+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 14 Agustus 2025 Minggu Limrah

Yusak 7:1,10-26; Jabur 82; Ibrani 10:26-31

PIWELING MARANG SING NJARAG GAWE DOSA

Sebab samasa pawartané Gusti Allah wis kaparingaké marang kita,

mangka kita padha njarag gawé dosa, kuwi kurban apa waé

wis ora bisa mbirat dosa mau

 (Ibrani 10:26)

Bobot panerake wong sing ora ngerti lan gawe dosa iku cetha luwih entheng tinimbang wong sing ngerti nanging tetep wae njarag gawe dosa. Yen ing pengadilan militer, utawa kedinasan, menawa tumindak pidana ukuman saka hakim iku ditambahi luwih abot tinimbang menawa sing diadili iku warga sipil. Amarga prejurit lan pegawe sing ngasta kalenggahan ing dines iku kudune luwih ngerti, lan dadi tuladha marang wong liya sing ora duwe kalungguhan. Dadine ora isa ngeles mbela awake dhewe menawa ora ngerti, utawa lali amarga khilaf. Menawa ing pengadilan donya wae wis ditata kaya mangkono, apa maneh ing pangadilane Gusti nalika ngadili umate!

Sing kojur iku nalika sing dipasrahi njaga omah malah dadi maling. Lan iku gambarane koruptor. Buruh, tani, dagang, utawa pegawe cilik ora bakal bisa tumindak korupsi. Sing bisa korupsi iku mesthi nduwe kalungguhan, kwasa mranata lan netepake anggaran dana sing gedhe, sing kudune kanggo karaharjan wong akeh, nanging ditilep lan dienggokne kanggo nyugihke awake dhewe, utawa kanggo kapentingane dhewe. Kudune sepisan konangan, wong wis ora precaya maneh. Nanging aneh, ing negara kita saben pemilihan umum tetep wae ana calon-calon sing sadurunge nate dikunjara amarga kabukti tumindak korupsi.

Ati sing wedi asih marang Gusti bakal njaga supaya sanajan ana wewengan, nanging ora njarag nggawe dosa. Nanging nalika sing ngarep malah menehi contho sing elek, sapa sing bakal tahan tetep njaga urip sing resik lan suci? Pangapurane Gusti tansah sedya marang wong sing mratobat, nanging iku mung katujokake dudu marang wong sing njarak nggawe dosa. Amin. |*YTP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *