II Babad 33:1-17, Jabur 89:1-18, Ibrani 11:1-7
DIBENERAKE AMARGA PRACAYA
“Ora ana wong sing bisa gawé renaning penggalihé Allah tanpa precaya.
Sing sapa sowan ana ing ngarsané Allah kudu precaya yèn Gusti Allah kuwi ana, lan maringi ganjaran marang kang padha nggolèki Panjenengané”
(Ibrani 11:6)
Serat Ibrani bab 11 ndaftarake para leluhur sing dadi tuladha ing precaya marang Gusti Allah. Gusti Allah iku ora bisa katon dening mripat, nanging wong sing precaya yakin ing pengarep-arep sing ana ing patunggilane Gusti. Wong precaya ngamini pakaryane Gusti nitahake langit lan bumi. Precaya dadi dalan bisa gawe renaning penggalihe Allah, srana ngestokake dhawuhe Gusti, nglakoni, lan dibenerake ing ngarsane Gusti Allah.
Ing urip bebarengan sabangsa, rakyat bisa uga precaya marang pemimpin sing dadi pilihane. Nalika ana sing nyacad marang pemimpin, wong sing milih bakal mbelani. Kabeh sing nyaruwe pemimpine dianggep mungsuh, sing mung golek-golek kekurangan lan kaluputane. Iku jenenge precaya sing wuta, amarga ora kinanthenan panitipriksa lan pamawas sing nalar. Ing wektu kepungkur kelakon pilihan sing sadurunge merakyat, seneng blusukan, uripe prasaja lan ora neka-neka, jebul nalika setahun sadurunge rampung saka kalungguhane konangan menawa iku mung pencitraan, malah wani ninggalke partai politik sing ngusung amarga ora gelem nyarujuki anake sing durung cukup umur maju ing pemilihan presiden lan wakil. Kaprecayan sing diblenjani iku lara banget. Sokur dene precaya marang Gusti Allah iku ora bakal cidra. Gusti Allah iku setya tuhu, tansah netepi prasetyane marang umat sing precaya.
Precaya marang Gusti iku dudu jaminan urip sing ayem tentrem tanpa alangan lan rubeda. Nanging kahanan sing abot iku malah sangsaya ndadar kaprecayan kita, sangsaya sumarah lan pasrah marang kwasane Gusti, lan ora ngandelake kakuwatane dhewe. Menawa precaya marang manungsa bisa diapusi, wong sing precaya marang Gusti bakal dibenerake amarga precayane. Gusti ora bakal cidra marang prasetyane. Amin. |*YTP
