+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 17 Agustus 2025 Minggu Limrah

Yeremia 23:23-29; Jabur 82; Ibrani 11:29-12:2; Lukas 12:49-56

RAWUHE GUSTI NUWUHAKE CRAH

Apa kokkira teka-Ku ing donya kuwi nggawa katentreman?

Ora babar-pisan. Malah teka-Ku nuwuhaké crah

(Lukas 12:51)

Ngrukuni iku lelawanan karo mungsuhi. Nalika ngrukuni sing becik, mesthi bakal lelawanan karo sing ala. Nunggil ing kumpulane wong mursid, bakal ngadoh saka kumpulane wong duraka.  Ngudi katentreman iku mbuwang sakabehing kwasa sing ndadekake crah lan pasulayan. Apa sing dikersakake dening Gusti Yesus nalika paring pangandika, menawa anggone rawuh iku nuwuhake crah, dudu katentreman? 

Gusti Yesus iku Ratuning Tentrem Rahayu. Ing pasemon wong Samaria sing kebak sih lan kawelasan, dicritakne wong Samaria iku ngrumati lan ngopeni wong Yahudi sing kelaran ngglethak ana pinggir dalan. Bandhane dibegal lan awake dipilara. Critane mesti beda, menawa nalika wong Samaria iku liwat, begale isih ana lan nganiaya kurbane. Bisa kelakon wong Samaria iku kudu mbela awake dhewe, nganggo pedhang nglawan begal sing nganiaya. Ana unen-unen basa Latin, si vis pacem parrabelum: Supaya damai, kudu sedya perang.  Ora bakal ana tentrem rahayu menawa sing kwasa iku durangkara. Kudu dilawan, kudu ngangkat pedhang!

Dina iki bangsa Indonesia mengeti 80 tahun kamardhikan. Kamardhikan iku dadi sarana anggone mujudake bangsa kang berdaulat, adil, lan makmur. Yen biyen sing dilawan penjajah, saiki ganti bangsane dhewe sing srakah, nglumpukake kasugihan kanthi cara sing nglanggar hukum, lan ndadekake kasangsaran rakyat akeh. Tumindak KKN iku kudu tansah dilawan, dimungsuhi, lan dibuwang adoh supaya bisa mujudake masyarakat adil lan makmur. Ora bener yen sing ngasta kalungguhan lan kwasa malah kolusi nyugihne golongan lan kanca-kancane dhewe. Iki kudu dibongkar! Iki kudu dilawan! Marang praktek KKN sing isih wae ana, kita kudu gawe crah, utawa tentrem rahayu sing ana iku mung ngapusi. Amin. |*YTP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *