+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jemuwah, 8 Agustus 2025 Minggu Limrah

Kohelet 6:1-5; Jabur 33:12-22; Lelakone Para Rasul 7:1-8

DADI WARGA NEGARA LAN UMATE GUSTI ALLAH

Nanging Aku bakal ngukum bangsa sing dikawulani mau klawan adil. Sawisé kuwi turunmu bakal padha metu saka negara mau lan bakal padha ngabekti marang Aku ana ing tanah kéné iki” (Lelakone Para Rasul 7:7)

Dina iki pengetan bom atom ing kutha Nagasaki 8 Agustus 1945, nyusul bom atom ing kutha Hiroshima  rong dina sadurunge. Jepang nyerah marang Sekutu. Lan iku dadi jalaran BPUPKI (Badan Penyelidik Usaha-usaha Persiapan Kemerdekaan Indonesia) diganti dadi PPKI (Panitia Persiapan Kemerdekaan Indonesia). Lan mung butuh 9 dina, proklamasi kamardhikan Indonesia diwartakne dening Sukarno-Hatta. Kejaba nyebut menawa kamardhikan iku woh saka perjuangan bangsa Indonesia, ana pengaken menawa kamardhikan iku berkah lan rahmat saking Gusti Allah marang bangsa Indonesia.

Urip dadi warga negara lan dadi umate Gusti Allah iku dadi pengaken bangsa Indonesia wiwit kamardhikan diwartakne. Loro-lorone bisa mlaku bebarengan, sanajan rakyat Indonesia iku beda-beda agama lan kaprecayane, nanging kabeh sarujuk menawa Gusti Allah Kang Maha Kwasa kang paring berkah marang perjuangan lan pambudidaya bangsa Indonesia, wiwit saka gerakan kebangkitan nasional 1908, sumpah pemuda 1928, nganti proklamasi kamardhikan 17 Agustus 1945.

Minangka bangsa lan negara sing wis mardhika saka penjajah, aja nganti kita uga tumindak kayadene penjajah marang bangsa liya. Gusti Allah iku miyarsakake pasambate wong kang katindhes, lan makarya ngluwari bangsa sing jinajah, lan ngawula marang bangsa liya. Tahun 1976  Indonesia ngrebut Timor Timur sing nalika iku dikuwasani dening Portugis, nanging ing tahun 1999 ana referendum lan Timor Timur madeg dadi negara Timur Leste, pisah saka Indonesia. Saben bangsa nduweni hak kanggo nemtokne uripe dhewe kanthi mardhika. Gusti bakal ngukum penjajah kanthi adil. Dadi warga negara lan dadi umate Gusti iku melu mbabarake sih lan piwelas ing tata urip bebarengan. Aja nganti perang lan penjajahan antarane bangsa siji lan liyane. Amin. |*YTP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *