Yeremia 25:15-29; Jabur 32; Lelakone Para Rasul 7:44-53
NGLAWAN MARANG NABI LAN ABDINE GUSTI
“Menapa wonten nabi ingkang mboten dipun aniaya déning para leluhur panjenengan? Para utusanipun Gusti Allah jaman rumiyin, ingkang sami martosaken bab badhé rawuhipun Abdinipun Pangéran, sami panjenengan pejahi. Lan samenika Abdinipun Pangéran sampun panjenengan tampik
lan panjenengan sédani” (Lelakone Para Rasul 7:52)
Dingati-ati, nalika kabeh wong padha seneng lan nampa, iku tegese malah ora madeg minangka nabine Gusti, kang medhar sabda pangandikane Gusti, mulangake urip sing bener, adil, suci, lan mulya. Ing kahanan sing ora bener, nabi tetep kendel melehake sing luput, memulang, lan negesi supaya mratobat lan ngadoh saka dosa. Ora ana nabi sing bisa disenengi kabeh wong. Malah wiwit saka jaman kuno nganti saiki, lumrah banget menawa nabi iku ditampik, dianiaya, malah dipateni.
Ing jaman modern saiki, sing jarene ditata adhedhasar hukum, ngurmati hak asasi manungsa, lan siji lan sijine bebas mardhika urip manut miturut kaprecayan lan keyakinane dhewe-dhewe, apa iya para nabine Gusti isih dianiaya lan dipateni? Sapa sing madeg minangka nabi ing jaman modern saiki? Bangsa Indonesia padha karo negara modern liyane ditata kanthi misahake legislatif, eksekutif, lan yudikatif. Iki jenenge trias-politika, misahake kwasa lan kawenangane DPR, Pemerintah, lan Kehakiman. DPR gawe undang-undang, pemerintah nindakne, lan kehakiman sing njejegne menawa ana sing nglanggar. Linuwih tinimbang hukum sing digawe manungsa, dadi nabi iku martakne, nindakne, lan njejegake apa sing dadi dhawuh lan kersane Gusti. Samubarang sing adil, suci, mulya, bener, kasebut minangka kabecikan, lan patut dialembana.
Padha karo para abdine Gusti, pasamuwan Kristen katimbalan dadi nabi sing tansah martakake sabda pangandika lan kersane Gusti. Ing kahanan nalika kaadilan njedhule kuwalik, lan kayekten kalah karo kadurakan, dadi nabi iku kudu sedya nampa panampik, pitenah lan panganiaya. Nanging rahayu sing setya tuhu dumugi wekasan. Sihrahmate Gusti kang bakal ngayomi lan nyantosakake para abdine, supaya jejeg dadi nabine Gusti, sanajan ngadhepi kahanan sing abot. Amin. |*YTP
