasa lan kalungguhan, ora isin sanajan tumindake ora patut lan dadi rerasanan. Pracaya marang Gusti iku lelawanan karo nepotisme. Amin. |*YTP
Senen, 11 Agustus 2025 Minggu Limrah
II Babad 33:1-17, Jabur 89:1-18, Ibrani 11:1-7 DIBENERAKE AMARGA PRACAYA “Ora ana wong sing bisa gawé renaning penggalihé Allah tanpa precaya. Sing sapa sowan ana ing ngarsané Allah kudu precaya yèn Gusti Allah kuwi ana, lan maringi ganjaran marang kang padha nggolèki Panjenengané” (Ibrani 11:6) Serat Ibrani bab 11 ndaftarake para leluhur sing dadi tuladha ing precaya marang Gusti Allah. Gusti Allah iku ora bisa katon dening mripat, nanging wong sing precaya yakin ing pengarep-arep sing ana ing patunggilane Gusti. Wong precaya ngamini pakaryane Gusti nitahake langit lan bumi. Precaya dadi dalan bisa gawe renaning penggalihe Allah, srana ngestokake dhawuhe Gusti, nglakoni, lan dibenerake ing ngarsane Gusti Allah. Ing urip bebarengan sabangsa, rakyat bisa uga precaya marang pemimpin sing dadi pilihane. Nalika ana sing nyacad marang pemimpin, wong sing milih bakal mbelani. Kabeh sing nyaruwe pemimpine dianggep mungsuh, sing mung golek-golek kekurangan lan kaluputane. Iku jenenge precaya sing wuta, amarga ora kinanthenan panitipriksa lan pamawas sing nalar. Ing wektu kepungkur kelakon pilihan sing sadurunge merakyat, seneng blusukan, uripe prasaja lan ora neka-neka, jebul nalika setahun sadurunge rampung saka kalungguhane konangan menawa iku mung pencitraan, malah wani ninggalke partai politik sing ngusung amarga ora gelem nyarujuki anake sing durung cukup umur maju ing pemilihan presiden lan wakil. Kaprecayan sing diblenjani iku lara banget. Sokur dene precaya marang Gusti Allah iku ora bakal cidra. Gusti Allah iku setya tuhu, tansah netepi prasetyane marang umat sing precaya. Precaya marang Gusti iku dudu jaminan urip sing ayem tentrem tanpa alangan lan rubeda. Nanging kahanan sing abot iku malah sangsaya ndadar kaprecayan kita, sangsaya sumarah lan pasrah marang kwasane Gusti, lan ora ngandelake kakuwatane dhewe. Menawa precaya marang manungsa bisa diapusi, wong sing precaya marang Gusti bakal dibenerake amarga precayane. Gusti ora bakal cidra marang prasetyane. Amin. |*YTP
Ahad, 10 Agustus 2025 Minggu Limrah
P. Dumadi 15:1-6; Jabur 33:12-22; Ibrani 11:1-3, 8-16; Lukas 12:32-40 ORA WEDI SANAJAN DADI MINORITAS “Kowé pepanthan cilik, aja padha wedi. Sebab Ramamu ing swarga ngersakaké kowé padha dadi umat ing Kratoné” (Lukas 12:32) Wong Kristen ing Indonesia iku kalebu kelompok minoritas, apa maneh ing tlatah Jawa. Nanging ing Indonesia sisih wetan, wong Kristen akeh sing dadi kelompok mayoritas. Mung wae, amarga jumlah penduduk ing pulo Jawa iku 65% saka penduduk Indonesia, lan penduduk ing Indonesia sisih wetan mung sithik, tetep wae wong Kristen iku minoritas, dibandhingke kelompok agama liyane. Sanajan dadi minoritas, adeg minangka warga negara iku padha, dijamin dening undang-undang supaya bisa nindakne pangabekti miturut agama lan kaprecayane. Apa maneh ing ngarsane Gusti, sing ngersakake lan nimbali kita dadi umat ing Kratone Allah. Menawa kudu milih kualitas lan kuantitas, amarga cacahe mung sithik lan ora bisa dadi mayoritas, sing dipilih mesthi wae kualitas. Ing wacan Kitab Suci dina iki, Gusti nimbali supaya kita nglumpukne bandha ing swarga, dudu bandha donya sing ora langgeng. Lan urip makarya kanthi tumemen, dadi abdi sing tansah siyaga, mapag Bendarane sing bakal rawuh ing wektu sing ora kanyana. Urip lan pakaryan kita ora katujokake marang manungsa, nanging kaaturake ing ngarsane Gusti, Bendara kita. Iku kang dadi kualitas urip Kristen. Ing sejarah Indonesia, kita duwe panutan warga Kristen sing bisa dadi tuladha anggone makarya ing satengahing bangsa: Pdt. Basuki Probowinoto, Sam Ratulangi, Johanes Leimena, Johanes Kasimo, TB Simatupang, Wolter Robert Monginsidi, Agustinus Adisucipto, Patimura lan isih akeh maneh jeneng sing bisa didaftarake. Sanajan klebu golongan sing sithik lan cilik, nanging anggone makarya leladi ing satengahing bangsa tansah diengeti kanthi kajen lan urmat. Sanajan cilik lan sithik, aja wedi mbabarake timbalan leladi, makarya amrih karaharjan lan karahayon bangsa! Amin. |*YTP
Setu, 9 Agustus 2025 Minggu Limrah
Purwaning Dumadi 11:27-32; Jabur 33:12-22; Mateus 6:19-24 NGAWULA MARANG GUSTI ALLAH “Ora ana wong sing bisa ngrangkep ngawula bendara loro. Sebab wong mau bakal sengit marang bendara sing siji lan nresnani marang bendara sijiné. Utawa bakal setya marang bendara sing siji lan nyepèlèkaké bendara liyané. Semono uga kowé. Kowé ora bisa ngawula marang Gusti Allah lan uga ngawula marang Mamon” (Mateus 6:24) Ing Jawa ana crita wong golek pesugihan. Ana tuyul, ana buta ijo, utawa laku-laku sing nggunakne tumbal supaya gampang oleh dhuwit lan bandha kasugihan. Ing Kitab Suci, ana Mamon, dewa kasugihan lan dhuwit. Bandha kasugihan lan dhuwit iku saranane urip, nanging nalika wong karem marang bandha kasugihan lan dhuwit, wis ora mung dadi saranane urip, dadine malah ngoyak lan ndadekne akehe bandha kasugihan lan dhuwit iku dadi tujuan uripe. Jaman iki kerep disebut jaman materialis. Wong dianggep sukses menawa sugih, omahe gedhong, tumpakane mobil sing larang, dhuwite akeh, bisa tuku lan oleh apa wae sing dikarepke. Ana sing kepengin diarani sukses seneng pamer apa sing diduweni, kamangka iku utangan lan kredite durung lunas. Ana uga sing nganti tumindak nyolong, korupsi, njupuk saka dhuwit lan bandha sing dipasrahke dening wong liya kanggo awake dhewe. Ngawula marang bandha ndadekne wong ora wedi tumindak dosa. Cilaka menawa para sing ngasta kalungguhan lan kwasa iku uga ngawula marang bandha. Sapa sing wani melehke tumindake? Ngawula marang Gusti Allah iku lelawanan karo ngawula marang Mamon. Kersane Gusti Allah iku kaslametan, karahayon, lan karaharjan kanggo kabeh wong. Iku bisa kelakon menawa wong iku loma, seneng paweweh, tresna, lan mujudake sihpiwelas marang pepadha sing kesrakat lan kekurangan. Ngawula marang Gusti Allah ora bisa meneng nalika ngadhepi kahanan sing ora adil, apa maneh nindhes marang wong cilik. Bangsa Indonesia ngaku menawa dadi bangsa sing ngabekti lan precaya marang Gusti. Sikep marang bandha kasugihan lan dhuwit bisa kanggo nitipriksa, jane tenan ngawula marang Gusti Allah utawa marang Mamon. Amin. |*YTP
Jemuwah, 8 Agustus 2025 Minggu Limrah
Kohelet 6:1-5; Jabur 33:12-22; Lelakone Para Rasul 7:1-8 DADI WARGA NEGARA LAN UMATE GUSTI ALLAH “Nanging Aku bakal ngukum bangsa sing dikawulani mau klawan adil. Sawisé kuwi turunmu bakal padha metu saka negara mau lan bakal padha ngabekti marang Aku ana ing tanah kéné iki” (Lelakone Para Rasul 7:7) Dina iki pengetan bom atom ing kutha Nagasaki 8 Agustus 1945, nyusul bom atom ing kutha Hiroshima rong dina sadurunge. Jepang nyerah marang Sekutu. Lan iku dadi jalaran BPUPKI (Badan Penyelidik Usaha-usaha Persiapan Kemerdekaan Indonesia) diganti dadi PPKI (Panitia Persiapan Kemerdekaan Indonesia). Lan mung butuh 9 dina, proklamasi kamardhikan Indonesia diwartakne dening Sukarno-Hatta. Kejaba nyebut menawa kamardhikan iku woh saka perjuangan bangsa Indonesia, ana pengaken menawa kamardhikan iku berkah lan rahmat saking Gusti Allah marang bangsa Indonesia. Urip dadi warga negara lan dadi umate Gusti Allah iku dadi pengaken bangsa Indonesia wiwit kamardhikan diwartakne. Loro-lorone bisa mlaku bebarengan, sanajan rakyat Indonesia iku beda-beda agama lan kaprecayane, nanging kabeh sarujuk menawa Gusti Allah Kang Maha Kwasa kang paring berkah marang perjuangan lan pambudidaya bangsa Indonesia, wiwit saka gerakan kebangkitan nasional 1908, sumpah pemuda 1928, nganti proklamasi kamardhikan 17 Agustus 1945. Minangka bangsa lan negara sing wis mardhika saka penjajah, aja nganti kita uga tumindak kayadene penjajah marang bangsa liya. Gusti Allah iku miyarsakake pasambate wong kang katindhes, lan makarya ngluwari bangsa sing jinajah, lan ngawula marang bangsa liya. Tahun 1976 Indonesia ngrebut Timor Timur sing nalika iku dikuwasani dening Portugis, nanging ing tahun 1999 ana referendum lan Timor Timur madeg dadi negara Timur Leste, pisah saka Indonesia. Saben bangsa nduweni hak kanggo nemtokne uripe dhewe kanthi mardhika. Gusti bakal ngukum penjajah kanthi adil. Dadi warga negara lan dadi umate Gusti iku melu mbabarake sih lan piwelas ing tata urip bebarengan. Aja nganti perang lan penjajahan antarane bangsa siji lan liyane. Amin. |*YTP
Kemis, 7 Agustus 2025 Minggu Limrah
Ayub 21:1-16; Jabur 33:12-22; Rum 9:1-9 PRIHATIN LAN NELANGSANI BANGSANE “Saiba sedhining atiku lan ora kinira gedhéning prihatinku ing ngatasé bangsaku, bangsaku sing tunggal daging lan getih!” (Rum 9:2) Negara Kesatuan Republik Indonesia iku dadi omah gedhe, lan brayat sing ngopeni kabeh penduduk sing asale saka maneka warna suku, adat, basa, golongan, agama, lan sumebar saka Sabang tekan Merauke. Negara Indonesia sing madeg kanthi proklamasi kamardhikan tanggal 17 Agustus 1945 iku dadi pasarujukan para leluhur kita. Wis ora maneh kapisah-pisah ing bates kraton, kasultanan, utawa adhedhasar suku lan panggonane dhewe-dhewe, nanging nunggil dadi siji bangsa lan negara: Negara Kesatuan Republik Indonesia. Rasul Paulus nglairake rasa prihatin lan panelangsane marang bangsa Israel, bangsa sing nunggal daging lan getih karo dheweke. Ing jamane Rasul Paulus, bangsa Israel iya winates mung tedhak turune Rama Yakob. Dene Rasul Paulus iku turunan saka Benjamin, anak ragil saka Rama Yakob. Panelangsane Rasul Paulus iku awit prajanji saking Gusti Allah wiwit saking Rama Abraham, kang wus kapenuhan ing pakaryane Gusti Yesus Kristus malah ditampik dening bangsa Israel. Para imam, pinituwa, guru-guru Toret lan sabangsa Yahudi dhewe sing masrahke Gusti Yesus supaya seda sinalib ing pangadilane Gubernur Rum sing jenenge Pontius Pilatus. Bangsa Indonesia precaya lan ngabekti marang Gusti. Dhasar negara Pancasila diawiti kanthi sila Ketuhanan Yang Maha Esa, Kamardhikan Indonesia iku berkah lan rahmat saka Gusti. Pengetan kamardhikan kaping 80 tahun ing 17 Agustus 2025 iki ngelingake kita, akeh cita-cita luhur, lan tujuan adege negara Indonesia sing nganti saiki durung bisa kelakon lan maujud. Sumangga sesarengan kaliyan Rasul Paulus sing prihatin lan nelangsani bangsane ing ngarsane Gusti, kita uga nglairake panelangsa lan pamratobat kita, dene KKN (korupsi, kolusi, nepotisme) isih tetep durung bisa dibuwang lan diresiki saka tata urip bangsa kita. Amin. |*YTP
Rebo, 6 Agustus 2025 Minggu Limrah
Kohelet 12:1-8; Jabur 127; Lukas 12:22-31 NGUNGKULI PANGAN LAN SANDHANG “Sing kudu luwih kokprelokaké yakuwi mikiraké kepriyé bisané mbangun-turut marang kersané Kratoné Allah. Nuli barang liya-liyané kabèh bakal kawuwuhaké déning Panjenengané marang kowé” (Lukas 12:31) Kahanane wong mlarat saben jaman iku beda-beda. Ing jamane Gusti Yesus, wong mlarat iku ora ngerti apa sing bakal dipangan dina iki, apa maneh sesuk. Saiki, pangan lan sandhang iku cukup kanggo kabeh wong, nanging tetep wae ana sing kurang pangan lan sandhang amarga dikuwasani dening golongan sing kwasa, lan kanggo sarana nggolek kasugihan sing luwih akeh maneh. Pangan lan sandhang dadi urusan politik nalika anggone nata ora adil lan ora bener. Jaman saiki wis angel nemoni kahanan mlarat kang kaya ing jamane Gusti Yesus. Wiwit jaman Orde Baru, politik pangan iku digarap dadi program nasional. Menawa rakyat wareg, negara bakal tentrem. Nalika ana pawarta papan sing kurang pangan, langsung dadi berita nasional, dadi rembugan politik sing gayeng. Lan pemerintah bisa enggal kirim bantuan, menawa perlu iya nganggo montor mabur utawa helikopter. Impor beras lan gula uga saben-saben ditindakne supaya ada sediyan pangan. Yagene saben ana pemilihan umum presiden, DPR/D, utawa pilihan kepala daerah kok paket sembako tetep wae dadi cara kanggo golek swarane rakyat? Pangandikane Gusti, ana sing kudu luwih dhisik ditindakne tinimbang nyumelangake bab pangan utawa sandhang. Menawa manuk sing ora nandur diopeni dening Gusti, apa maneh manungsa sing ajine linuwih tinimbang manuk. Menawa kembang ing ara-ara sing ora nenun lan njahit diparingi kaendahan linuwih tinimbang jubahe Raja Suleman, yagene nyumelangake sandhangan sing bakal kita anggo? Gusti paring cekap kabutuhane wong sing urip mbangun turut marang kersane Kratone Allah. Sumelang ndadekne wong numpuk kanggo awake dhewe. Precaya marang Gusti ngatag kita ngaturake panuwun lan olah kawelasan.Amin. |*YTP
Slasa, 5 Agustus 2025 Minggu Limrah
Kohelet 3:16-4:8; Jabur 127; Kolose 4:2-6 NDEDONGA SUPAYA KAPARINGAN WEWENGAN “Lan aku iya padha dongakna, supaya Gusti Allah maringi wewengan sing becik marang aku kanggo ngabaraké Injil, sarta medharaké wewadiné Gusti Allah, yaiku bab Sang Kristus. Iya prekara kuwi sing njalari aku saiki dikunjara” (Kolose 4:3) Nyebut lan nyenyuwunake wong liya ing pandonga iku tandha tresna sing tulus. Nalika ing pandonga kita ngelingi lan mujekake sing becik, ing urip padinan ati kita uga bakal dikwasani dening katresnan sing rumaket lan kebak pengarep-arep. Ing layang sing dikirim marang pasamuwan, Rasul Paulus ora lali miwiti srana pandonga panuwun lan nyenyuwunake berkahe Gusti marang pasamuwan-pasamuwan. Rasul Paulus precaya menawa pandonga iku gedhe kwasane, lan ora kendhat anggone tansah ndongakake pasamuwan. Kejaba ndongakne pasamuwan, Rasul Paulus uga nyuwun didongakne dening pasamuwan. Panyuwunane dudu supaya kaparingan rejeki, kacekapan, dana kanggo kabutuhane. Dudu iku sing disuwun ing ngarsane Gusti, nanging supaya Gusti allah maringi wewengan sing becik, supaya Rasul Paulus bisa ngabarake Injil, sarta medharake wewadine Gusti Allah. Sanajan ing pakunjaran, Rasul Paulus uga ora nyuwun supaya enggal kaluwaran saka kurungan. Rasul Paulus ngantepi timbalane Gusti minangka Rasul. Sing disuwun mung supaya tansah bisa martakake Injil lan mulangake sabda pangandikane Gusti. Bab bandha donya wis ditinggal lan ora nate ana ing pengangen-angene. Sinau saka panyuwune Rasul Paulus, kita bisa nyenyuwunake supaya para pandhita tansah kasantosakake anggone makarya leladi, mulangake pangandikane Gusti, lan dadi tuladha ing urip sing ngabekti marang Gusti. Kita uga bisa nyenyuwunake supaya para pangarsaning bangsa tansah tumemen ngudi karaharjan lan karahayon, dadi abdine negara lan masyarakat, anggone makarya leladi marang rakyat. Rasul Paulus wis bebas saka kapentingan sing mung kanggo uripe dhewe. Muga para pemimpin kita uga wis bebas saka awake dhewe, lan uripe wutuh kanggo ngayahi timbalan leladi. Puji sokur konjuk marang Gusti kang wus maringake pemimpin sing adil lan wicaksana. Amin. |*YTP
Senen, 4 Agustus 2025 Minggu Limrah
Kohelet 2:1-17; Jabur 127; Kolose 3:18-4:1 SUMUYUD MARANG BENDARA KITA “Para bendara, padha tumindaka sing bener lan sing adil marang para baturmu. Élinga yèn kowé dhéwé uga duwé bendara ana ing swarga” (Kolose 4:1) Dina iki kita nampani pitutur marang para wong wadon, supaya sumuyud marang somahe. Bocah-bocah wajib mbangun turut marang wong tuwane. Lan batur padha manuta marang bendarane. Sumuyud iku tegese ngajeni lan urmat. Wong sing sumuyud bakal mbangun turut, manut, gawe renane sing disumuyudi. Ing brayat Kristen, dhasar anggone sumuyud ora liya amarga iku kersane Gusti. Nalika disumuyudi, wong lanang kudu nresnani lan aja pisan-pisan ngasari marang sing wadon. Mangkono uga wong tuwa wajib njaga atine anak-anake supaya aja nganti semplah. Lan marang para bendara, dielingake menawa uga nduweni Bendara ing swarga. Anggone sumuyud iku kanthi katresnan, lan ditindakne amarga iku kersane Gusti. Sing sumuyud ora diasorake, nanging dijaga kanthi katresnan lan kawelasan. Sesambetan antarane wong lanang lan wadon, wong tuwa lan anak, bendara lan batur manut miturut kersane Gusti iku ora ngesorake salah sijine. Tumindak kasar marang somahe, gawe semplah ati anake, lan nindhes marang bature iku ateges ora mbangunturut marang Gusti Allah kang jumeneng minangka Sang Bendara Agung kita. Adoh saka nggunakne kwasa sing ngereh lan nindhes, Gusti Allah mbabarke katresnane marang kita. Urip sing sumuyud ngestokake kersane Gusti iku dhasare dudu rasa wedi, utawa kepeksa. Nanging ngerti menawa iku pancen bener lan kudu ditindakne. Lan linuwih tinimbang gambaran guru galak utawa polisi sing medeni. Anggone kita mbangunturut marang Gusti iku amarga kita precaya iku sing becik lan ndadekne urip kita rahayu. Kayadene Gusti Allah Bendara Agung kita wis tumindak sing bener, adil, lan becik marang para abdine, kita uga kadhawuhan supaya tumindak sing kaya mangkono uga. Amin. |*YTP
