+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 23 Agustus 2025 Minggu Limrah

Nehemia 13:15-22, Jabur 103:1-8, Lukas 6:1-5

PUTRANE MANUNGSA LAN ADAT PIWULANG AGAMA

Gusti Yésus banjur ngandika: “Putrané Manungsa kuwi

sing kagungan dina Sabat.” 

(Lukas 6:5)

Gusti Yesus kagungan panemu sing beda karo wong Farisi sing rumangsa dadi guru Toret ing antarane bangsa Yahudi. Wong Farisi iku nampa Halakha, yaiku 613 pranatan sing dikumpukne saka piwulange para Rabi Yahudi. Menawa Toret iku Hukum sing diparingake lantaran Nabi Musa, Halakha kerep diarani minangka Hukum Yahudi.  Nalika Gusti Yesus diwelehake para wong Farisi amarga para sekabat padha nyethuti wulen gandum lan dipangan ing dina Sabat, Gusti Yesus ngandikakake anggone Dawud lan prajurite padha mlebu Pedalemane Allah lan mangan roti saosan sing ana ing kono. Para sakabat ora bisa diluputake, amarga “Putrane Manungsa kuwi sing kagungan dina Sabbat”. Mangkono pangandikane Gusti Yesus, lan wong Farisi sing kewanen melehake meneng lan mingkem ora bisa nutuh maneh.

Padha agamane, beda golongane wis beda panemu. Kamangka Kitab Suci lan sing dienut padha. Apa maneh nalika beda agama lan kaprecayane. Prenatan angger-angger bab dina Sabat iku kaparingake kanggo mranata dina sing disengker kanggo ngabekti marang Gusti. Kleru gedhe pranatan agama mung kanggo nggoleki kaluputane liyan, ora kanggo ngabekti marang Gusti.

Piwulang agama apa wae, apa maneh sing mulangake pranatan apa sing kudu ditindakne lan apa sing ora oleh ditindakne itu mung carane manungsa nampa, ngantepi, lan nglakoni apa sing dadi dhawuh lan kersane Gusti. Iku dadi adat agama, nanging dudu Gusti. Sing kudu luwih dibekteni lan disumuyudi iku dudu adat agama. Sing suci lan mulya, bener lan ora bisa salah iku Gusti Allah, sing mbabar ing urip kita ing pakaryane Putrane Manungsa, iya iku Gusti Yesus Kristus. Amin. |*YTP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *