Nehemia 13:15-22, Jabur 103:1-8, Lukas 6:1-5 PUTRANE MANUNGSA LAN ADAT PIWULANG AGAMA “Gusti Yésus banjur ngandika: “Putrané Manungsa kuwi sing kagungan dina Sabat.” (Lukas 6:5) Gusti Yesus kagungan panemu sing beda karo wong Farisi sing rumangsa dadi guru Toret ing antarane bangsa Yahudi. Wong Farisi iku nampa Halakha, yaiku 613 pranatan sing dikumpukne saka piwulange para Rabi Yahudi. Menawa Toret iku Hukum sing diparingake lantaran Nabi Musa, Halakha kerep diarani minangka Hukum Yahudi. Nalika Gusti Yesus diwelehake para wong Farisi amarga para sekabat padha nyethuti wulen gandum lan dipangan ing dina Sabat, Gusti Yesus ngandikakake anggone Dawud lan prajurite padha mlebu Pedalemane Allah lan mangan roti saosan sing ana ing kono. Para sakabat ora bisa diluputake, amarga “Putrane Manungsa kuwi sing kagungan dina Sabbat”. Mangkono pangandikane Gusti Yesus, lan wong Farisi sing kewanen melehake meneng lan mingkem ora bisa nutuh maneh. Padha agamane, beda golongane wis beda panemu. Kamangka Kitab Suci lan sing dienut padha. Apa maneh nalika beda agama lan kaprecayane. Prenatan angger-angger bab dina Sabat iku kaparingake kanggo mranata dina sing disengker kanggo ngabekti marang Gusti. Kleru gedhe pranatan agama mung kanggo nggoleki kaluputane liyan, ora kanggo ngabekti marang Gusti. Piwulang agama apa wae, apa maneh sing mulangake pranatan apa sing kudu ditindakne lan apa sing ora oleh ditindakne itu mung carane manungsa nampa, ngantepi, lan nglakoni apa sing dadi dhawuh lan kersane Gusti. Iku dadi adat agama, nanging dudu Gusti. Sing kudu luwih dibekteni lan disumuyudi iku dudu adat agama. Sing suci lan mulya, bener lan ora bisa salah iku Gusti Allah, sing mbabar ing urip kita ing pakaryane Putrane Manungsa, iya iku Gusti Yesus Kristus. Amin. |*YTP
Jemuwah, 22 Agustus 2025 Minggu Limrah
II Babad 8:12-15; Jabur 103, 1-8; Lelakone Para Rasul 17:1-9 NGADHEPI RERUSUH LAN ONTRAN-ONTRAN “Weruh wong akèh padha dadi Kristen mau, wong-wong Yahudi padha panas atiné. Nuli padha nglumpukaké wong glandhangan supaya gawé ontran-ontran, nganti sakutha kabèh gègèr. Wong-wong mau padha mlebu ing omahé Yason, sing dipondhoki Rasul Paulus lan Silas, padha nggolèki Rasul Paulus lan Silas, arep diladèkaké marang kumpulané warga kutha” (Lelakone Para Rasul 17:5) Endi sing luwih gampang, gawe gegeran rerusuh lan ontran-ontran, utawa mbangun patunggilan sing waras, santosa, lan migunani ing tata urip bebarengan? Saben-saben kita krungu ontran-ontran sing ora dirancang nanging dadi gegeran. Ana bocah padu dadi tawuran. Ana status sing viral ing medsos dadi demo sing rusuh, ana mobil nabrak wong akeh padha nglumpuk lan ngrusak mobil sing nabrak kamangka ora cetha kedadeyane lan sapa sing salah. Nalika wong luwe, ora nduwe dhuwit, lan nganggur, gampang wae diajak melu demo lan didadekne rusuh. Apamaneh menawa sing kanggo ngobong wong akeh iku prekara agama. Yason sing omahe dipondhoki dening Rasul Paulus lan Silas disalahke lan kudu mbayar dhuwit dhendhan, kamangka sing gawe rusuh lan ontran-ontran iku dudu dheweke. Menawa tumindak sing bener bisa disalahke, apa maneh nalika tumindak sing salah. Mulane urip bebarengan iku kudu ngati-ati, njaga lan ngengon wong liya supaya aja nganti serik, lan gawe ontran-ontran kanggo nyilakani. Lumrahe wong rusuh iku ora wani adhep-adhepan ijen. Wanine yen ana kancane akeh lan dadi gerombolan, sanajan durung mesthi ngerti prekarane gampang diobong lan diapusi nganggo pawarta sing goroh lan ora cetha. Prekara SARA (Suku, Agama, Ras, Antar golongan) isih tetep gampang digawa dadi rerusuh lan ontran-ontran ing satengahing bangsa. Wong sing pinter mesthi bakal nitipriksa lan negesi luwih dhisik. Nanging akeh sing kegawa nepsu lan tumindak ngakimi liyane tanpa nanjihke prekarane luwih dhisik. Golongan iki sing kudu dijaga. Rukun agawe santosa, becik ketitik ala ketara. Uripe pasamuwan ing satengahing masyarakat sing beda-beda agama lan kaprecayane katimbalan mbangun paseduluran sing rukun lan tresna-tinresnan. Amin. |*YTP
Kemis, 21 Agustus 2025 Minggu Limrah
Wilangan 15:32-41, Jabur 103:1-8, Ibrani 12:3-17 WONG TUWA WAJIB MERDI MARANG ANAKE “Wong tuwa kita kadonyan enggoné merdi kita mung sawetara mangsa, manut apa sing dianggep becik. Nanging Gusti Allah enggoné merdi kita murih becik kita dhéwé, supaya kita dadi suci kaya Panjenengané” (Ibrani 12:10) Ana pitutur, “Anak polah bapak kepradah”. Nanging kepiye menawa sing polah ora mung anak, nanging uga wong tuwane? Nalika sepisanan kepilih dadi presiden, Joko Widodo dialem amarga anak-anake milih usaha dhewe, dadi juragan martabak, lan dodolan pisang. Jarene ora pengin melu-melu bapake dadi politisi. Nanging nalika arep leren dadi presiden, ketara banget bapake sing disih adi presiden polah lan cawe-cawe supaya anake bisa melu pemilihan pasangan presiden lan wakil. Undang-undang sing ora ngolehake calon sing durung cukup umure diakali liwat keputusan MK sing diketuani dening adine ipe. Sokur nalika cawe-cawe kanggo anake ragil liwat keputusan MA bisa dibatalke liwat keputusan MK. Nanging wis bacut, iku wis gawe kahanan rame lan kisruh. Pasamuwan Kristen katimbalan dadi para putrane Allah. Rama kita kaswargan merdi lan mulang kita, supaya tuwuh ing kadewasan, ing tanggungjawab, lan mbabarake timbalan minangka para putrane Allah. Pamerdine Gusti Allah iku ora katindakake kanthi cara nepotisme utawa kolusi. Pamerdine Gusti iku abot. Ora ana cara sing gampang lan cepet. Wong sinau iku kudu tekun, mbaleni nganti bisa, ora gampang semplah lan tetep santosa. Ora ana wong tuwa sing kepengin uripe anake rekasa kaya sing nate dialami dening wong tuwane. Kamangka ora ana piwulang lan pamerdi sing enteng lan kepenak. Saiki ana sebutan generasi strowberi. Woh strowberi iku apik disawang, nanging kulite tipis, lan gampang rusak. Anak sing dimanja dening wong tuwa iku kayadene straberi uripe pancen apik disawang, nanging nalika ana momotan sing abot langsung remyek lan nyerah. Dene anak sing kaperdi bakal tetep bakoh netepi tanggungjawab uripe nalika dewasa. Amin. |*YTP
Rebo, 20 Agustus 2025 Minggu Limrah
Yeremia 25:30-38; Jabur 32; Lukas 19:45-48 PANGGONAN SUCI MALAH DADI SUSUHE MALING “Pangandikané: “Ing Kitab Suci ana tulisan: ‘Pedaleman-Ku kuwi omah pamujan,’ nanging panggonan suci iki kokdadèkaké susuhé maling” (Lukas 19:46) Upacara pengetan Kamardhikan Indonesia ing 17 Agustus 2024 wiwit ditindakne ing IKN. Taun-taun iki dadi mangsa transisi, pindah saka Jakarta sing sadurunge dadi ibukota negara, menyang ibukota negara sing anyar, IKN (Ibu Kota Nusantara) ing Kalimantan Timur. Ing satengahing bangsa, gedhong-gedhong pamarentahan, istana presiden, kantor kementrian, apa maneh gedhong DPR-MPR iku dadi papan sing luhur lan mulya, panggonane para abdine negara makarya amrih karaharjane bangsa. Ing umat sing ngabekti, papan sing disucekake iku ana ing ana ing greja, masjid, pura, vihara utawa papan suci liyane. Pangandikane Gusti Yesus ngelingake kita. Wiwit jaman kuno, papan sing disucekake kanggo ngabekti marang Gusti iku kerep digunakne kanggo prekara sing najis lan reged. Gusti Yesus nundhungi wong sing padha dodolan ing platarane Pedaleman Suci ing Yerusalem. Ora patut menawa wong sing golek dhuwit ngalang-alangi wong sing arep sembahyang. Nanging bolak-balik kelakon uga Komisi Pemberantasan Korupsi (KPK) ngonangi ana anggota dewan, utawa pejabat sing nampa suap, lan kena operasi tangkap tangan, ndadekne kantore lan omahe digledah kanggo nggoleki barang-barang bukti anggone tumindak korupsi. Kantor sing kudune kajen lan mulya, dadi nista amarga sing manggon ing kono tumindak korupsi. Tanah-air Indonesia iki dadi omah gedhe sing kudu dijaga supaya tansah resik lan mulya. Aja menehi wewengan disalahgunakne dadi susuhe maling. Candhi Hambalang ing Bogor tansah dadi pangenget marang kita kabeh, menawa maling dipasrahi mbangun iya bakale ora dadi, bangunan gedhe sing mangkrak iku melehake sapa wae sing mung mbangun tata lair, nanging lali mbangun kekarepan sing sedya leladi, jujur, tumemen, bener lan adil. Amin. |*YTP
Slasa, 19 Agustus 2025 Minggu Limrah
Yeremia 25:15-29; Jabur 32; Lelakone Para Rasul 7:44-53 NGLAWAN MARANG NABI LAN ABDINE GUSTI “Menapa wonten nabi ingkang mboten dipun aniaya déning para leluhur panjenengan? Para utusanipun Gusti Allah jaman rumiyin, ingkang sami martosaken bab badhé rawuhipun Abdinipun Pangéran, sami panjenengan pejahi. Lan samenika Abdinipun Pangéran sampun panjenengan tampik lan panjenengan sédani” (Lelakone Para Rasul 7:52) Dingati-ati, nalika kabeh wong padha seneng lan nampa, iku tegese malah ora madeg minangka nabine Gusti, kang medhar sabda pangandikane Gusti, mulangake urip sing bener, adil, suci, lan mulya. Ing kahanan sing ora bener, nabi tetep kendel melehake sing luput, memulang, lan negesi supaya mratobat lan ngadoh saka dosa. Ora ana nabi sing bisa disenengi kabeh wong. Malah wiwit saka jaman kuno nganti saiki, lumrah banget menawa nabi iku ditampik, dianiaya, malah dipateni. Ing jaman modern saiki, sing jarene ditata adhedhasar hukum, ngurmati hak asasi manungsa, lan siji lan sijine bebas mardhika urip manut miturut kaprecayan lan keyakinane dhewe-dhewe, apa iya para nabine Gusti isih dianiaya lan dipateni? Sapa sing madeg minangka nabi ing jaman modern saiki? Bangsa Indonesia padha karo negara modern liyane ditata kanthi misahake legislatif, eksekutif, lan yudikatif. Iki jenenge trias-politika, misahake kwasa lan kawenangane DPR, Pemerintah, lan Kehakiman. DPR gawe undang-undang, pemerintah nindakne, lan kehakiman sing njejegne menawa ana sing nglanggar. Linuwih tinimbang hukum sing digawe manungsa, dadi nabi iku martakne, nindakne, lan njejegake apa sing dadi dhawuh lan kersane Gusti. Samubarang sing adil, suci, mulya, bener, kasebut minangka kabecikan, lan patut dialembana. Padha karo para abdine Gusti, pasamuwan Kristen katimbalan dadi nabi sing tansah martakake sabda pangandika lan kersane Gusti. Ing kahanan nalika kaadilan njedhule kuwalik, lan kayekten kalah karo kadurakan, dadi nabi iku kudu sedya nampa panampik, pitenah lan panganiaya. Nanging rahayu sing setya tuhu dumugi wekasan. Sihrahmate Gusti kang bakal ngayomi lan nyantosakake para abdine, supaya jejeg dadi nabine Gusti, sanajan ngadhepi kahanan sing abot. Amin. |*YTP
Senen, 18 Agustus 2025 Minggu Limrah
Yeremia 23:30-40; Jabur 82; I Yokanan 4:1-6 TITIKANE ROHE ALLAH “Nanging kita iki para putrané Allah; wong sing wanuh marang Gusti Allah ngrungokaké tembung kita. Wong sing asalé ora saka ing Allah, ora ngrungokaké gunem kita. Iya mengkono kuwi titikané Rohé Allah lan roh sing palsu” (I Yokanan 4:6) Ngakoni menawa kita kaparingan Rohe Gusti Allah, lan urip manut miturut marang panuntune Sang Roh Suci iku dadi titikane menawa kita iku para putrane Allah. Pasamuwan dielingake dening Rasul Yohanes, supaya ngati-ati kanthi tansah nitipriksa lan nguji marang roh sing palsu, sing mung ngaku-aku menawa asale saka Gusti Allah, nanging malah ngapusi lan mblusukake. Ing swasana pengetan dina kamardhikan, becik menawa kita uga nguji lan nitipriksa wong sing ngaku-ngaku atas nama rakyat, kanggo kapentingan bangsa lan negara, jebul iku mung cara ngapusi kamangka sejatine kanggo kapentingane dhewe lan kulawargane. Para pangarsaning agama bisa nylewengke tembung “atas nama Gusti Allah” kanggo kapentingan politik, golek kwasa, lan golek bandha kasugihan donya. Mangkono uga politisi kudu dijaga supaya ora nylewengke tembung “atas nama rakyat” kanggo kapentingane dhewe. Kabeh tumindak lamis bakale kabukak. Sing nyimpen bathang bakale iya mambu. Bangsa kita nate kapusan milih pemimpin sing gayane merakyat, saka kulawarga biasa, seneng blusukan, sanajan dadi kepala daerah mriksa lan mlebu kalen. Jebul nalika wis wancine leren malah konangan iku kabeh mung pencitraan, sing dipikirke kalungguhan kanggo anak-anake kamangka durung cukup umur lan ora duwe pengalaman. Menawa marang partai politik sing ngusung awake wani mbalela, lan rumangsa jumawa bisa ngendaleni sakabehe amarga lagi nyekel kwasa, apa wong sing kaya mangkono iku bisa diprecaya? Saka tumindake, wong bisa nguji endi sing tumemen lan endi sing palsu. Tata urip rohani iku uga bisa dititipriksa bener orane, srana nyawang woh saka tumindake. Woh saka panuntune Rohe Allah iku kaslametan lan karahayon, dudu karusakan dan padudon. Amin. |*YTP
Ahad, 17 Agustus 2025 Minggu Limrah
Yeremia 23:23-29; Jabur 82; Ibrani 11:29-12:2; Lukas 12:49-56 RAWUHE GUSTI NUWUHAKE CRAH “Apa kokkira teka-Ku ing donya kuwi nggawa katentreman? Ora babar-pisan. Malah teka-Ku nuwuhaké crah” (Lukas 12:51) Ngrukuni iku lelawanan karo mungsuhi. Nalika ngrukuni sing becik, mesthi bakal lelawanan karo sing ala. Nunggil ing kumpulane wong mursid, bakal ngadoh saka kumpulane wong duraka. Ngudi katentreman iku mbuwang sakabehing kwasa sing ndadekake crah lan pasulayan. Apa sing dikersakake dening Gusti Yesus nalika paring pangandika, menawa anggone rawuh iku nuwuhake crah, dudu katentreman? Gusti Yesus iku Ratuning Tentrem Rahayu. Ing pasemon wong Samaria sing kebak sih lan kawelasan, dicritakne wong Samaria iku ngrumati lan ngopeni wong Yahudi sing kelaran ngglethak ana pinggir dalan. Bandhane dibegal lan awake dipilara. Critane mesti beda, menawa nalika wong Samaria iku liwat, begale isih ana lan nganiaya kurbane. Bisa kelakon wong Samaria iku kudu mbela awake dhewe, nganggo pedhang nglawan begal sing nganiaya. Ana unen-unen basa Latin, si vis pacem parrabelum: Supaya damai, kudu sedya perang. Ora bakal ana tentrem rahayu menawa sing kwasa iku durangkara. Kudu dilawan, kudu ngangkat pedhang! Dina iki bangsa Indonesia mengeti 80 tahun kamardhikan. Kamardhikan iku dadi sarana anggone mujudake bangsa kang berdaulat, adil, lan makmur. Yen biyen sing dilawan penjajah, saiki ganti bangsane dhewe sing srakah, nglumpukake kasugihan kanthi cara sing nglanggar hukum, lan ndadekake kasangsaran rakyat akeh. Tumindak KKN iku kudu tansah dilawan, dimungsuhi, lan dibuwang adoh supaya bisa mujudake masyarakat adil lan makmur. Ora bener yen sing ngasta kalungguhan lan kwasa malah kolusi nyugihne golongan lan kanca-kancane dhewe. Iki kudu dibongkar! Iki kudu dilawan! Marang praktek KKN sing isih wae ana, kita kudu gawe crah, utawa tentrem rahayu sing ana iku mung ngapusi. Amin. |*YTP
Setu, 16 Agustus 2025 Minggu Limrah
I Samuel 6:1-16; Jabur 82; Mateus 24:15-27 TANSAH SEDYA MAPAG RAWUHE GUSTI “Sebab kaya déné gebyaring kilat saka ing Wétan, padhangé cumlorot tekan ing Kulon, kaya mengkono mbésuk bakal rawuhé Putraning Manungsa” (Mateus 24:27) Akeh kedadeyan gedhe sing ujug-ujug ngowahi tata urip donya. Bom atom ing Hiroshima lan Nagasaki saknalika ngendeg perang ing Asia Pasifik, lan Indonesia bisa ngumandhangake proklamasi kamardhikan 1945. Papat mahasiswa universitas Trisakti sing ditembak sniper dadi geni sing ngobong mahasiswa nganakne demonstrasi, njalari lengsere Presiden Suharto ing wulan Mei 1998. Kedadeyan iku ora ujug-ujug kelakon. Bangsa Indonesa precaya menawa pakaryan sihrahmate Gusti marengake bangsa Indonesia dadi mardhika, lan ngganti peprintahan lawas srana reformasi ing tahun 1998. Menawa ing sejarah bangsa lan donya kita kudu tansah awas lan siyaga marang owah-owahan sing ana, apa maneh anggone kita bakal mapag rawuhe Putraning Manungsa! Sikep setya lan sedya nganti-anti rawuhe Gusti Yesus kang kaping pindhone iku ngatag kita supaya tansah jumaga, ing pandonga, lan nitipriksa kahanan sing owah-owah iki kacundhukake karo apa sing dadi dhawuh lan kersane Gusti. Lumrahe saben malem pitulasan, ana tirakatan kanggo bebarengan ndedonga, ngrasak-ngrasakake peparing kamardhikan bangsa Indonesia, lan mujekake pandonga panyuwunan amrih karaharjan lan karahayone bangsa, bisa lestari salawase. Sokur dene ing pengetan 80 tahun kamardhikan ing tahun 2025 iki bangsa Indonesia tetep nunggil, rukun, lan santosa. Kita nyekseni sepuluh tahun iki paprangan antarane bangsa karo bangsa, malah ing antarane bangsane dhewe golongan siji lan sijine padha paten pinatenan, rebutan kwasa lan kalungguhan mimpin bangsane. Sedya mapag rawuhe Gusti iku tansah nyuraos lan nitipriksa apa sing dadi kersane Gusti, kaadilan lan kayekten, kasetyan lan karahayon, mengku lan ngayomi, supaya kamulyane Gusti tansah cumlorot ing bangsa lan negara kita. Gusti tansah makarya, tandha-tandha jaman wis cetha, mugi kita tansah sedya lan siyaga. Amin. |*YTP
Jemuwah, 15 Agustus 2025 Minggu Limrah
I Samuel 5:1-12; Jabur 82; Ibrani 10:32-39 SINAU SABAR NGLAKONI KERSANE ALLAH “Supaya bisa nglakoni kersané Allah lan nampani apa sing diprasetyakaké, kowé kudu sabar” (Ibrani 10:36) Samubarang kabeh iku ana mangsane. Para kadang tani klebu pinunjul ing kasabaran, anggone ngarep-arep winih sing ditandur, lan tegalan sing digarap bisa nukulake taneman, dirumati sawetara mangsa, nganti tekan mangsa panen. Mangkono uga wong sing ngopeni ingon-ingon, iya saka pitik bebek manuk nganti wedhus kebo lan sapi sinau sabar supaya khewan sing diingoni dadi gedhe, ngendog utawa manak, lan mengko bisa didol lan kena kanggo nyukupi kabutuhan liyane. Para kagungane Gusti dituturi, supaya kudu sabar supaya bisa nglakoni kersane Allah lan nampani apa sing diprasetyakake. Sabar iku ora mung meneng lan nunggu, nanging setya ngrampungi apa sing dadi pegaweyan lan kuwajibane. Sikep sabar iku katujokake marang wong liya, sing ora netepi kuwajibane, lan ngalang-alangi wong liya sing luwih sregep ora bisa maju. Gusti Allah sing bakal ngelingake, lan ngganjar saben wong manut miturut panggawene dhewe-dhewe. Kita ora prelu melu-melu ngakimi, apa maneh nepsu marang wong liya sing cidra. Pasamuwan sing nampa surat Ibrani nembe nempuh kahanan sing abot, barange dirampas, dicecamah lan dipilara. Menawa bales nglawan malah bakal disirnakne, sing bisa ditindakne mung nampa lan nganti-anti pitulungane Gusti. Wohe kasabaran iku tumemen, lan tumemen ngawohake precaya, sing bakoh lan tahan uji. Pasamuwan Kristen ing satengahing bangsa Indonesia kahanane luwih begja tinimbang pasamuwan sing nampa surat Ibrani. Sabar iku ora males, utawa ngakimi lan ngukum marang wong liya sing tumindak cidra. Ana hukum negara sing mbelani kita, lan luwih tinimbang iku Gusti Allah uga njaga lan mbelani kita sing padha sabar lan setya ngestokake dhawuh lan kersane Gusti. Amin. |*YTP
Kemis, 14 Agustus 2025 Minggu Limrah
Yusak 7:1,10-26; Jabur 82; Ibrani 10:26-31 PIWELING MARANG SING NJARAG GAWE DOSA “Sebab samasa pawartané Gusti Allah wis kaparingaké marang kita, mangka kita padha njarag gawé dosa, kuwi kurban apa waé wis ora bisa mbirat dosa mau” (Ibrani 10:26) Bobot panerake wong sing ora ngerti lan gawe dosa iku cetha luwih entheng tinimbang wong sing ngerti nanging tetep wae njarag gawe dosa. Yen ing pengadilan militer, utawa kedinasan, menawa tumindak pidana ukuman saka hakim iku ditambahi luwih abot tinimbang menawa sing diadili iku warga sipil. Amarga prejurit lan pegawe sing ngasta kalenggahan ing dines iku kudune luwih ngerti, lan dadi tuladha marang wong liya sing ora duwe kalungguhan. Dadine ora isa ngeles mbela awake dhewe menawa ora ngerti, utawa lali amarga khilaf. Menawa ing pengadilan donya wae wis ditata kaya mangkono, apa maneh ing pangadilane Gusti nalika ngadili umate! Sing kojur iku nalika sing dipasrahi njaga omah malah dadi maling. Lan iku gambarane koruptor. Buruh, tani, dagang, utawa pegawe cilik ora bakal bisa tumindak korupsi. Sing bisa korupsi iku mesthi nduwe kalungguhan, kwasa mranata lan netepake anggaran dana sing gedhe, sing kudune kanggo karaharjan wong akeh, nanging ditilep lan dienggokne kanggo nyugihke awake dhewe, utawa kanggo kapentingane dhewe. Kudune sepisan konangan, wong wis ora precaya maneh. Nanging aneh, ing negara kita saben pemilihan umum tetep wae ana calon-calon sing sadurunge nate dikunjara amarga kabukti tumindak korupsi. Ati sing wedi asih marang Gusti bakal njaga supaya sanajan ana wewengan, nanging ora njarag nggawe dosa. Nanging nalika sing ngarep malah menehi contho sing elek, sapa sing bakal tahan tetep njaga urip sing resik lan suci? Pangapurane Gusti tansah sedya marang wong sing mratobat, nanging iku mung katujokake dudu marang wong sing njarak nggawe dosa. Amin. |*YTP
