+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 7 Agustus 2025 Minggu Limrah

Ayub 21:1-16; Jabur 33:12-22; Rum 9:1-9

PRIHATIN LAN NELANGSANI BANGSANE

Saiba sedhining atiku lan ora kinira gedhéning prihatinku

ing ngatasé bangsaku, bangsaku sing tunggal daging lan getih!

(Rum 9:2)

Negara Kesatuan Republik Indonesia iku dadi omah gedhe, lan brayat sing ngopeni kabeh penduduk sing asale saka maneka warna suku, adat, basa, golongan, agama, lan  sumebar saka Sabang tekan Merauke. Negara Indonesia sing madeg kanthi proklamasi kamardhikan tanggal 17 Agustus 1945 iku dadi pasarujukan para leluhur kita. Wis ora maneh kapisah-pisah ing bates kraton, kasultanan, utawa adhedhasar suku lan panggonane dhewe-dhewe, nanging nunggil dadi siji bangsa lan negara: Negara Kesatuan Republik Indonesia.

Rasul Paulus nglairake rasa prihatin lan panelangsane marang bangsa Israel, bangsa sing nunggal daging lan getih karo dheweke. Ing jamane Rasul Paulus, bangsa Israel iya winates mung tedhak turune Rama Yakob. Dene Rasul Paulus iku turunan saka Benjamin, anak ragil saka Rama Yakob. Panelangsane Rasul Paulus iku awit prajanji saking Gusti Allah wiwit saking Rama Abraham, kang wus kapenuhan ing pakaryane Gusti Yesus Kristus malah ditampik dening bangsa Israel. Para imam, pinituwa, guru-guru Toret lan sabangsa Yahudi dhewe sing masrahke Gusti Yesus supaya seda sinalib ing pangadilane Gubernur Rum sing jenenge Pontius Pilatus.

Bangsa Indonesia precaya lan ngabekti marang Gusti. Dhasar negara Pancasila diawiti kanthi sila Ketuhanan Yang Maha Esa, Kamardhikan Indonesia iku berkah lan rahmat saka Gusti. Pengetan kamardhikan kaping 80 tahun ing 17 Agustus 2025 iki ngelingake kita, akeh cita-cita luhur, lan tujuan adege negara Indonesia sing nganti saiki durung bisa kelakon lan maujud. Sumangga sesarengan kaliyan Rasul Paulus sing prihatin lan nelangsani bangsane ing ngarsane Gusti, kita uga nglairake panelangsa lan pamratobat kita, dene KKN (korupsi, kolusi, nepotisme) isih tetep durung bisa dibuwang lan diresiki saka tata urip bangsa kita.  Amin. |*YTP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *