+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 10 Agustus 2025 Minggu Limrah

P. Dumadi 15:1-6; Jabur 33:12-22; Ibrani 11:1-3, 8-16; Lukas 12:32-40

ORA WEDI SANAJAN DADI MINORITAS

Kowé pepanthan cilik, aja padha wedi. Sebab Ramamu ing swarga

ngersakaké kowé padha dadi umat ing Kratoné

(Lukas 12:32)

Wong Kristen ing Indonesia iku kalebu kelompok minoritas, apa maneh ing tlatah Jawa. Nanging ing Indonesia sisih wetan, wong Kristen akeh sing dadi kelompok mayoritas. Mung wae, amarga jumlah penduduk ing pulo Jawa iku 65% saka penduduk Indonesia, lan penduduk ing Indonesia sisih wetan mung sithik, tetep wae wong Kristen iku minoritas, dibandhingke kelompok agama liyane.

Sanajan dadi minoritas, adeg minangka warga negara iku padha, dijamin dening undang-undang supaya bisa nindakne pangabekti miturut agama lan kaprecayane. Apa maneh ing ngarsane Gusti, sing ngersakake lan nimbali kita dadi umat ing Kratone Allah. Menawa kudu milih kualitas lan kuantitas, amarga cacahe mung sithik lan ora bisa dadi mayoritas, sing dipilih mesthi wae kualitas. Ing wacan Kitab Suci dina iki, Gusti nimbali supaya kita nglumpukne bandha ing swarga, dudu bandha donya sing ora langgeng. Lan urip makarya kanthi tumemen, dadi abdi sing tansah siyaga, mapag Bendarane sing bakal rawuh ing wektu sing ora kanyana. Urip lan pakaryan kita ora katujokake marang manungsa, nanging kaaturake ing ngarsane Gusti, Bendara kita. Iku kang dadi kualitas urip Kristen.

Ing sejarah Indonesia, kita duwe panutan warga Kristen sing bisa dadi tuladha anggone makarya ing satengahing bangsa: Pdt. Basuki Probowinoto, Sam Ratulangi, Johanes Leimena, Johanes Kasimo, TB Simatupang, Wolter Robert Monginsidi, Agustinus Adisucipto, Patimura lan isih akeh maneh jeneng sing bisa didaftarake. Sanajan klebu golongan sing sithik lan cilik, nanging anggone makarya leladi ing satengahing bangsa tansah diengeti kanthi kajen lan urmat. Sanajan cilik lan sithik, aja wedi mbabarake timbalan leladi, makarya amrih karaharjan lan karahayon bangsa! Amin. |*YTP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *