Yeremia 33:14-26; Jabur 89:1-18; Lukas 12:41-48
KATIMBALAN DADI ABDI, DUDU DADI BENDARA
“Nanging abdi sing ora ngerti kersané bendarané, mangka sajroné nindakaké kersané bendarané mau gawé keluputan, sing marakaké wong mau diukum, ukumané bakal ènthèng. Sebab sing sapa diparingi akèh, kuwi bakal
dipundhuti akèh, lan sing sapa dipasrahi prekara akèh, uga bakal
dipundhuti pétungan akèh” (Lukas 12:48)
Ing ngarsane Gusti, kita kabeh iku katimbalan dadi abdi. Ing urip bebarengan, PNS (pegawai negeri sipil) utawa saiki disebut ASN (aparat sipil negara) iku uga disebut minangka “abdi negara”. Dene para pejabat sing ngasta kalenggahan diarani “abdi masyarakat”. Tegese timbalan dadi abdi iku ora mung manungsa minangka umat ing ngarsane Gusti, nanging ing urip bebarengan ana uga sing katimbalan dadi abdine negara lan abdine masyarakat. Abdi iku leladi marang bendara. Abdi negara tegese ngabdi kanggo kapentingane negara. Dene abdi masyarakat iku ngabdi kanggo kapentingane masyarakat. Sing dadi bendarane iku negara lan masyarakat.
Kanyatan sing ana, nalika ngladeni masyarakat akeh abdi negara lan abdi masyarakat sing njaluk fasilitas linuwih, njaluk diajeni lan diurmati kayadene bendara. Menawa ora ana besel urusane digawe angel, yen pengin lancar kudu nggawa amplop. Praktek iki isih kelakon ing urusan padinan nalika kudu mbayar pajeg, ngurus surat-surat, malah uga nalika ngurus sekolah anak. Jane sapa sing dadi bendara lan sapa sing katimbalan dadi abdi? DPR sing jarene wakil rakyat, tegese dadi bature rakyat, uga kerep lali menawa anggone bisa lungguh iku amarga dipilih lan dipercaya dening rakyat sing dadi bendarane.
Gusti Yesus memulang, sakabehe sing wis diparingake iku bakale diaturake kanthi tanggungjawab ing ngarsane Gusti. sing diparingi akeh uga bakal dipundhuti akeh. Dadi abdi negara lan abdi masyarakat iku diparingi akeh, linuwih tinimbang sing pegaweyane dadi tani, tukang, bakul dodolan, utawa buruh. Elinga menawa kabeh katimbalan supaya ngabdi lan makarya leladi, marang Bendara saka sakabehing bendara ing donya iki, iya iku ngabdi lan leladi marang Gusti. Amin. |*YTP
