+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 16 Agustus 2025 Minggu Limrah

I Samuel 6:1-16; Jabur 82; Mateus 24:15-27

TANSAH SEDYA MAPAG RAWUHE GUSTI

Sebab kaya déné gebyaring kilat saka ing Wétan, padhangé cumlorot tekan

ing Kulon, kaya mengkono mbésuk bakal rawuhé Putraning Manungsa” 

(Mateus 24:27)

Akeh kedadeyan gedhe sing ujug-ujug ngowahi tata urip donya. Bom atom ing Hiroshima lan Nagasaki saknalika ngendeg perang ing Asia Pasifik, lan Indonesia bisa ngumandhangake proklamasi kamardhikan 1945.  Papat mahasiswa universitas Trisakti sing ditembak sniper dadi geni sing ngobong mahasiswa nganakne demonstrasi, njalari lengsere Presiden Suharto ing wulan Mei 1998. Kedadeyan iku ora ujug-ujug kelakon. Bangsa Indonesa precaya menawa pakaryan sihrahmate Gusti marengake bangsa Indonesia dadi mardhika, lan ngganti peprintahan lawas srana reformasi ing tahun 1998.

Menawa ing sejarah bangsa lan donya kita kudu tansah awas lan siyaga marang owah-owahan sing ana, apa maneh anggone kita bakal mapag rawuhe Putraning Manungsa! Sikep setya lan sedya nganti-anti rawuhe Gusti Yesus kang kaping pindhone iku ngatag kita supaya tansah jumaga, ing pandonga, lan nitipriksa kahanan sing owah-owah iki kacundhukake karo apa sing dadi dhawuh lan kersane Gusti. Lumrahe saben malem pitulasan, ana tirakatan kanggo bebarengan ndedonga, ngrasak-ngrasakake peparing kamardhikan bangsa Indonesia, lan mujekake pandonga panyuwunan amrih karaharjan lan karahayone bangsa, bisa lestari salawase.

Sokur dene ing pengetan 80 tahun kamardhikan ing tahun 2025 iki bangsa Indonesia tetep nunggil, rukun, lan santosa.  Kita nyekseni sepuluh tahun iki paprangan antarane bangsa karo bangsa, malah ing antarane bangsane dhewe golongan siji lan sijine padha paten pinatenan, rebutan kwasa lan kalungguhan mimpin bangsane. Sedya mapag rawuhe Gusti iku tansah nyuraos lan nitipriksa apa sing dadi kersane Gusti, kaadilan lan kayekten, kasetyan lan karahayon, mengku lan ngayomi, supaya kamulyane Gusti tansah cumlorot ing bangsa lan negara kita. Gusti tansah makarya, tandha-tandha jaman wis cetha, mugi kita tansah sedya lan siyaga. Amin. |*YTP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *