+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 12 Agustus 2025 Minggu Limrah

II Babad 34:22-33; Jabur 89:1-18; Ibrani 11:17-28

NEPOTISME TANDHANE ORA PRACAYA

Merga saka precaya rama lan ibuné Nabi Musa ndhelikaké putrané

nganti umur telung sasi. Rama lan ibuné pirsa yèn bayi mau rupané bagus,

lan wong-wong mau padha ora wedi nglawan dhawuhé Sang Prabu” 

(Ibrani 11:23)

Pracaya iku ngawohake kekendelan. Rama lan Ibune Musa precaya, menawa kudu nylametake bayine, ora wedi nglawan dhawuhe Sang Prabu Pringon, supaya saben bayi lanang sing lair ing antarane wong Israel dipateni.  Saben wong tuwa mesthi ora lila menawa bayine dipateni. Nanging mung Rama lan Ibune Musa sing golek cara, gawe kranjang lan nyelehke bayine supaya keli menyang panggonane Sang Putri Pringon siram. Lan kanthi cara iku Musa diangkat anak dening Putri Pringon, nanging tetep bisa nyusu saka ibune dhewe.

Padha karo lelakone wong tuwane Musa, Rama Abraham manut nalika didhawuhi ngurbanke Iskak. Rama Abraham pracaya menawa Gusti Allah kwasa nguripake Iskak saka pati. Pambangunturute Rama lan Ibune Musa, lan anggone Rama Abraham sumuyud ngestokake dhawuh supaya ngorbanake Iskak iki lelawanan karo tumindak nepotisme. Ing tata urip bangsa Indonesia, ana sing diarani politik dinasti. Wong tuwa sing ngasta kalungguhan melu cawe-cawe lan nyepakne anak-anake supaya uga bisa nduweni kalungguhan. Malah menawa perlu undang-undang sing dadi pengalang-alang pepenginane iku diowahi. Iki jenenge nepotisme. Iki tandhane ora precaya anake bisa nyambut gawe lan oleh kalungguhan menawa ora dibukakne dalan lan direwangi wong tuwane.

Sanajan gedhe ing kratone Prabu Pringon, Musa nalika dewasa milih nunggil karo bangsane. Saiki pracayane wong tuwane Musa wis dadi kaprecayane Musa. Mangkono uga Iskak sinau saka kaprecayane Rama Abraham, anggone sumuyud marang Gusti wutuh sakabehe. Iki lelawanan karo politik dinasti utawa nepotisme, sing ngandelake aji mumpung, mumpung wong tuwane duwe kwasa lan kalungguhan, ora isin sanajan tumindake ora patut lan dadi rerasanan. Pracaya marang Gusti iku lelawanan karo nepotisme. Amin. |*YTP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *