Kohelet 12:1-8; Jabur 127; Lukas 12:22-31
NGUNGKULI PANGAN LAN SANDHANG
“Sing kudu luwih kokprelokaké yakuwi mikiraké kepriyé bisané mbangun-turut marang kersané Kratoné Allah. Nuli barang liya-liyané kabèh
bakal kawuwuhaké déning Panjenengané marang kowé”
(Lukas 12:31)
Kahanane wong mlarat saben jaman iku beda-beda. Ing jamane Gusti Yesus, wong mlarat iku ora ngerti apa sing bakal dipangan dina iki, apa maneh sesuk. Saiki, pangan lan sandhang iku cukup kanggo kabeh wong, nanging tetep wae ana sing kurang pangan lan sandhang amarga dikuwasani dening golongan sing kwasa, lan kanggo sarana nggolek kasugihan sing luwih akeh maneh. Pangan lan sandhang dadi urusan politik nalika anggone nata ora adil lan ora bener.
Jaman saiki wis angel nemoni kahanan mlarat kang kaya ing jamane Gusti Yesus. Wiwit jaman Orde Baru, politik pangan iku digarap dadi program nasional. Menawa rakyat wareg, negara bakal tentrem. Nalika ana pawarta papan sing kurang pangan, langsung dadi berita nasional, dadi rembugan politik sing gayeng. Lan pemerintah bisa enggal kirim bantuan, menawa perlu iya nganggo montor mabur utawa helikopter. Impor beras lan gula uga saben-saben ditindakne supaya ada sediyan pangan. Yagene saben ana pemilihan umum presiden, DPR/D, utawa pilihan kepala daerah kok paket sembako tetep wae dadi cara kanggo golek swarane rakyat?
Pangandikane Gusti, ana sing kudu luwih dhisik ditindakne tinimbang nyumelangake bab pangan utawa sandhang. Menawa manuk sing ora nandur diopeni dening Gusti, apa maneh manungsa sing ajine linuwih tinimbang manuk. Menawa kembang ing ara-ara sing ora nenun lan njahit diparingi kaendahan linuwih tinimbang jubahe Raja Suleman, yagene nyumelangake sandhangan sing bakal kita anggo? Gusti paring cekap kabutuhane wong sing urip mbangun turut marang kersane Kratone Allah. Sumelang ndadekne wong numpuk kanggo awake dhewe. Precaya marang Gusti ngatag kita ngaturake panuwun lan olah kawelasan.Amin. |*YTP
