Kohelet 3:16-4:8; Jabur 127; Kolose 4:2-6
NDEDONGA SUPAYA KAPARINGAN WEWENGAN
“Lan aku iya padha dongakna, supaya Gusti Allah maringi wewengan sing becik marang aku kanggo ngabaraké Injil, sarta medharaké wewadiné Gusti Allah,
yaiku bab Sang Kristus. Iya prekara kuwi sing njalari aku saiki dikunjara”
(Kolose 4:3)
Nyebut lan nyenyuwunake wong liya ing pandonga iku tandha tresna sing tulus. Nalika ing pandonga kita ngelingi lan mujekake sing becik, ing urip padinan ati kita uga bakal dikwasani dening katresnan sing rumaket lan kebak pengarep-arep. Ing layang sing dikirim marang pasamuwan, Rasul Paulus ora lali miwiti srana pandonga panuwun lan nyenyuwunake berkahe Gusti marang pasamuwan-pasamuwan. Rasul Paulus precaya menawa pandonga iku gedhe kwasane, lan ora kendhat anggone tansah ndongakake pasamuwan.
Kejaba ndongakne pasamuwan, Rasul Paulus uga nyuwun didongakne dening pasamuwan. Panyuwunane dudu supaya kaparingan rejeki, kacekapan, dana kanggo kabutuhane. Dudu iku sing disuwun ing ngarsane Gusti, nanging supaya Gusti allah maringi wewengan sing becik, supaya Rasul Paulus bisa ngabarake Injil, sarta medharake wewadine Gusti Allah. Sanajan ing pakunjaran, Rasul Paulus uga ora nyuwun supaya enggal kaluwaran saka kurungan. Rasul Paulus ngantepi timbalane Gusti minangka Rasul. Sing disuwun mung supaya tansah bisa martakake Injil lan mulangake sabda pangandikane Gusti. Bab bandha donya wis ditinggal lan ora nate ana ing pengangen-angene.
Sinau saka panyuwune Rasul Paulus, kita bisa nyenyuwunake supaya para pandhita tansah kasantosakake anggone makarya leladi, mulangake pangandikane Gusti, lan dadi tuladha ing urip sing ngabekti marang Gusti. Kita uga bisa nyenyuwunake supaya para pangarsaning bangsa tansah tumemen ngudi karaharjan lan karahayon, dadi abdine negara lan masyarakat, anggone makarya leladi marang rakyat. Rasul Paulus wis bebas saka kapentingan sing mung kanggo uripe dhewe. Muga para pemimpin kita uga wis bebas saka awake dhewe, lan uripe wutuh kanggo ngayahi timbalan leladi. Puji sokur konjuk marang Gusti kang wus maringake pemimpin sing adil lan wicaksana. Amin. |*YTP
