+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 20 Agustus 2025 Minggu Limrah

Yeremia 25:30-38; Jabur 32; Lukas 19:45-48

PANGGONAN SUCI MALAH DADI SUSUHE MALING

Pangandikané: “Ing Kitab Suci ana tulisan: ‘Pedaleman-Ku kuwi omah pamujan,’ nanging panggonan suci iki kokdadèkaké susuhé maling

 (Lukas 19:46)

Upacara pengetan Kamardhikan Indonesia ing 17 Agustus 2024 wiwit ditindakne ing IKN.  Taun-taun iki dadi mangsa transisi, pindah saka Jakarta sing sadurunge dadi ibukota negara, menyang ibukota negara sing anyar, IKN (Ibu Kota Nusantara) ing Kalimantan Timur. Ing satengahing bangsa, gedhong-gedhong pamarentahan, istana presiden, kantor kementrian, apa maneh gedhong DPR-MPR iku dadi papan sing luhur lan mulya, panggonane para abdine negara makarya amrih karaharjane bangsa. Ing umat sing ngabekti, papan sing disucekake iku ana ing ana ing greja, masjid, pura, vihara utawa papan suci liyane. 

Pangandikane Gusti Yesus ngelingake kita. Wiwit jaman kuno, papan sing disucekake kanggo ngabekti marang Gusti iku kerep digunakne kanggo prekara sing najis lan reged. Gusti Yesus nundhungi wong sing padha dodolan ing platarane Pedaleman Suci ing Yerusalem. Ora patut menawa wong sing golek dhuwit ngalang-alangi wong sing arep sembahyang.  Nanging bolak-balik kelakon uga Komisi Pemberantasan Korupsi (KPK) ngonangi ana anggota dewan, utawa pejabat sing nampa suap, lan kena operasi tangkap tangan, ndadekne kantore lan omahe digledah kanggo nggoleki barang-barang bukti anggone tumindak korupsi.  Kantor sing kudune kajen lan mulya, dadi nista amarga sing manggon ing kono tumindak korupsi.

Tanah-air Indonesia iki dadi omah gedhe sing kudu dijaga supaya tansah resik lan mulya. Aja menehi wewengan disalahgunakne dadi susuhe maling. Candhi Hambalang ing Bogor tansah dadi pangenget marang kita kabeh, menawa maling dipasrahi mbangun iya bakale ora dadi, bangunan gedhe sing mangkrak iku melehake sapa wae sing mung mbangun tata lair, nanging lali mbangun kekarepan sing sedya leladi, jujur, tumemen, bener lan adil. Amin. |*YTP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *