+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 25 Agustus 2025 Minggu Limrah

Yehezkiel 20:1-17; Jabur 109:21-31; Ibrani 3:7-4:11

ENGGALA MRATOBAT, AJA WANGKOT

Mulané kaya pangandikané Sang Roh Suci: “Ing dina iki, menawa kowé

padha krungu dhawuhé Allah, kowé aja padha mangkotaké atimu, kaya

para leluhurmu biyèn pada mbaléla marang Gusti Allah, yakuwi nalika

padha ana ing pesamunan, padha nyoba marang Gusti Allah

(Ibrani 3:7-8)

Lelampahane para leluhur bangsa Israel bisa tansah dadi pasinaon, supaya ora mbaleni kaluputan sing nate katindakake dening para leluhur, lan bisa urip minangka umate Gusti, mlebu ing palereman kang wus disamektakake dening Gusti. Manungsa iku pancen ngemu cidra, nduwe kekurangan, lan bisa tumindak salah lan dosa. Sokur dene sihrahmate Gusti Allah iku tansah paring pangapura marang sapa  sing mratobat,  ngakoni lan nelangsani kaluputane.

Pangandikane Gusti, “Enggala mratobat, aja wangkot”. Wong sing isih wae golek-golek alesan ora gelem mratobat iku ateges isih mangkotake atine, lan nutup pakaryan sihrahmate Gusti Allah sing paring pangapura, ngresiki atine lan nganyarake uripe saka momotan lan bebendhune dosa. Ana sing ora gelem ngakoni kaluputane amarga gengsi. Ana sing nalika diwelehake malah ngendha lan ngomong menawa liyane iya tumindak luput lan ora apa-apa. Iku tegese atine pancen isih wangkot, atos, isih adoh saka pamratobat.  Ana uga sing ngakune wis mratobat, nanging tetep terus tumindak sing miturut pengakune iku salah lan ala. Kepiye menawa ngadhepi wong wangkot sing kaya ngene?

Urip Kristen iku mahargya pamratobat saben dinane. Sang Roh Suci saben-saben mituturi lan nuntun supaya kita sangsaya mundhak ing sihrahmate Gusti. Nalika kita wis rumangsa uripe wis apik lan bener, kita wis mandeg lumaku ing dalane pamratobat. Apamaneh melu ngakimi lan ngukumi pepadha sing dianggep salah. Saben kamulyane Gusti madhangi urip kita, kahanan sing peteng, jember lan nista bakal sumorot lan ndadekne kita ora liya kejaba sujud jengkeng, ing pengaken lan panelangsa. Aja ngakon wong liya mratobat.  Sumangga pamratobat iku diwiwiti saka awake dhewe, ing dina iki uga. Amin. |*YTP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *