Yesaya 58:9b-14; Jabur 103:1-8; Ibrani 12:18-29; Lukas 13:10-17
WIS NESU KAMANGKA KLERU
“Nanging kocapa, kepalané sinagogé kono nepsu banget, jalaran Gusti Yésus marasaké wong ing dina Sabbat. Kepala sinagogé mau muni-muni marang
wong-wong sing ana ing kono: “Ana nem dina kanggo nyambut-gawé.
Padha tekaa ing dina-dina kuwi. Aja ing dina Sabat”
(Lukas 13:14)
Wis wani nepsu kamangka kleru iku mung ndadekne kisinan. Sokur menawa ngrumangsani, ngakoni, lan gelem mratobat. Nanging cilaka sing sanajan wis ngerti menawa kleru, tetep wae wangkot ora gelem ngesorake awake ing pengaken lan panelangsa. Lumrahe wong ing nepsu iku rumangsa wis bener, dene sing dinesoni iku salah gedhe. Yen jaman saiki, wong sing kaya mangkono iku gampang wae diviralke. Yen isih waras mengko iya kepeksa nggawe video ngakoni menawa wis tumindak salah lan njaluk pangapura. Nanging lumrahe wong sing kepeksa ngakoni salah biasane ora tulus.
Jane kepalane sinagoge iku wong sing nyekeli piwulang ing Halakha, nyucekake dina Sabbat iku ora oleh nyambut gawe apa-apa. Nanging dheweke kleru nalika ngarani pakaryane Gusti Yesus marasake wong wadon sing wolulas tahun wungkuk amarga kepanjingan dhemit iku dipadhakne karo nyambut gawe. Bisa uga tumindake amarga katut karo golongane wong Farisi , para imam lan pinituwa sing serik amarga Gusti Yesus memulang kanthi kwasa, lan nindakne akeh pakaryan mukjijat saka Gusti. Wong serik iku pancen cedhak karo tumindak nepsu.
Beda karo nepsu sing ndadekne kisinan, wong-wong liyane sing padha weruh lelakon ngeram-ngeramake sing ditindakne dening Gusti Yesus iku padha bungah lan ngluhurake Gusti Allah. Wohe tumindak becik iku kabungahan. Lelawanan karo wohe hawa nepsu malah dadi kewirangan. Dadi kepala iku kudune nimbang-nimbang luwih akeh, luwih sabar, lan luwih wicaksana. Menawa sembrono amarga nuruti nepsu urusane dawa, dadi rembugane wong akeh, dirasani lan kelangan urmat saka wong liya. Mekak ilat iku cara supaya kita ora keladuk nglairake tembung sing kleru, lan diadohake saka nepsu. Amin. |*YTP
