+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 9 Agustus 2025 Minggu Limrah

Purwaning Dumadi 11:27-32; Jabur 33:12-22; Mateus 6:19-24

NGAWULA MARANG GUSTI ALLAH

Ora ana wong sing bisa ngrangkep ngawula bendara loro. Sebab wong mau bakal sengit marang bendara sing siji lan nresnani marang bendara sijiné.

Utawa bakal setya marang bendara sing siji lan nyepèlèkaké bendara liyané. Semono uga kowé. Kowé ora bisa ngawula marang Gusti Allah

lan uga ngawula marang Mamon”  (Mateus 6:24)

Ing Jawa ana crita wong golek pesugihan. Ana tuyul, ana buta ijo, utawa laku-laku sing nggunakne tumbal supaya  gampang oleh dhuwit lan bandha kasugihan. Ing Kitab Suci, ana Mamon, dewa kasugihan lan dhuwit. Bandha kasugihan lan dhuwit iku saranane urip, nanging nalika wong karem marang bandha kasugihan lan dhuwit, wis ora mung dadi saranane urip, dadine malah ngoyak lan ndadekne akehe bandha kasugihan lan dhuwit iku dadi tujuan uripe.

Jaman iki kerep disebut jaman materialis. Wong dianggep sukses menawa sugih, omahe gedhong, tumpakane mobil sing larang, dhuwite akeh, bisa tuku lan oleh apa wae sing dikarepke. Ana sing kepengin diarani sukses seneng pamer apa sing diduweni, kamangka iku utangan lan kredite durung lunas. Ana uga sing nganti tumindak nyolong, korupsi, njupuk saka dhuwit lan bandha sing dipasrahke dening wong liya kanggo awake dhewe. Ngawula marang bandha ndadekne wong ora wedi tumindak dosa. Cilaka menawa para sing ngasta kalungguhan lan kwasa iku uga ngawula marang bandha. Sapa sing wani melehke tumindake?

Ngawula marang Gusti Allah iku lelawanan karo ngawula marang Mamon. Kersane Gusti Allah iku kaslametan, karahayon, lan karaharjan kanggo kabeh wong. Iku bisa kelakon menawa wong iku loma, seneng paweweh, tresna, lan mujudake sihpiwelas marang pepadha sing kesrakat lan kekurangan. Ngawula marang Gusti Allah ora bisa meneng nalika ngadhepi kahanan sing ora adil, apa maneh nindhes marang wong cilik. Bangsa Indonesia ngaku menawa dadi bangsa sing ngabekti lan precaya marang Gusti. Sikep marang bandha kasugihan lan dhuwit bisa kanggo nitipriksa, jane tenan ngawula marang Gusti Allah utawa marang Mamon. Amin. |*YTP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *