+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jemuwah, 22 Agustus 2025 Minggu Limrah

II Babad 8:12-15; Jabur 103, 1-8; Lelakone Para Rasul 17:1-9

NGADHEPI RERUSUH LAN ONTRAN-ONTRAN

Weruh wong akèh padha dadi Kristen mau, wong-wong Yahudi padha panas atiné. Nuli padha nglumpukaké wong glandhangan supaya gawé ontran-ontran, nganti sakutha kabèh gègèr. Wong-wong mau padha mlebu ing omahé Yason, sing dipondhoki Rasul Paulus lan Silas, padha nggolèki Rasul Paulus lan Silas,

arep diladèkaké marang kumpulané warga kutha

 (Lelakone Para Rasul 17:5)

Endi sing luwih gampang, gawe gegeran rerusuh lan ontran-ontran, utawa mbangun patunggilan sing waras, santosa, lan migunani ing tata urip bebarengan? Saben-saben kita krungu ontran-ontran sing ora dirancang  nanging dadi gegeran. Ana bocah padu dadi tawuran. Ana status sing viral ing medsos dadi demo sing rusuh, ana mobil nabrak wong akeh padha nglumpuk lan ngrusak mobil sing nabrak kamangka ora cetha kedadeyane lan sapa sing salah.  Nalika wong luwe, ora nduwe dhuwit, lan nganggur, gampang wae diajak melu demo lan didadekne rusuh. Apamaneh menawa sing kanggo ngobong wong akeh iku prekara agama. Yason sing omahe dipondhoki dening Rasul Paulus lan Silas disalahke lan kudu mbayar dhuwit dhendhan, kamangka sing gawe rusuh lan ontran-ontran iku dudu dheweke.

Menawa tumindak sing bener bisa disalahke, apa maneh nalika tumindak sing salah. Mulane urip bebarengan iku kudu ngati-ati, njaga lan ngengon wong liya supaya aja nganti serik, lan gawe ontran-ontran kanggo nyilakani. Lumrahe wong rusuh iku ora wani adhep-adhepan ijen. Wanine yen ana kancane akeh lan dadi gerombolan, sanajan durung mesthi ngerti prekarane gampang diobong lan diapusi nganggo pawarta sing goroh lan ora cetha.

Prekara SARA (Suku, Agama, Ras, Antar golongan) isih tetep gampang digawa dadi rerusuh lan ontran-ontran ing satengahing bangsa. Wong sing pinter mesthi bakal nitipriksa lan negesi luwih dhisik. Nanging akeh sing kegawa nepsu lan tumindak ngakimi liyane tanpa nanjihke prekarane luwih dhisik. Golongan iki sing kudu dijaga. Rukun agawe santosa, becik ketitik ala ketara. Uripe pasamuwan ing satengahing masyarakat sing beda-beda agama lan kaprecayane katimbalan mbangun paseduluran sing rukun lan tresna-tinresnan. Amin. |*YTP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *