+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jemuwah, 15 Agustus 2025 Minggu Limrah

I Samuel 5:1-12; Jabur 82; Ibrani 10:32-39

SINAU SABAR NGLAKONI KERSANE ALLAH

Supaya bisa nglakoni kersané Allah lan nampani apa

sing diprasetyakaké, kowé kudu sabar

 (Ibrani 10:36)

Samubarang kabeh iku ana mangsane. Para kadang tani klebu pinunjul ing kasabaran, anggone ngarep-arep winih sing ditandur, lan tegalan sing digarap bisa nukulake taneman, dirumati sawetara mangsa, nganti tekan mangsa panen. Mangkono uga wong sing ngopeni ingon-ingon, iya saka pitik bebek manuk nganti wedhus kebo lan sapi sinau sabar supaya khewan sing diingoni dadi gedhe, ngendog utawa manak, lan mengko bisa didol lan kena kanggo nyukupi kabutuhan liyane.

Para kagungane Gusti dituturi, supaya kudu sabar supaya bisa nglakoni kersane Allah lan nampani apa sing diprasetyakake. Sabar iku ora mung meneng lan nunggu, nanging setya ngrampungi apa sing dadi pegaweyan lan kuwajibane. Sikep sabar iku katujokake marang wong liya, sing ora netepi kuwajibane, lan ngalang-alangi wong liya sing luwih sregep ora bisa maju. Gusti Allah sing bakal ngelingake, lan ngganjar saben wong manut miturut panggawene dhewe-dhewe. Kita ora prelu melu-melu ngakimi, apa maneh nepsu marang wong liya sing cidra.  Pasamuwan sing nampa surat Ibrani nembe nempuh kahanan sing abot, barange dirampas, dicecamah lan dipilara. Menawa bales nglawan malah bakal disirnakne, sing bisa ditindakne mung nampa lan nganti-anti pitulungane Gusti.  

Wohe kasabaran iku tumemen, lan tumemen ngawohake precaya, sing bakoh lan tahan uji. Pasamuwan Kristen ing satengahing bangsa Indonesia kahanane luwih begja tinimbang pasamuwan sing nampa surat Ibrani. Sabar iku ora males, utawa ngakimi lan ngukum marang wong liya sing tumindak cidra. Ana hukum negara sing mbelani kita, lan luwih tinimbang iku Gusti Allah uga njaga lan mbelani kita sing padha sabar lan setya ngestokake dhawuh lan kersane Gusti. Amin. |*YTP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *