Yeremia 23:30-40; Jabur 82; I Yokanan 4:1-6
TITIKANE ROHE ALLAH
“Nanging kita iki para putrané Allah; wong sing wanuh marang Gusti Allah ngrungokaké tembung kita. Wong sing asalé ora saka ing Allah, ora ngrungokaké gunem kita. Iya mengkono kuwi titikané Rohé Allah lan roh sing palsu”
(I Yokanan 4:6)
Ngakoni menawa kita kaparingan Rohe Gusti Allah, lan urip manut miturut marang panuntune Sang Roh Suci iku dadi titikane menawa kita iku para putrane Allah. Pasamuwan dielingake dening Rasul Yohanes, supaya ngati-ati kanthi tansah nitipriksa lan nguji marang roh sing palsu, sing mung ngaku-aku menawa asale saka Gusti Allah, nanging malah ngapusi lan mblusukake.
Ing swasana pengetan dina kamardhikan, becik menawa kita uga nguji lan nitipriksa wong sing ngaku-ngaku atas nama rakyat, kanggo kapentingan bangsa lan negara, jebul iku mung cara ngapusi kamangka sejatine kanggo kapentingane dhewe lan kulawargane. Para pangarsaning agama bisa nylewengke tembung “atas nama Gusti Allah” kanggo kapentingan politik, golek kwasa, lan golek bandha kasugihan donya. Mangkono uga politisi kudu dijaga supaya ora nylewengke tembung “atas nama rakyat” kanggo kapentingane dhewe.
Kabeh tumindak lamis bakale kabukak. Sing nyimpen bathang bakale iya mambu. Bangsa kita nate kapusan milih pemimpin sing gayane merakyat, saka kulawarga biasa, seneng blusukan, sanajan dadi kepala daerah mriksa lan mlebu kalen. Jebul nalika wis wancine leren malah konangan iku kabeh mung pencitraan, sing dipikirke kalungguhan kanggo anak-anake kamangka durung cukup umur lan ora duwe pengalaman. Menawa marang partai politik sing ngusung awake wani mbalela, lan rumangsa jumawa bisa ngendaleni sakabehe amarga lagi nyekel kwasa, apa wong sing kaya mangkono iku bisa diprecaya?
Saka tumindake, wong bisa nguji endi sing tumemen lan endi sing palsu. Tata urip rohani iku uga bisa dititipriksa bener orane, srana nyawang woh saka tumindake. Woh saka panuntune Rohe Allah iku kaslametan lan karahayon, dudu karusakan dan padudon. Amin. |*YTP
